Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 48 —

SALIN TAHUN AGAWE UNDHAKING KAANAN MANUT JAMANE.

Ing ngarep wis katerangake, kaanane kutha Sala ing jaman kang kawuri isih sepi, durung reja. Ananging saben ganti taun kaanane kutha saka sethithik ana kaundhakane. Kasurung dening kabudayan ana wae owah²an kang tumuju marang kemajuan.

  1. Pedununge mundhak taun mundhik akeh. Luwih² bangsa manca, Landa, Cina, Arab lspne, akeh kang neneka.
  2. Lakune trem kang maune digeret ing jaran, diganti digeret nganggo locomotief. Lan maneh kang maune lakune saka Purwasari menyang Jebres nganggo ngliwati Pasar Gede diowahi. Saka Purwasari menyang Sangkrah diterusake menyang Wonogiri, kaya sing tinemu ing saiki.
  3. Diyan² ing ratan² gedhe kang maune awujud ting isi lenga pet, diganti listrik. Kang nganakake Solosche Electriciteit Maatscha- ppy, dicekak; S. E. M. (Sem). Manggon kantor lan pabrike ana ing kampung Purwosari. Dene kanggo Kraton diyane listrik nganakake mesin dhewe, manggon ing kulon Setinggil. Tumrap daleme para luhur, sudagar, Landa, Cina lspne ana kang lampu Erogin, petromaks ana kang nganggo listrik, sarana langganan/nyewa marang Sem.

Bareng jaman R. I., S. E. M. diganti P. L. N. (Perusahaan Listrik Negara). Ing dalan² gedhe diyane ana kang nganggo Neon Kajaba muncule diyan listrik, nalika samana mundhak anane Kantor Pos lan Kantor Tilpun.

  1. Tunggangan kreta saya mundhak akeh. Katambahan anane pit, pit montor. montor, becak. Nanging ya durung sapiraa cacahe. Bareng jaman R. I. tambahe tetunggangan dadi tikel tekuk akeh banget, tanpa wilangan sarta warna-warna, ya iku: Bus, Truk. motor, pit motor lan sepedha. Saka akehe tetunggangan, wong lumaku dharat yen arep nyabrang ratan, kepeksa sok kudu ngenteni suwe.
  2. Maune gambar idup isih durung bisa guneman, alias bisu. Cacahe lagi ana loro, ya iku Purbayan lan Sriwedari.