Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 36 —

    Beras pari larang, kebo sapi akeh kang didoli.
  1. Kidul bener, ngalamate ana ratu surud (seda). Para pang gedhe padha susah atine Akeh udan. Karang kitri wohe ndadi. Beras pari, kebo sapi murah regane. Wong desa padha nalangsa atine, ngluhurake pangwasane Pangeran kang Maha Suci
  2. Kidul kulon, ngalamat ana ratu surud. Wong desa padha nindakake kabecikan. Beras pari murah. Karang kitri wohe ndadi. Kebo sapi akeh kang mati.
  3. Kulon bener, ngalamat ana jumenengan Ratu Panggede lan wong desa padha bungah atine Beras pari murah. Apa kang tinandur padha subur, kalis ing ama. Udan deres tur suwe. Barang dagangan wujud apa bae padha murah regane jalaran saka oleh nugrahaning Pangeran.
  4. Lor kulon, ngalamat ana Ratu pasulayan, rebutan raja darbeke lan panguwasane, Para Adipati padha tukaran rebut bener. Wong desa padha sedhih atine. Kebo sapi akeh kang mati Udan lan gludhug salah mangsa. Grahana marambah-rambah tur suwe. Beras pari larang emas murah.
  5. Lor bener : ngalamat ana Ratu ruwet panggalihe jalaran saka kisruh paprentahane, kang temahan nganakake pasulayan, banjur dadi perang Beras pari larang, emas murah.

Sawise rampung anggone nerangake lintang kemukus, kang duwe omah banjur matur marang. R M. Sutarta, kang wektu iku uga rawuh, ing kono. Nyuwun diparingi oleh2 saka anggone mentas lelana munggah gunung Lawu. R.M Sutarta amituruti, banjur crita kaya ing ngisor iki :

Munggah gunung Lawu iku ora baen2. Aja kokira yen munggah ing gunung Lawu mung arep seneng2. Kang padha munggah mrana kudu wani toh pati Awit papan kono isih gawat. Wong2 iku padha tirakat, kanthi panyuwun murih gegayuhane kasembadan. Yen anggone munggah wis tekan jurang Pangarip-arip, yen ketrima, ana kono kapethuk utusane Ingkang Sinuwun Lawu,