Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 11 —

 Sarene iya ana ing jogan, digelari klasa ditumpang kasur di aling2i warana cilik. Panyimpene barang2 lumrahhe ana ing grobog (pethi kayu, dhuwur lan gedhe banget). Wong-wong sing kecukup lan priyayi luhur panyimpene barang2e ana ing benet, kang nganggo cundhuk pepethan naga sakembaran adu sirah, diukit diprada.

 Duk rikala semana sekolahan dirung ana Wiwit ana sekolahan, bareng kraton tetep dijajah dening Walanda, ya iku ing wiwitane abad 19 (sangalas). Singana mung ing kutha2. Mundhak tau anane saya mundhak, nanging ya durung sepira akehe.

 Ing kutha Sala dhek semana durung akeh sekolahan. Sekolahan kanggo rakyat umum aran sekolahan angka loro. Sing diwulangake : maca, nulis, etung2, ngelmu bumi, basa Jawa lan basa Mlayu, kang saiki dadi basa Indonesia Sekolahan iki maune mung tekan klas III. Banjur ditambahi 1 (siji) klas, dan, kratonan, lan Kepatihan.

 H.I.S cekakan saka : Holandsch Inlandsche School. Disedhiyakake kanggo putra-putrane para pegawai Negeri, sing wis cukup akeh blanjane. Wulangane kajaba kaya kasebut ing sekolahan angka loro, nganggo tambahan basa Walanda lan aksara Arab gundhil. Maune tekan klas V. Wekasane ditambah tekan klas VII (pitu).

 Sajajar kari H. I. S. kanggo putrane para abdidalem Nata lan para luhur, aran : Sekolahan Kasatriyan.

 Dene anak2 Walanda lan bangsa manca liyane ana sekolah ane dhewe aran; ELS (Eropeesche Lagere School), mligi mulangke basa Landa.

 Sekolahan2 kasebut ing dhuwur, tumprape saiki atingkat Sekolah Dasar Ana sekolahan lanjutan, aran MULO (mulo) cekakan saka ; Meer Uitgebreid Lager Onderwijs dumunung ing kampung Kusumayudan.