Kridha Basa 3

Saka Wikisumber

[ Title ]

Telah disahkan penggunaannya di sekolah dengan
Keputusan Direktur Jenderal Pendidikan Dasar dan Menengah
Departemen Pendidikan dan kebudyaan
Nomor : 194/C/Kep/R/90
Tanggal : 16 Juli 1990
Berlaku : selama 5 (lima) tahun



Kridha Basa

3


Kanggé
Klas 3
Sekolah Menengah Umum Tingkat Pertama
(SMP)

Karacik déning
Siswadi




Edisi Kapisan
1988

PT INTAN - PARIWARA

Penerbit dan Percetakan

[  ]

Hak cipta dilindungi undang-undang pada: Pengarang
Hak penerbitan pada : PT Intan Pariwara
Anggota IKAPI Nomor 006
Dicetak oleh: PT Macanan Jaya Cemerlang
(Isi di luar tanggung jawab pencetak)
Perancang kulit  : Jonipan
Ilustrasi: Endra Sutapa
No. Kode Penerbitan : 311/88

______________________________________________________________________

Kantor Pusat: JI. Beringin, Klaten Utara, Kotif Klaten57438.
Kotak Pos 111 Telp. (0272) 21461, 21890, 22012, Fax. 22021
[ Bebukaning Atur ] Nuwun, para nupiksa.

 Ngaturi wuninga, bilih buku Kridha Basa SMP punika ngewrat racikaning wulangan basa Jawi ing SMP, kados ingkang kapacak wonten ing salebetipun Garis-garis Besar Program Pengajaran Bidang Studi Bahasa Jawa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan babaran Pungkasan.

Urutaning wulangan ing salebetipun buku punika kadamel cèples kaliyan urut-urutaning pokok bahasan ingkang Kawrat wonten ing salebetipun Garis-garis Besar Program Pengajaran (GBPP) punika.
Pamrihipun, sageda nggampilaken para kadang guru saha para anak murid ingkang sesarengan nindakaken kegiatan belajar mengajar bidang studi basa Jawi.

 Latihan saha garapan ingkang kapacak wonten ing salebetipun buku punika kacawisaken kanggé para anak murid wonten ing sekolahan punapa déné wontén ing griya, minangka garapan kokurikuler. Sami kawuningan bilih garapan kokurikuler ingkang kacawisaken saha dipun tandangi ing samesthinipun punika nyengkuyung lumampahipun cara sinau ingkang kawastanan Cara Belajar Siswa Aktif (CBSA), ingkang tundonipun ndayani rumesepipun wulangan saged tumanem wonten ing telenging manahipun para anak murid, wekasan para anak murid Saged munpangataken wohing wulangan punika ing saprayoginipun.

 Kula pitados, buku punika taksih kathah kirang saha cèwètipun. Awit saking punika sadaya panyaruwé badhé kula tampi kanthi bingahing manah lan atur panuwun ingkang tanpa upami.

 Panutuping atur, mugi-mugi buku Kridha Basa SMP punika saged suka sumbangsih sawatawis tumrap ajenging basa, bangsa lan nagari.

Nuwun.

Klaten
Maret 1988

Aturipun pangracik

[ ToC ]
Isi Buku
Bebukaning Atur
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
i
Wulangan ka-1
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
1
Wulangan ka-2
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
10
Wulangan ka-3
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
18
Wulangan ka-4
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
28
Wulangan ka-5
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
33
Wulangan ka-6
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
39
Wulangan ka-7
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
47
Wulangan ka-8
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
54
Wulangan ka-9
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
62
Wulangan ka-10
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
69
Kapustakaan
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
76
[ 1 ]
Wulangan ka-1

I. A. Wacanen batin!

Wana lan Pigunanipun

 Wana punika pasitèn jembar ingkang kebak ing wit-witan ageng alit. Miturut kawontenaning wit-witanipun, wana punika wonten kalih warni. Inggih punika wana ingkang wit-witanipun namung sawarni lan wana ingkang wit-witanipun mawarni-warni. Wana ingkang wit-witanipun namung sawarni, umumipun damelanipun tiyang. Liripun, wit-witan ing wana punika dipun tanem ing tiyang. Upaminipun wana cemara, jatos, karèt, pinus, lan wana deling. Déné wana ingkang wit-witanipun mawarni-warni, racakipun sanès damelanipun tiyang. Tegesipun, wit-witan ing wana punika sami tuwuh [ 2 ]kajengipun piyambak, boten karana katanem ing tiyang. Ing pulo-puloing sawijinipun Pulo Jawi, upaminipun ing Pulo Sumatra, Kalimantan saha ing Pulo Irian Jaya, kathah wana gung liwang-liwung ingkang wit-witanipun manéka warni punika.

 Wana punika ageng sanget pigunanipun. Kabetahipun tiyang arupi balunganing griya saha dandosan praboting balé griya, kajengipun cumawis ing wana. Ing Pulo Jawi, kususipun ing Tanah Jawi Wétan saha ing Tanah Jawi Tengah, kajeng ingkang limrah kanggé balunganing griya saha kanggé dandos-dandosan warni-warni punika kajeng jatos. Déné ing Tanah Priyangan utawi ing Tanah Jawi Kilèn, kanggé balunganing griya utawi kanggé dandosan praboting balé griya punika, tetiyang ing ngrika sami migunakaken kajeng rasamala, kajeng walikukun, duren, waru, lan nangka. Déné ing Kalimantan, tetiyang sami migunakaken kajeng blangiran, kajeng mranti, kamper lan sanès-sanèsipun. Kajeng ingkang sampun kaolah dados praboting balé griya, utawi ingkang sampun kaolah dados "kajeng lapis" kathah ingkang kasadé dhateng manca nagari, mewahi pamedalipun negari. Kajawi ingkang arupi kajeng kanggé balunganing griya saha kanggé dandosan warni-warni punika, wana ugi nyedhiyakaken kajeng kanggé kaperluan sanès. Upaminipun: kajeng akasia, kajeng pilang, kajeng trengguli, lan kajeng segawé, kanggé ngolah wacucal, kulitipun kajeng soga kanggé nyoga, inggih punika ngolah barang bathikan. Kajawi arupi kajeng, wana ugi nyawisi pamedal sanès arupi tlutuh lan blendok ingkang maédahi sanget tumrap gesanging bebrayan. Upaminipun: tlutuh karèt, damar, kopal, tèrpentin, gambir, lan lisah kajeng pethak.

