Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 44 —

KASENENGANE BOCAH JEJAKA

Ing jaman semana keh²e bocah jejaka kang wis mepek birai, kang dadi kasenengane padha maguru golek kawruh bangsane jaya kawijayan, pengasihan lspne. Uga akeh kang seneng pasang susuk mas, suthang samberlilen lasp. Kang sugih, susuke barlean, dilebokake ing sajrone kulit rai Paedahe agawe sumorote cahyane, kang agawe kepencute wanita kang andulu.

Dene kang masangake susuk mau wong tuwa kang duwe ngelmune. Awit lumebune barang kang digawe susuk mau dicublesake ing kulit, nanging ora krasa lara. Yen ana jejaka nandang wuyung marang wanita, saben mapan turu ing wayah bengi, kerep ura-ura tembang dhandhang gula kaya ing ngisor iki:

Ha. Asarkara teka amimbuhi, kusumayu agawe wiwaha, gandes luwes sasolahe: gandrung² linuhung, lurah lereh tan nyuwarchi. Sinawang saking tebihan, lir sotya satuhu, gumebyar lir lintang johar, gilar² cahyane teka nelahi, patut sun ngawulaha.
Na. Nimas ayu kang milangoni, buron arum kang sabeng wana yen panggih sun arasane; sumber gung ngisoring gunung, wreksa langking sisaning agni, yen lega pinareng. na pun kakang memanut darapon lega kang manah, su- rayeng latri wong manis sun kawulani, sun adhepi saben dina.
Ca. Ciptaning tyas mung sira wong trincing, kalakona gegan dhengan kunca, runtut lir sekar rinonce: kenceng kadya den ancur. rerapeta kadi kinunci, pun kakang nora oncat malah nedya nedya mbacut; dhuh kusuma ancur kaca yen sun rasa dasihe sangsaya ruci, dhahar saretan eca.
Ra. Rosing janur miwah witing paritoya mijil kang saking salira, walang kayu ijo lare, dalu² sun luru, dimen enget.