Kaca iki wis divalidasi
— 32 —
Ing ngarep wus katerangake, menawa wektu samana kaanane wong2 pakampungan atine padha nrima, ora ngangsa. Mula uripe iya padha tentrem. Yen pinuju mangsa ketiga lan pinuju padhang bulan wong2 pakampungan seneng padha dolan sanja menyang omahe tangga teparone kang dianggep duwe kawruh.
Tekane ing kono banjur linggihan nggelar klasa ana latar. Wedangan pacitane pohung godogan. Kaanane sanjan kaya mangkono iku wis kaanggep kanikmatan ing uripe. Dene kang dirembug kajaba crita lan dedongengan, kadhang kala uga pirembungan kang isi kawruh kang migunani tumrap masyarakat. Kang duwe omah miwiti rembugan bab ala becike petung kanggo nikahan, tetakan, ngedegake omah lspne. Terange kaya mengkene:
- Wataking sasi.
- Duwe gawe sasi Sura, ora becik: sugih utang.
- „ „ „ Sapar, ora becik; nemu piala.
- „ „ „ Mulud, ora becik: mati salah siji.
- „ „ „ Rabingulakir ora becik sok padudon
- „ „ „ Jumadilawal, sok kwirangan
- „ „ „ Jumadilakir, sugih bandha.
- „ „ „ Rejeb, becik sugih anak lan bandha.
- „ „ „ Ruwah, becik nemu raharja.
- „ „ „ Pasa, ora becik nemu duraka,
- „ „ „ Syawal ora becik tansah lara.
- „ „ „ Sela, ora becik tansah susah.
- „ „ „ Besar, becik sugih bandha.
- Wataking dina lan sasi kanggo tempuke gawe.
- Rahayuning sasi Sura ana dina Rebo lan Kemis. Sarjuning sasi dina Jumuwah. Sangaring sasi pasaran Legi
- Sasi Sapar kaya sasi Sura.
- Rahayune sasi Mulud ana dina Jumuwah. sarjuning Sasi ana dina Setu lan Akat. Sangaring sasi pasaran Legi.