Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 49 —

Liya taun gambare banjur bisa omong. Ora antara lawas ing kutha Sala ana radio; zendhere aran zendher Sri, manggon ana daleme Kanjeng Pangeran Suryoamijoyo. Sijine zendher Nirom, manggon ana Balapan. Ing sadurunge ana radio, wong kang kecukup panguripane padha ngingu gramaphoon.

Bareng Republik anane gambar idup tambah 4, ya iku: U. P. Dedi, Srikaton lan Star, Gambar idup Purbayan diganti aran "Indra". Wong kang ngingu radio prasasat saben omah duwe, nganti tekan padesan.

Kabudayan seni ya maju kanthi rikat (pesat) Rontonan Srandul, tabuhane trebang karo angklung, ora mbarang maneh mrana² turut kampung. Olehe main ana gedhung/panggung) banjur ganti jeneng Setambul Jawa. Suwene-suwe diganti aran kethoprak nganti seprene iki. Sandiwara, wayang wong ya tambah, senajan ta wujud barangan lurugan saka liyan daerah. Uga jumedhule Orkes maneka warna arane.

  1. Omah² ing pakampungan kang maune pagere gedheg akeh kang disalini tembok: payon atep disalini gendheng, dadi omah gedhong. Ana kang gagrag lawas, ana kang wangunan anyar/moderen, kang sinebut "Loji".

Ing antarane taun 1912-1913 kuta Sala ketrajang ambah²an pes. Akeh wong mati saka lelara iku. Pedunung kang kula wargane mati jalaran lara pes, padha diungsekake menyang omak kang wis disedhiyakake, kang aran "barak". Wong² mau jeneng "dibarak". Pangane di cadhong dening Pamarentah.

Miturut panemune para Dokter lelara pes iku wijine saka pinjale tikus. Awit saka iku Pamarentah ndhawuhake, para pedhunung supaya mateni tikus, kang ketemu ana ngendi bae. Bathange supaya diobong. Buntute didhawuhi ngladekake menyang kaonderan kacamatan kang mbawahake. Sapira ladene buntut diparingi dhuwit minangka pituwase anggone tumindak nggobyak tikus kalayan temenan.