 Kajawi bab-bab kasebut ing nginggil, wana ugi maédahi sanget tumrap panataning toya. Liripun mekaten. Toya jawah ingkang dhawahipun saking langit kados dipun sokaken, dumugi ing wana nanggrok ing ron-ronan, lajeng tumètès alon-alon dhumawah ing siti. Pasitèn ing wana punika empuk ngembus-embus jalaran kacaruban ing bosokanipun ron-ronan lan panging wit-witan ingkang garing ingkang dhumawah ing ngriku. Toya jawah ingkang dhumawah ing lumahing siti ing-


2 [ 3 ]kang ngembus-embus punika kanthi lon-lonan rumesep ing, salebetipun siti. Toya punika sawatawis kantun wonten ing lapisaning siti ingkang ngembus-embus punika, sapérangan mlebet ngantos dumugi ing lapisanipun siti ingkang atos, inggih punika lapisan padhas. Wonten ing ngriku toya punika dangu- dangu nglempak dados kathah, dados kedhung utawi tlaga ing salebetipun siti. Saya dangu toyaning tlaga punika saya kathah, lajeng lubèr. Lubèraning toya tlaga punika pados margi ing salebeting siti, mili mangandhap, njedhul-njedhul sampun tebih saking wana, dados tuk. Toya sumur ingkang kanggé adus, kanggé ngombé, lan kanggé ngumbahi saben dinten punika, boten sanes asalipun ugi saking tlaga ing salebeting siti punika. Ing sawatawis panggènan tuking toya punika dipun tata saé mawi dipun tembok, lajeng kailèkaken medal pipa-pipa tosan utawi pipa-pipa sanès dhateng papan-papan ingkang tebih saking panggenan tuking toya punika, kanggé adus, dipun ombé, utawi kanggé kabetahan-kabetahan sanèsipun. Toya saking tlaga ing salebeting siti punika, wonten ingkang jumedhulipun ing lumahing bumi dados lèpèn, lan malah wonten. ingkang dados tlaga ugi. Sedaya wau boten sekedhik pigunanipun tumrap gesanging bebrayan agung.

Kados pundi kedadosanipun, saupami ing lumahing bumi punika boten wonten wana? Sesambetan kaliyan kabetahaning tiyang ing bab toya, temtu, rekaos sanget. Menawi boten wonten wana, lumahing pasitèn temtu atos. Toya jawah ingkang gumrojog saking langit, dhawahipun ing lumahing bumi boten mawi ketanggrok ing ron-ronan utawi punapa kémawon. Pramila dhumawahipun ing siti ingkang atos punika lajeng bablas dados banjir bandhang. Toya jawah punika boten wonten ingkang rumesep ing salebetipun siti, pramila ing salebetipun siti ugi boten wonten tlaga tandhon toya ingkang dados tuking toya sumur lan sapiturutipun.

Ngèngeti pigunanipun wana ingkang boten sekedhik tumrap gesanging tiyang, wana kedah kajagi sampun ngantos risak. Awit risakipun wana saged nuwuhaken prakawis-prakawis ingkang mitunani, Upaminipun wontenipun banjir bandhang ing mangsa rendheng, siti nggogos katut ilining toya, lan ing mangsa ketiga tiyang kekirangan toya. [ 4 ]Prakawis panjagining wana punika upaminipun kados kasebut ing ngandap punika:

  1. Wana kedah kajagi sampun ngantos kabesmèn.
  2. Boten angèn utawi ngumbar rajakaya ing tengah wana.
  3. Boten nebangi kajeng ing wana sapurun-purun.
  4. Boten mbikak wana sapurunipun piyambak kanggé ngelar sabin utawi pategila.

Wana ingkang dipun upakara lan dipun opèni kanthi saé temtu saya ageng pigunanipun tumrap bebrayan.
B. Wangsulan kang patitis!

  1. Manut kaanané wit-witané, alas kuwi ana pirang werna ?
  2. Umumé alas gawéané uwong kuwi wit witané kepriyé ?
  3. Akèh uwong sing ora padha migunakaké kayu jati kanggo balungané omahé. Apa sababe?
  4. Apa pametuné alas saliyané kang arupa kayu?
  5. Upama ing lumahing bumi ora ana alas, kira-kira kepriyé kedadéyané?
  6. Terangna pambudidaya sawetara bab panjagané alas!


C. Ukara pitakon lan ukara andharan ing ngisor iki wacanen sing patitis!

    1. Sapa sing nandur wit-witan ing alas?
    2. Wit-witan ing alas kuwi ana sing ditandur ing uwong,ana sing thukul karepé dhéwé.
    1. Généya alas ora kena dirusak?
    2. Alas sing rusak bakal nuwuhaké prakara-prakara sing mitunani tumrap uriping manungsa.
    1. Apa iya alas bisa nata sedhiyan banyu ing jero bumi?
    2. Bener, alas kuwi bisa nata sedhiyan banyu ing jero bumi.
    1. Généya lemah ing tengah alas empuk ngembus-embus?
    2. Lemah ing tengah alas kuwi empuk ngembus-embusamarga kecaruban ing bosokané gegodhongan lankekayon.

4 [ 5 ]5. a. Apa arané lemah sing embuh ngembus-embus kuwi
 b. Lemah sing empuk ngembus-embus kuwii jenengé humus.


