Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 47 —

kangen temen wak mami, buron kang sabeng rikma, tumonen sliramu nggonku brangta nganti lama, kongsi raga kawala ndaleming, mring kang mindha kusuma.

Ga. Gagrag peken ingkang pegat mergi, nora wurung sira katutugan, mitran lan ingsun sajege, dhuh nimas sarung jagung nadyan abot kula kadugi, anggere sira lega, pun kakang angugung, mung aja sugih wiraga, iku nora pantes sinebut wong sugih, syukur munggah suwarga.
Ba. Babu priya timbangane bibi, eman temen sira ana jaba peksi rawa mimba bebek, wis ayo padha mlebu, sariramu ngagema klambi, patut sembagi kembang, sarea njero klambu, kemulan jarik amba, sun kepyuri kembang regulo lan gambir, dimen angganda ngambar.
Tha. Ninthing ninthing adhine wong ninthing, astanira nggandewa pinenthang, widhanganira andhetheng, athi-athinya nylekenthung, sinomira pating clakenthing, wela² tur cetha neng dhuwuring bathuk, angagem kebayak pethak, teka pantes cundhuke sekar melathi, kadya putri Wiratha
Nga. Ngegla cetha cahyamu mblerengi, lathinira lir manggis karengat, nyangkal putung uwange, pantes lamun mbesengut, idepira tumawang langit, manise yen tumenga, lamun thenguk tenguk, janma kang sami uninga, pan sadaya kang ndulu sami kepengin, kudu ngajak sandhingan.


——oo0O0oo——