Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 12 —

 Ana maneh sekolah lanjutan aran : Kweekschool, dumunung ing kampung Bathangan. Iki tekan klas III. Emane sekolahan iki ora bisa widada. Saka murid²e kerep tukaran karo putra Pangeran2, banjur ditutup, dielih menyang Magelang, wusanane dielih maneh menyang Ngayogyakarta.

 Dhek biyen bocah lanang wadon padha wedi disekolahake. Dadi cacahe bocah sekolah ya ora akeh. Kang gelem sekolah tumindake ora sregep, kerep ora mlebu utawa mbolos.

Sandhang penganggo.

 Bocah wadon kang wis nggarap sari, penganggone jarikan sabuk-wala nganggo rangkepan, kembenan cathokan kang diarani mekak Ora kena lunga saka ngomah yen ora karo wong tuwane sedulure lanang kang wis gedhe.

 Saben dinane bocah wedok kang wis prawan gedhe, kejaba mbatik dikon olah2.

 Bocah wadon kang durung nggarap sari, penganggone iya ja- ritan sabuk wala, tanpa rangkepan lan ora mekakan.

 Sedinane ora dipethes ing pegawean. kejaba mung dolanan karo bocah2 barakane Mungguh dolanan kang dadi kesenengane : mantenan, pasaran, dhakon kecik, mbar suru, mbar jenthik lsp. Yen mbeneri padhang bulan padha dolanan jamuran gobag sodor, gobag bunder, cublak2 suweng, gula ganthi llne.

 Bocah lanang kang durung tetak, jaritan sabut wala kincong Ana kang sarungan tanpa kupluk Bocah pekampungan yenan, ana ngomah padha kathokan, saka mekao utawa mori. Potongane kathok kaya kathok saiki.

 Perlu diterangake tetake bocah2 jaman biyen iku wis padha gedhe2. Terkadang wis jaka gedhe lagi tetak. Bocah jaka kang wis bubar tetak padha ngingu rambut nganti dawa, kaya lumrahe wong wadon jaman saiki. Padha cundhuk jungkat saka penyu kembang. Rambute digelung, utawa diplinter, njur digubedake ing jungkat.