Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 28 —

Dina Bakda ing kraton dianani pasowanan gedhe. Watara jam 5 esuk wus keprungu unine gamelan kodhok ngorek, kang di tabuh ana Setinggil. Lan unine gamelan carabalen kang katabuh ing daleme para abdi-dalem Bupati. Suwarane umyung agawe regenging praja. Watara jam 7 esuk gamelan kang ditabuh ana ing daleme para Bupati padha dipikuli, digawa menyang alun2 Lor. Turut dalan ditabuh, gendhinge carabalen, munggang. Lakune gamelan kanthi diurung-urung abdi dalem Panewu lan Mantri, krerehane Bupati kang kagungan gamelan. Satekane ing alun2 gamelan mau kapapanake ing omah2an blak2an apayon seng. Turut tritis dipasangi plisir gula klapa (merah putih) Omah mau diarani "pagongan". Dene mapane pagongan Lor ringin-kurung kang Wetan, ana Gladag ngarep Beteng. Menawa pisowane Kanjeng Gusti Mangkunegara, Pepatih dalem, Tn. Gubernur ngliwati pagongan mau, gamelan ditabuh munggang, minangka kanggo pakurmatane. Watara jam 9 esuk titihan dalem gajah aran mBok Rara Saat dipaesi. Ing gegere ditumpangi slebrak bludru diblundir benang emas. Dicencang ing balok gedhe saka kayu jati kang ditancepake jero lemah, aran wantilan. Dununge kaprenah sakidul wetane gapura Masjid gedhe. Lakune mBok Rara Saat saka kandhange ing kampung Gajahan tumekane alun2 Lor kanthi diarak (ditutake) para abdi dalem srati, kang menganggo dodotan, klambi sikepan gedhe, kulukan. Penencange gajah mau sikile ditaleni rante gedhe oleh wantilan.

Kaprenali lor stamplat Bemo ing alun2 Lor dhek semana ana bangsal gedhe blakan. Yen Bakda kanggo papan palerenane kreta titihan dalem Kyai Garuda Kencana, Kreta iku katarik jaran teji cacah papat. Kusir, kenek manganggo pantalon pameran (bakdan), sumadhiya ana bangsal kono. Bangsal iku diarani bangsal pakretan. Titihan dalem jaran dipakehi nganggo ebek2an, slebrak bludru sinulam benang emas, Katuntu para abdi dalem gamel menganggo dodotan, klambi sikepan gedhe kulukan, Manggon ing bangsal payon seng, kaprenah lor - saiki kantor pulisi- aran Bangsal Pandengan.