II. Tuladha
   a. Alas kuwi migunani banget tunrap uripé manungsa.
   b. Rusaking alas bisa nuwuhaké prakara-prakara sing mitunani
      tumrap uripé manungsa.
   Tembung migunani lan tembung mitunani kuwi ngemu teges kosok
   balèn. Mara tembung-tembung kosok balèn ing ngisor iki gawénén
   ukara sing luwes!
   1. jembar; ciyut              6. butheg; bening
   2. sawerna; mawerna-werna     7. sekedhik; kathah
   3. kususipun; umumipun        8. agung; asat
   4. mewah; ngirangi            9. ngandhap; nginggil
   5. empuk; atos               10. mandhap; minggah


III. Tuladha
     a. Godhongé garing. (ukara)
        godhongé  = jejer
        garing    = wasésa
     b. Godhong garing mblader ana ing latar kuwi saponana !
        godhong garing = tembung camboran
        Tembung sing buri (garing) dadi katrangané tembung
        ngarep (godhong).
     Gawéa ukara lan gawéa tembung camboran nganggo tembung-
     tembung ing ngisor iki. Sabanjuré tembung camboran kuwi gawénen
     ukara sing luwes!
     1. jembar
     2. deres
     3. ngrembayung
     4. loh
     5. ketel
      
     6. atos
     7. kobong
     8. suwèk
     9. butheg
    10. bosok
      
                                                    5 [ 6 ] IV. Tulisen nganggo aksara Jawa!
Kabèh wis padha sumurup marang bebayané alas sing dibabadi. Contoné akèh banget. Dhèk jaman biyèn pagunungan ing antarané Bangkalan lan Sampang ing Tanah Medura kuwi alasé ketel. Wong-wong sing padha dedunung ing sakiwa tengené alas kuwi bisa golèk kayu obong ing kono, yaiku njupuki pang-pang garing sing wis padha tiba ing lemah. Ing alas kono akèh kidang lan menjangan padha urip bebranahan ora ana sing ngganggu gawé. Ing èrèng-èrènging pagunungan sing alasé ketel kuwi akèh banget tuk sing banyuné paling srèwèh mili rana-rana, sawatara dipigunakaké para among tani kanggo ngoncori sawahé. Nanging, kaanan sing ngresepaké ati kuwi saiki wis ora ana manèh tuk sing banyuné mili pating srèwèh, lan ing kana wong-wong wis ora bisa golèk kayu obong ing tengah alas. Sing ana ming kari tanah pagunungan kapur sing cengkar. Déné sababé, alas mau dibabadi sagelem-gelemé.


V. Tuladha

  1. Mung ing sajroné wolulas tahu, tahun, kaanan ing èrèng-èrèngé Gunung Wangi ing Kabupatèn Ceribon wis malik grémbyang, béda banget karo kaanan ing sadurungé. (ngoko)
  2. Namung ing salebetipun wolulas, kawontenan ing èrèng-èrèngipun Redi Wangi ing Kabupatèn Ceribon sampun malik grémbyang, béda sanget kaliyan kawontenan ing sadèrènganipun.(basa krama)

Pacelathon ing ngisor iki owahana basa krama, banjur apalna ana ngarep klas!

Jayus : Gunung kaé yèn dicedhaki apa sawangané ya kaya yèn disawang saka kadohan, Mas?
Mursid : Sing kokarepaké rupané apa apané?
Jayus : Ya rupané, ya wujudé.
Mursid : Bab kuwi genah yèn béda banget.Yèn disawang saka kadohan rupané biru maya-maya,lan wujudé alus kaya gambar. Nanging yèn disawang saka panggonan sing cedhak, rupané dadi ora genah.

6 [ 7 ]

Abang, ora. Putih, ora. Kuning, ora. Biru ya ora.
Cekaké, angèl olèhé arep ngarani.
Jayus : Lha yèn wujudé kepriyé?
Mursid : Wujudé ya ora alus kaya ngana kaé. Sabab, yèn
dicedhaki, sing ketok ngégla kuwi alasé, jurang-jurangé, watuné, padhasé, lan malah uga kéwan-kéwané sing padha manggon ing alas kono.
Jayus : Aku kok dadi kepéngin mbuktèkaké.
Mursid : Mbuktèkaké kandhaku iki?
Jayus : Hee. Aku kepéngin munggah gunung, kepéngin weruh sing kocritakaké kuwi.
Mursid : Ngéné bae. Yèn ing sekolahanmu ana kumpulan pendaki gunung, kowé mlebua. Kumpulan pendaki gunungkuwi kumpulan olahraga. Manfaaté wong munggah unung kuwi, kejaba awak dadi waras, uga ngipuk-ipuk asa tresna marang alam saisiné,munggahé manèh ggedhèkaké rasa takwa marang Gusti Kang Murbèng umadi.
Jayus : Tenan, Mas, aku kepégin banget, kapan-kapan aku arep munggah gunung.


VI. Kasusastran Jawa

Tembung kasusastran asalé saka tembung sastra éntuk wuwuhan su. Sastra tegesé piwulang, paugeran (pathokan), tulisan utawa buku. Su tegesé becik, éndah, linuwih utawa pinunjul. Lumrahé, susastra banjur ditegesi piwulang becik sing basané éndah utawa ngresepaké.

Sakabèhing susastra, yakuwi sakabèhing piwulang becik sing basané éndah ngresepaké kuwi, banjur diarani kasusastran. Déné kasusastran sing basané Jawa diarani kasusastran Jawa.

Nalika wong Jawa isih durung ngerti ing tulis, kasusastrané awujud kasusastran lésan sing sumebaré sarana gethok tular kojah-kinojahaké, turun-tumurun saka wong tuwa marang anak putu. Bareng wong Jawa wis padha ngerti ing tulis, kasusastrané banjur awujud kasusastran tinulis. Sekawit kasusastran mau katulis ing watu, blèbèkan tembaga, godhong tal (ron tal, lontar), lan pungkasané banjur ditulis ing dlancang awujud buku. [ 8 ] Tulisan sing tau kanggo ing bebrayan Jawa yaiku tulisan Pallawa,

