Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 27 —

Wetara kurang seminggunan saka wiwite kramean Sekaten, bajingan² lan pencopet² sakutha Sala padha dicekel, ditahan ing Pakunjaran. Mengkono iku njaga katentremane wong² sing padha nonton sekaten. Senajan mengkono iya ora weya, isih dianani pejagan polisi kang kuwat. Uga di samektani tenaga² lan piranti² "pemadam kebakaran" dening Pemerintah kanggo njaga keslametan.

Kramean Sekaten diwiwiti tanggal 6 (enem) tumeka tanggal 12 sasi Mulud, kanthi tengara unine gamelan Sekaten wiwit jam 17.00 (5 sore). Ing sadurunge gamelan wis dirakit ing bangsal², ing sangarepe Masjid gedhe Kang ditabuh dhisik gamelan kang ana ing bangsal sisih kidul, aran Kyai Guntur Madu: gendhinge Rambu Samenenge gamelan ing bangsal kidul disambung unine gamelan ing bangsal lor, kang aran; Kyai Guntur Sari; gendhinge: Rangkung. Panabuhe gamelan terusan rina wengi. Lerene mung yen mbarengi salat isyak, subuh, luhur, asar, magrib lan yen pinuju malem Jumuah tumeka Jemuahan. Kang nabuh para abdi dalem niyaga Kraton. Tumindake nabuh giliran, ing saben dina salin utawa ganti niyaga. Menganggo cara Jawa ganep, ya iku jarikan, klambi atela ireng, kerisan, nganggo kuluk, kalung samir. Para niyaga kang kwajiban arep nabuh, watara kurang 10 dina saka tanggal 6 sasi Mulud, wis padha nglakoni sesirik ana omahe dhewe. Upamane mutih, ngrowot, nyirik uyah lspne, sajrone 7 dina. Sarampunge nglakoni sesirik njur slametan (dikondangake). Anane tumindak mengkono, pamrihe panabuhe gamelan bisaa rahayu slamet sakulawargane. Amarga duk samana pancen isih akeh walang sangkere (rubedane). Munine gamelan Sekaten kang sepisanan, katemtokake ing tanggal 6 sasi Mulud jam 5 sore. Bubare tontonan Sekaten ana tanggal 12 sasi Mulud, jam 12 awan, kang lumrahe diarani Bakda (Bedhol payung) Malam Bakda gamelan Sekaten watara jam 24.00 (12 bengi) wis ora ditabuh Jam 6 esuk dikondurake bali menyang Setinggil tanpa upacara.