Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 5 —

Kaya2 para nupiksa bisa ngira-ira kepriye mungguh kaanane kutha Sala, kang wujud kutha anyar, senadyan ana kratone. Pedunung / pendhudhuk durung akeh, isih akeh papan mluwa lan sepi, durung reja, isih akeh papan rungkud, ing wayah bengi lindhuk, peteng. Arang wong wani liwat ing kono, Dhek samana isih akeh memedi warna2, sing ngganggu wong liwat. Dalan2 isih akeh sing ala, Yen bubar udan jeblog.

Omahe rakyat.

Omahe rakyat isih persaja. Pagere sing akeh2 gedheg, payone atep Digawe saka alang2 utawa rapak, ya iku godhong tebu garing. Dene wong2 kang kepetung cukup, para priyayi uga para sudagar, omahe pager racak2 saka gebyog, kang digawe blabag kayu jati dipasah alus, arang kang pagere tembok, dene payone gendeng. Mung daleme priyayi kang pangkate dhuwur, bangsa cina, Walanda, Arab lan para luhur, pagere tembok, payone gendheng utawa sirap. Dene jrambahe mester, tegel durung ana. Jrambahe wong2 lumrah (rakyat biasa) ana kang saka sasak, sing digawe pring disigari, banjur dinam kaya gedheg. Ana kang mung bata ditata urut, ora nganggo dilepa. Sing akeh2 jrambahe mung mligi lemah.

Pager pekarangan ana kang saka turus urip. Ana kang saka bethek, gedheg, lan ana kang pager bata.


Diyan

Nalika semana tumrap rakyat lumrah kanggo madhangi ing jeron omahe ing wayah bengi, migunakake "sentir”, isine lenga pet. Ana sing nganggo lenga jarak utawa lenga klentik, diwadhahi ing clupak, didekeki uceng2. Cukup mung minangka ancer. Dene wong-wong sing kecukup, migunekake lampu. Ana lampu teplok, bethetan, setroli gantung lsp.