 tulisan Déwanagari, tulisan Jawa, tulisan Arab. sebanjuré tulisan Latin.
       Manut sing nganggit, susastra kuwi ana sing diarani susastra
 miji, ana sing diarani susastra para. Susastra diarani susastra miji
 yèn susastra kuwi genah sapa sing yasa utawa sing nganggit. Déné
 susastra diarani susastra para yèn susastra kuwi ora kasumurupan
 sapa sing yasa. Susastra para dianggep susastra yasané wong akèh,
 utawa yasan umum.
 Wong, sing yasané klebu ing -éwoné susastra, diarani pujangga.
        Manut nom-tuwané, kasusastran Jawa kapérang dadi telung
 werna, yaiku Kasusastran Jawa Kuna, Kasusastran Jawa Tengahan,
 lan Kasusastran Jawa Anyar.
 1. Kasusastran Jawa Kuna... — tahun 1400 M)
    Basane          : Jawa Kina
    Puseré          : Tanah Jawa Wêtan
    Moncèr-monceré  : Jaman Kedhiri
    Tembangé        : Kekawin
    Sing klebu éwoné Kasusastran Jawa Kuna upamané: buku
    Ramayana, Mahabarata, Arjunawiwaha, Kresnayana, Bharatayudha, 
    Wretasancaya, Negarakertagama, lan Sutasoma.
 2. Kasusastran Jawa Tengahan (tahun 1400 M — tahun 1750 M)
    Basané          : Jawa Tengahan sing nyedhaki Kuna, lan
                      Jawa Tengahan sing nyedhaki Anyar
    Puseré          : Jawa Wetan, Bali, lan Jawa Tengah
    Moncer-moncèré  : Jaman Majapait
    Tembangé        : Kidung
 Sing klebu éwoné wohing kasusastran Jawa Tengahan,
 upamané; buku Tantu Panggelaran, Calon Arang, Tantri Kamandaka,
 Pararaton, lan Sri Tanjung.
 3. Kasusastran Jawa Anyar (tahun 1750 —   )
    Basané          : Jawa Anyar
    Puseré          : Tanah Jawa Tengah
 8 [ 9 ]
Moncèr-moncèré : Jaman Surakarta
Tembangé : Tembang Gedhé, Tembang Tengahan, Tembang Macapat, lan banjur wiwit thukul puisi gagrak anyar.

Sing klebu ewoné wohing kasusastran Jawa Anyar, upamané:
a. Sing dhapukané tembang; Suluk: Wujil, Layang Ménak. Layang Arjunasasrabau, Wicara Keras, Wulangrèh, Wulang Sunu, Jagal Bilawa, Centhini, Wedhatama.

b. Déné sing dhapukané gancaran, upamané: Sakuntala, Jarot, Riyanta, Ngulandara, Rangsang Tuban. [ 10 ]
Wulangan ka-2


I.A. Wacanen kang patitis!

Budhalan Wadya Bala Pandhawa
 Lah ing kana ta wau untaping wadya bala Pandhawa saking Pakuwon Darmakasétra yèn cinandra lir péndah séla blekithi. Séla watu blekithi semut, sinawang kadi semut lumampah ing watu, anglur selur datan ana pedhoté. Kang lumampah ing ngayun Prabu Sri Bathara Kresna dalah Radèn Janaka kadhèrèkaken para putra tuwin wadya ing Madukara. Telas lampahing baris Madukara sinambet baris ing Cempalaradya kang tinindhihan ing Sénapati Agung Radèn Harya Drestajumena. Telasing baris Cempalaradya nulya kasambet baris Ngamarta, Wiratha, Sawojajar, tuwin Bumiretawu, ingkang tinindhihan [ 11 ]

déning Prabu Matswapati, Prabu Drupada, saha Prabu Puntadewa.
 Abra busananing wadya lir péndah panjrahing puspita. Gebyaring busana cawuh lan kumlèbèting bandéra lelayu, kelaping kakandha pedhang tamèng mawor lan kelaping payung agung, sinawang saking mandrawa pindha wredu angga sasra. Wredu lintah angga banyu sasra sèwu, kaya lintah sèwu anèng banyu bareng kumelap. Ramé swaraning janma, cawuh lan kriciking kendhali kropyaking watang gathik, pangeriking kuda myang pangèpreting dwipangga, biharung lan swaraning puksur tambur gong bèri wurahan, yayah warsa kintèki. Warsa udan kintèki pejatèn, kaya udan dhumawah ing wana pejatèn. Nyarangaping langkap bedhil tumbak landhéyan pindha jati ngarang.
 Prajurit sajuru- juru datan kena carup wor. Kang busana putih kumpul padha séta, tinon saking mandrawa pindha kontul neba. Kang busana kresna kumpul padha langking, kadi dhandhang areraton. Kang busana rekta kumpul padha abang, tinon saking mandrawa abra markata pindha wukir kawelagar. Kang busana ijo kumpul padha wilis, katon riyo-riyo, kadi tanem nedhenging gumadhung. Baleduging lampah peteng ngampak- ampak, katon angendhanu pindha mendhung.
Mangkana, tan antara lampahing wadya bala Pandhawa wus manjing ing laladaning Tegal Kuru. Kacarita para raja lan para satriya gya mapan ing papan kang wus tinamtokaken. Aglar wadya Pandhawa, tanpa wilis andhendheng sungsun api- pit, jejel tanpa wangenan. Sakala gelar garudha nglayang kang uga sinebut gelar kagapati wus mawujud kanthi teguh santosa. kang yekti tanggon tan gampang rinusak ing mungsuh.


B. Wangsulana kang patitis!

  1. Piyé candrané budhalé wadya bala Pandhawa saka pakuwon Darmakasétra?
  2. Sapa sing dadi cucuking baris?
  3. Manékawarnané panganggoné para prajurit candrané kepriyé?
  4. Apa sing, dicandra kaya warsa kintèki?
11
[ 12 ]
  1. Apa sing candrané riyo-riyo kaya tandur lagi gumadhung?
  2. Tekan ing laladan Tegal Kuru barising Pandhawa banjur kepriyé?

