Menyang kontèn

Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 37 —

awujud manuk jalak gadhing cacah loro, kang dadi pituduh dalan, supaya lakune ora kesasar.

Dene wujude jalak mau sesa2 pandulune kang diweruhi. Ana wong nerangake, ulese manuk jalak ijo, cucuke kuning, nganggo jamang kuning Seje wong ngandhakake ulese jalak putih Anane R M. Sutarto kagungan tekad lelana munggah ing Gn. Lawu, saka kepencut dedongengane kaanan ing sakubenge kang dingandikakake dening keng ramane R. M H Dipaningrat. Mungguh dedongengane kaanan ing sakubenge Gn. Lawu terange kaya ing ngisor iki.

Nalika kang jumeneng Nata Ingkang Sinuhun Paku Buwana kang kaping IX, kaanan kang tinemu ing wewengkone Gn. Lawu isih akeh papan kang aneh2 lan gawat, nganti ora kena dinalar, kaya ta:

I. PABLENGAN

Tinemu ing sikile Gn. Lawu kang iring kulon. Ing kono ana sendhange cacah 6.

  1. Sendhang Pablengan, banyune ngemu uyah, kena digawe cethithet, rasane asin. Pigunane kanggo mbanyoni gawe puli, legendhar, gendar lan sapepadhane.
  2. Sendang banyu Mati lan banyu Urip. Sendhang banyu Mati, yen dicawuk banyune anyep Dene banyu urip, banyune anget. Kaelokane upamane pitik urip ditungkulake. Sendang banyu Mati, pitik sanalika bisa ma ti; nanging yen banjur ditungkulake Sendhang banyu urip, pitik mau sanalika bisa urip maneh. Mangkono uga kang awujud obor murub mulad2. Yen ditungkulake ing Sendhang banyu mati, urube geni bisa mati pet. Nanging yen tumuli ditungkulake ing Sendhang banyu Urip, genine bisa murub makbel makantar-kantar.
  3. Sendhang pasiramane bangsa luhur, banyune anget, kena kanggo kungkum wong lara apa bae. Sajrone 3 dina mesthi saras.