Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 42 —

Ing kono mung katon watu² lajuran akeh. Ya iku kang ing kaalusane awujud lincak kang kanggo dhasar. Menawa ana wong kang pinuju munggah ing puncak, mangka mbeneri pasaran. wong mau bisa tetuku ing kono. Carane kanthi nibakake dhuwit ing watu lajuran kanthi ngandhakake apa sing dituku. Ing kono banjur ana wewujudan wungkusan, isi apa sing dituku lan uga kena dipangan.

XV. WARINGIN JODHIPATI

Ing poncot iring kidul Gn. Lawu ana wit waringin, aran waringin Jodhipati. Saben malem Jumuah kanggo papan tirakatane wong kang duwe panyuwun. Yen katarima mesti krungu swara gumaleger nggegirisi. Lan ana swara gereng² kaya gerenge R. Harya Werkudara kang kacarita ing pedhalangan.

XVI. PRING PRINGGADANEN

Tanduran pring ing Pringgadani uga kena kanggo papan tirakatan wong kang njaluk karosan. Yen katarima, cangkeme kaya diidoni ing wong. Ing kono wong mau banjur duwe karosan. Kuwat njunjung/ngangkat wit gedhe kang rubuh/prabatang.

XVII. PRATAPAN PRINGGADANI

Dununge ing sikile Gn. Lawu kaprenah iring kidul kulon. Uga kanggo papan tirakatan wong kang njaluk rosa. Yen katarima, sanalika awake metu wulune Ya iku brengos, godheg, simbar dhadha. Karosane banjur nggegirisi. Kuwat ngankat rebateng kang diangkat wong 60 ora kuwat Diangkat ijen mak nyiiiiing-- kaya nggawa elar salembar.

XVIII. Gn. JABAL KANIL

Dununge ing sacedhake pratapan Pringgadani. Uga papan tirakatane uwong kang ngudi kaluwihan. Patrape sikile dirante, kang