C. Wacanen sing patitis, tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!

  1. Sarampungipun suluk ada-ada Girisa, Ki Dhalang nyempala kothak: dhrodhog dhog, lajeng ginem.
  2. Wonten bebasan: hodhok acung-acung, tegesipun nedahaken panggénan ingkang badhé dipun pandungi.
  3. Gangsanipun kalih prangkat, laras pélog lan laras sléndro.
  4. Isi pelem namanipun pelok.
  5. Rèhning boten kénging karembag kanthi aris, Astina kepeksa ginebag ing perang.
  6. Daganganipun pepak, kabetahan padintenan punapa kémawon wonten.
  7. Rajabrananipun gusis dipun rampog ing kècu.
  8. Menawi saèstu tindak dhateng Kedhiri, kula suwun pinarak wonten ing rompok kula.
  9. Saking agengipun angin, kathah pentil sami gogrog.
  10. Kapalipun ambyar ketanggrok ing karang.


II. Tuladha

Untaping wadya bala Pandhawa yèn cinandra lir péndah séla blekithi.

Wadya bala lan lir péndah kuwi jenengé tembung saroja.
Wadya tegesé padha karo bala, lan lir tegesé padha karo péndah.
Dadi tembung saroja kuwi tembung loro padha tegesé sing dicambor dadi siji.


A. Tembung sing cap-capané kandel ing ngisor iki dadékna tembung saroja!

  1. Janma ...., sato..., lan tanem ..., kuwi kabèh titahing Gusti Kang Murbèng Dumadi.
  2. Uripé mukti ..., murakabi marang sanak ..., kadang ..., lan tangga ....
12 [ 13 ]
  1. Swarané ramé.... ambata rubuh.
  2. Manungsa tumitah ana ing ngalam donya kinanthènan akal ... minangka sanguning uripé.
  3. Sénapatining Pandhawa sekti ..., ora tedhas tapak paluning pandhé sisaning gurénda.

B. Tembung-tembung saroja ing ngisor iki gawenen ukara sing luwes!

  1. baya pakéwuh
  2. nistha papa
  3. godha rencana
  4. èdi pèni
  5. amrik angambar

  1. angkara murka
  2. suka rena
  3. japa mantra
  4. sumbang surung
  5. njarah rayah

III. Tuladha

    a. Kang busana ijo kumpul padha ijo, katon riyo-riyo kadi tanem lagi gumadhung. (gumadhung = gadhung + seselan um)
    b. Mobah mosiking atiné manungsa, Pangeran nguningaņi. (mobah = obah + seselan um; mosik = osik + seselan um)
    c. Pariné wis kumemping, sedhéla engkas panen. (kumemping = emping + seselan um)
    d. Radèn Gathutkaca nulya mesat ing gegana. (mesat = pesat. + seselan um)

Tembung lingga sing karaketan ing seselan um jenengé tembung rimbag bawa ma.


A. Tembung-tembung ing sajroning kurung ing ngisor iki wenehana seselan um!

  1. Aku undhuhna degan loro sing (rujak).
  2. Saben dhèwèké ngajak padu, aku trima (singkir).
  3. Jarot kaé wataké (gedhé).
  4. Kowé kuwi dakundang bola-bali kok ora (saur), apa ora krungu.
  5. Yèn kowé arep nyang omahé Nining, saka kéné mlakua ngalor, tekan prapatan cedhak pasar (énggok) ngiwa.
[ 14 ]

  6. Layangané (uluk), ana ing awang-awang katon kaya manuk wulung golèk memangsan.
  7. Hèh, buta, aja mung waton (wuwus)!
  8. Kanggo bancakané adhimu sésuk kuwi, tukua pitik lima sing (panggang).
  9. Kowé kuwi bocah lanang, nanging kok (ayu).
  10. Kowé kuwi kok (bagus) temen ta, Dar, diundang bola-bali ora semaur, éthok-éthok ora krungu.

B. Tembung-tembung rimbag bawa ma ing ngisor iki gawénen ukara!


  1. tumandang
  2. lumaku
  3. kumedom
  4. jumambak
  5. kuminter


6. kumukus
7. dumadi
8. gumludhug
9. rumiyin
10. dumugi



IV. Tuladha
a. séla blekithi = ꦱꦺꦭꦧ꧀ꦭꦼꦏꦶꦛꦶ
b. tuku lenga = ꦠꦸꦏꦸꦊꦔ
c. adol lenga = ꦲꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦼꦔ
d. busana rekta = ꦧꦸꦱꦤꦫꦼꦏ꧀ꦠ
e. dhemen rekasa = ꦣꦼꦩꦼꦤ꧀ꦉꦏꦱ

A. Wacanen banjur turunen!

  1. ꦊꦔꦥꦠꦿ
  2. ꦗꦫꦤ꧀ꦭꦼꦩꦸ

14 [ 15 ]

    3. ꦉꦩꦸꦏ꧀ꦉꦩ꧀ꦥꦸ
    4. ꦉꦒꦤꦺꦭꦫꦁ
    5. ꦊꦒꦺꦴꦒ꧀ꦭꦼꦒꦺꦴꦒ꧀
  B. Tulisen nganggo aksara Jawa!
     1. laler wilis             6. arem- arem
     2. lemu-lemu               7. atiné ngeres
     3. Rebo Legi               8. malem Rebo
     4. dicakot lemut           9. gelem rekasa
     5. mangan lemper          10. mundhak reja

V. Wacanen kang patitis!

       Mangkana ing saparipurnaning mbesmi kunarpané para Sénapati. 
 Prabu Matswapati lajeng miji pisowanipun para wayah Pandhawa saha
 para naréndra lan satriya, perlu badhé. panggalihan bab lelajenganing
 yuda. Ing sasampunipun bagé-binagé ing karaharjan,
 lajeng sami wawan sabda.
 Prabu Matswapati : Wayahingsun Prabu ing Ngamarta, Dwarawati,
                    apa déné ing Cempala. Ing sawisé jeneng
                    para nguningani kadibyané para sénapatining
                    Kurawa, sarta manoni guguré putraningsun
                    kaki Séta, Utara sarta Wratsangka, kabèh
                    iku mau aywa karya ciliking panggalihira,
                    temahan ulap marang kadibyaning mungsuhira.
 Prabu Putadéwa   : Nuwun, Éyang Prabu. Kados-kados kula sakadang
                    boten gadhah raos, alitipun ngedhap agengipun
                    miris ing manah. Dhestun samangké punika manah
                    kula kabaranang déning sédanipun Éyang Séta,
                    Utara tuwin Wratsangka, sarta kurbaning wadya
                    ingkang sakalangkung kathah. 


