Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 51 -

umum, aran Zieken Zorg. kang saiki aran Rumah Sakit Pusat (RS. U.) ing Surakarta Kang mondhok lara ing kono uga lelahanan (ora susah mbayar), waton manggon ing Zaal.

Ing kampung Pajang diyasani omah kanggo nglumpukake wong miskin, murih ora ngemis ing dalan2, Pangan lan sandhang diparingi pemerintah. Wong2 miskin kang diklumpukake mau padha diperdi makarya gawe kesed, sapu, klasa, Ilne. Dene omah mau diarani "Wangkung".

Bareng Pamarentah Republiek Kutha Sala akeh kemajuane Omah2 ing pekampungan nganti tumeka ing padesan akeh kang diwangun loji. Yen disawang katon peni. Pekarangane katon resik2 Dalan2 gedhe utawa dalan ing pekampungan diambakake. Pamrihe ora agawe pakewuh marang tetunggangan kang padha simpangan,

Rumah Sakit jiwa Mangunjayan kang maune durung bacik wangune omah, banjur dibecikake nganggo wangun gagrag anyar. Ing Jebres diyasani rumah sakit kanggo mitulung wong2 cacad tugel tangan utawa sikile. Rumah sakit mau aran "Rehabilitatie Centrem", kacekak: R. C. Ing desa Jajar diyasani rumah sakit kanggo nambani wong lara paru2 Kajaba rumah sakit. ksb. Ing dhuwur akeh polikliniek2 kang manggon ing kampung2 utawa ing desa2. Kabeh2 iku kanggo aweh kemayaran marang rakyat sing mbutuhke pitulungan.

  1. Wiwite kutha Sala arep reja.


Bareng bengawan Sala ing Bacem lan ing Jurug dikreteg, kutha Sala katon wiwit arep reja. Lakune wong dodolan saka padesan kepenak, ora nyabrang nunggang pareu kaya sadurungana kretege Mangkono uga wong dodol kang saka bagean lor Ya iku kang saka Sima, Kaliasa padha liwat Kalianyar, kang uga wis ana kretege, gawe rejane Pasar Legi, kang banjur didandani kaya kang tinemu ing saiki. Wiwit iku wongdodolan kang padha dodol ing Pasar Gedhe saya akeh.