                                                               15 [ 16 ]
Prabu Kresna : Saking pamanggih kula Éyang Prabu, lam
pahing paprangan punika saweg saged kasu
merepan kawon menangipun, bilih sampun
dumugi titi pungkasanipun. Ing sapunika
nama taksih wiwitan, dèrèng paja-paja
menawi badhe kapetang menang kawon
ipun. Wondene ing salajengipun, kedah
sami saged rebat awas, sarta limpad ing ulah
kridhaning yuda. Mila kula sakalangkung
mangayubagya tékadipun yayi Prabu Punta
déwa.
Prabu Drupada : Nuwun, Kanjeng Eyang Prabu. Estunipun
manah kula namung kepengin dados
bètenging: Pandhawa, murih kawilujengan
saha jayaning yudanipun. Langkung malih
ing samangke punika, ing tekad kula badhé
napak tilas lelabetanipun para putra paduka
tetiga ingkang tulus eklasing penggalih, seda
mbelani leres tuwin adil, temahan manjing
ing kajatenipun, katitik ing nalika kabasmi
kunarpanipun sami sirna sareng pancaka.
Werkudara : Matswapati, kakekku. Tumrape aku
sakadang-kadangku kabeh ora ana rasa
wedi utawa was sumelang, munggahe ngo
wel marang pati. Jer pati urip iku ora
kapurba dening titah, uga ora kapurba
dening mungsuh. Pati urip iku mung ana
kawasane Hyang Kang Murbeng Jagat.

Mula sanajan kadibyane senapatining
Kurawa iku kaliwat-liwat, iku ora bisa
suminggah saka kawasaning Hyang Purba
wisesa.

Prabu Matswapati : Para wayahingsun kabeh. Kang jeneng para
aturake iku, teka gawe gedhéning penggalih
ingsun. Mula paribasane cincing-cincing kle
bus, paprangan bratayuda iki mesthi dèn
terusake tanpa was sumelanging ati. Wayah.
[ 17 ]

Prabu Sri Bathara Kresna baé, sayogya
énggala andhapuk sénapating prang
minangka gegentiné kang wus kapracondhang.

(Lampahan Bratayuda II. U.J.
Katidjo Wiropramudjo lan Kamadjaya)

VI. Wacanen kang patitis, banjur tembangna bebarengan!

Sinom

 Satriya Andananjaya, lawan Sang Nggawanggapati, wus panggih ayun-ayunan, samya munggèng rata manik, padhanging kanan kéring, kadi baskara atempur, sarati Kresna Salya, lir Hyang Jagatnata kalih, munggèng rata kumenyar pradiptanira.

 Laraping rata rinengga, sumawur lir lintang riris, awor gebyaring warastra, kumilat sirating thathit, sarawungan ngenani, amangkawa angenguwung, pyuk nityaning satriya, kalihé apekik-pekik, lir tinimbang tajemé kang tandhing aprang.

 Yayah sang Hyang Guru kembar, pindha muksèng rata manik, kèndel lor kidul kang aprang, pra samya mulat ngèstèni, marang kang yuda tandhing, kalihé ratuning patut, tinon kadi ngilangna, marang langening sabumi, amenuhi sajagat sawang tinimbang.

 Jejel jawatèng ngawiyat, ingkang samya aningali, yudané Arjuna Karna, pra samya saos wewangi, déwa mulat muriring, kumesar pandulunipun, eman karo kang aprang, matia salah sawiji, yekti murca ratuning manuswa pada.

(Serat Bratayuda,R.Ng. Yasadipura I)


17

[ 18 ]
Wulangan ka-3


I. A. Wacanen batin!

Ngingu Tawon
Badri : Brem, aku arep meguru, ajarana ya!
Bremara : Kowé ki anèh-anèh. Apa rumangsamu aku pendhita, kok kowé arep nyantrik.
Badri : Lha rak klèru tampa. Dudu kuwi sing dakkarepaké.
Bremara : Lha piyé?
Badri : Ngéné lho, Brem, Wis suwé aku kepéngin kaya kowé, kepéngin tiru-tiru ngingu tawon. Aku ajarana, ya!
Bremara : O, kuwi ta! Yèn mung prekara kuwi, aja semelang. Ayo nyang mburi, dakajari!
[ 19 ]
Badri : Wah, wah, wah! Glodhogmu akèh banget ngéné kok, Brem. Apa glodhog seméné akèhé iki wis isi kabèh?
Bremara : Sing loro iki isih kothong. Wong lagi dakpasang wingi. Yèn kowé kepengin weruh njeroné, sing siji iki dakbukaké.
Badri : Mengko rusak?
Bremara : Ora, mengko dibenakaké gampang.
Badri : Wo, dadi glodhog kuwi njeroné ana rong sap ya, Brem.
Bremara : Hee. Sap sing ngisor iki panggonané ratu, kanggo ngendhog. Déné sap sing ndhuwur papané tawon tukang makarya, papan kanggo nyimpen madu.
Badri : Putih-putih sing ana ing ram-raman iki apa?
Bremara : Kuwi lilin. Ram-raman iki diosèr-osèri lilin, kanggo mancing tawon supaya enggal gawé tala, tumata tharik-tharik kaya osèr-osèran iki.
Badri : Singgetan antarané sap ngisor karo sap ndhuwur kok dibolongi cilik-cilik kuwi kanggo apa?
Bremara : Kuwi kanggo dalané tawon tukang makarya mlebu metu saka sap siji menyang sap sijiné. Bolongan kuwi ambané digawé pas saambané awaké tawon tukang makarya, karepé, sing bisa liwat kono mung kareben tawon-tawon tukang makarya kuwi. Tawon ratu ora bisa liwat ing kono.
Badri : Kowe kok crita, ana tawon ratu, ana tawon tukang makarya. Kuwi cethané piyé, ta?
Bremara : Lha rak tenan. Aku wis batin, kowe mengko mesthi nakokaké prekara kuwi.
Badri : Mula, terangna!
Bremara : Tawon kuwi ana werna telu. Ratu, gawéané sedina-dinané mung ngendhog. Manggoné ana ing kamar sisih ngisor. Tawon ratu sedina bisa ngendhog nganti tekan sèwu iji. Jinis tawon sing nomer loro, sing mau dakeritakaké, jenengé tawon tukang makarya. Tawon tukang makarya iki tawon wadon. Pagawéané ngrigenaké kabèh

[ 20 ]

kabutuhané tawon sabrayat. Yaiku gawé tala, tala wadhah endhog lan-tala calon wadhah madu. Kajaba kuwi uga golèk pangan kanggo kabutuh ané tawon saglodhog kono. Déné jinis tawon sing angka telu yakuwi tawon lanang. Tawon iki kena diarani ora duwe gawéan apa-apa. Gawéané sing mesthi nyanyi-nyanyi kanggo nglipur atiné tawon saglodhog kabèh. Cilakané, yèn mangsa paceklik, tawon-tawon lanang iki akèh sing padha dipatèni ing tawon-tawon wadon kuwi.
Badri : Lucu, ya.
Bremara : Hee, pancèn lucu. Ayo, saiki dakbukakaké glodhog sing wis ana tawoné.
Badri : Aku wedi yèn dientup, ki, Brem!
Bremara : Aja wedi. Tawon-tawon iki ora bakal ngentup yèn ora kepèpèt. Yèn keplenet utawa kaget, tawon kuwi lagi gelem ngentup. Lha, delengen! Tanganku diencoki tawon pirang-pirang, ning ora ana sing ngentup. Tala sing pating grandhul ana kamar ngisor iki isiné endhoging tawon, malah ana sing wis netes dadi gana.. Déné tala sing ana kamar ndhuwur iki isiné madu.
Badri : Sing nyimpen madu ana njero tala kuwi sapa, Brem?
Bremara : Sing nyimpen ya sing golèk, tawon-tawon wadon kuwi.
Badri : Olèhé golèk, menyang ngendi?
Bremara : Nyang toko roti. E, maaf! Kaé lho, turut kekem bangan kaé. Kembang sing lagi megar kaé rak kerep dirubung tawon ta? Tawon-tawon kaé ngi sep madu lan njupuk tepung sariné kembang- kembang kuwi. Carané ngéné. Tawon kuwi duwe ilat. Nganggo ilaté sing istimewa kuwi, tawon mau ngisep maduning kembang. Madu kuwi di sedhot banjur disimpen ing njero wetengé. Déné carané njupuk lan nggawa tepung sariné kem bang, tepung sari kuwi diglindhingi cilik-cilik ban jur dijepit nganggo sikilé, digawa mabur mulih.

[ 21 ]

menyang glodhogé. Tekan njero glodhog, tepung sari kuwi dilebokaké ana njeron tala ing kamar ngisor, kamaré ratuné. Déné madu sing mau di simpen ana ing njero wetengé, banjur diutahaké. disimpen ana njero tala ing kamar ndhuwur. kanggo sedhiyan pangan. Dadi, tala ing kamar ndhuwur kuwi ibaraté lumbung.
Badri : Kuciwa, yèn wis mlumpuk akèh, madu sing ana ing jero lumbung kuwi banjur dijupuk manungsa ya, Brem.
Bremara : Kuwi pancen bagéané manungsa. Sing baku. tawon-tawon kuwi aja nganti kekurangan pa ngan. Angger isih ana wit-witan sing kembang baé, tawon-tawon kuwi ora bakal kaliren.
Badri : Yèn pinuju ora mangsa kembang piyé, Brem? Mesthiné jeruk, rambutan, pelem lan liya-liyané sing ana ing kebonmu iki olèhé kembang rak ya mangsan ta?
Bremara : Kowé bener. Mung krambil sing kembangé ajeg. Nanging, yèn mung njagakaké manggar, kanggo nyepaki tawon pirang-pirang glodhog iki pancèn ora cukup. Mula, yèn wit-witan pinuju ora kem bang, tawon-tawon iki dakcawisi pangan gawéan.
Badri : Apa kuwi?
Bremara : Jenang gula sing ora pati kenthel, ning ya ora cuwer-cuwer banget. Banyuné karo gulané ban dhingané siji karo siji.
Badri : Apa ora rugi?
Bremara : Ora. Sebab, undhuh-undhuhané madu, yèn didol pepayoné isih menang karo tukoné gula.
Badri : Kaya-kaya wis gamblang, Brem, katranganmu. Mengko aku arep matur Bapak, arep tiru-tiru kowe ngingu tawon.
Bremara : Sokur yèn wis cetha. Kapan-kapan, yèn isih ana bab-bab sing arep kotakokaké, rénéa! O, iya, kaé ngomah isih ana madu rong gendul gawanen mulih, caosna Budhé kagem campuran ngunjuk jamu.
Badri : O, iya, matur nuwun!

[ 22 ]B. Wangsulana kang patitis!

  1. Tawon ratu karo tawon wadon gedhé endi?
  2. Apa pagawéané tawon ratu?
  3. Apa tugasé tawon lanang?
  4. Apa tugasé tawon wadon?
  5. Sadurungé disuntak ana ing jero tala, madu sing digawa tawon wadon kuwi disimpen ana ngendi?
  6. Yèn ora pinuju mangsa kembang, ngingu tawon kuwi apa kurup? Apa sababé?

C. Wacan ing ndhuwur kuwi wacanen kang patitis, laguné sing trep!

II. Tuladha

  1. Bremara ngingu tawon.
    Tembung "ngingu tawon" kuwi ngenggoni teges lugu. Tegesé lugu ngingu kuwi miyara kéwan murih lestariné.
  2. Samsul bareng ngingu brengos, akèh kancané sing pangling.
    Tembung "ngingu brengos" kuwi ngenggoni teges éntar, dudu teges lugu, sabab tegesé lugu ngingu kuwi miyara kéwan murih lestariné.

A. Tembung-tembung sing cap-capané kandel ing ngisor iki aranana, ngenggoni teges lugu apa teges éntar.

  1. Granat sing njeblug kuwi natoni wong-wong sing lagi padha lungguhan ana ing ebuk.
  2. Omong mono sing ngati-ati, diarah aja nganti natoni atiné wong liya.
  3. Kanggo ngragadi sekolahé anaké, Naya kepeksa adol sapiné.
  4. Kowé kok emoh sekolah kuwi apa bésuk mung arep adol bagus, dlédar-dlèdèr ngalor ngidul.
  5. Wong nayap kuwi mesthi angon limpéné sing duwé omah.
  6. Saben soré Dalim angon wedhus ana ing ara-ara.
  7. Wong sinau kuwi ibaraté ngasah pikiran.
  8. Pédro ngasah péso arep dienggo ngirisi gendar. [ 23 ]
  9. Panut gawé jugangan arep dienggo nandur gedhang.
  10. Sapa nandur kabecikan bakal ngundhuh kabecikan.

B. Tembung-tembung éntar ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!

  1. angon mangsa
  2. nglakokaké dhuwit
  3. mbuwang tilas
  4. ngabangaké kuping.
  5. mbukak wadi

  1. ngumbar hawa
  2. ngendhalèni hawa nepsu
  3. ngatonaké siyungé
  4. nggedhèkaké puluk
  5. ngangsu kawruh

III. Tuladha

  1. Tawon kuwi méncok ing manggar.
    Tawon kuwi = jejer
    méncok = wasésa
    ing manggar = katrangan panggonan
  1. Sésuk Dakim sésuk.
    sésuk = katrangan wektu
    Dakim = jejer
    réné = wasésa
  1. Dhawud bola-bali semaput.
    Dhawud = jejer
    bola-bali = katrangan cacah
    semaput = wasésa

Ukara-ukara iki udhalen kaya tuladha ing ndhuwur!

  1. Wisnu wis réné ping telu.
  2. Mau bengi aku ngimpi,
  3. Ana kéné Yu Sri ora ngineb...
  4. Embah séda rong tahun kepungkur.
  5. Basuki bola-bali takon.
  6. Baskara ngineb ana ing hotel.
  7. Wis ping telu iki dhèwèké dakélikaké.
  8. Ana kana Pramana disubya-subya.
  9. Mengko awan klambiku dadi.
  10. Sésuk Dhik Bawa arep dakpethuk. [ 24 ]IV. Wacan ing ngisor iki tulisen nganggo aksara jawa!
Tawon Madu

 Tawon madu uga diarani tawon glodhog. Diarani tawon glodhog jalaran manawa tawon kuwi diingu ing uwong dipapanaké ing omah-omahan sing jenengé glodhog. Tawon kuwi diarani tawon madu amarga manawa tawon kuwi diingu ing uwong sing dipurih maduné.

 Madu tawon kuwi pigunané akèh lan kasiyaté gedhé. Madu dicampur banyu jeruk nipis dadi obat watuk sing mujarab. Madu diublak karo mrica sethithik dadi jamu sing marakaké awak dadi sentosa. Wédang susu dicampuri endhog pitik lan madu marakaké awak dadi seger waras. Madu uga kerep kanggo campurané roti.


V. Wacan ing ngisor iki ngokokna!

Ngingah Tawon

 Bapakipun Duryat ngingah tawon. Glodhogipun kathah sanget, dipun papanaken wonten ing kebon jeraminipun. Wit jeram lan tawon punika bantu-binantu. Liripun mekaten. Menawi wit jeram punika pinuju nyekar, sekaripun jeram punika dados tedhanipun tawon. Sekaripun jeram punika ingkang dados tedhanipun tawon inggih punika tepung sarining sekar lan mabenipun. Nalika tawon méncok ing sekar saperlu ngisep maben lan mendhet tepung sarinipun sekar punika, saèstunipun tawon punika boten njarag ngréncangi wit jeram ngawontenaken penyerbukan, inggih punika mindhah sapèranganipun tepung sari punika wonten ing kepala putikipun sekar punika, njalari sekar lajeng dados pentil.

 Wontenipun bantu-binantunipun wit jeram lan tawon punika ingkang badhé angsal munpangatipun boten sanès bapakipun Duryat. Tawonipun badhé ngasilaken maben kathah, lan wohing jeramipun ndados. Angsal-angsalanipun anggenipun nanem jeram lan ngingah tawon saged kanggé nyampedi kabetahaning kulawarga


24 [ 25 ]

VI. Kasusastran
 Ing wulangan kapisan wis dipratélakaké manawa kasusastran Jawa kuwi manut nom-tuwané kapérang dadi telu, yaiku Kasusastran Jawa Kuna, Kasusastran Jawa Tengahan, lan Kasusastran Jawa Anyar. Manut dhapukaning basané, susastra iku ana sing awujud basa gancar. Tembangé Kasusastran Jawa Kuna jenengé Kekawin, tembangé Kasusastran Jawa Tengahan jenengé Kidung, déné tembangé Kasusastaran Jawa Anyar ana werna telu, yaiku: tembang Macapat, tembang Tengahan, lan tembang Gedhé.
1. Tembang Macapat

Tembang Macapat ana sewelas. Tembang Macapat kawengku ing guru wilangan, lan guru lagu utawa dhong-dhing. Guru wilangan lan dhong-dhingé Tembang Macapat kuwi kaya kasebut ing ngisor iki:
  1. Maskumambang  : 12i, 6a, 8i, 8a
  2. Pocung  : 12u, 6a, 8i, 12u
  3. Gambuh  : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
  4. Megatruh  : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
  5. Mijil  : 10i, 6o, 10é, 10i, 6i, 6u
  6. Kinanthi  : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
  7. Durma  : 12a, 7i, 6a, 7a, 12u, 8a, 8i
  8. Pangkur  : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
  9. Asmarandana  : 8i, 8a, 8é, 8a, 7a, 8u, 8a
  10. Sinom  : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
  11. Dhandhanggula : 10i, 10a, 8é, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.


Tuladha
Pocung (Wedhatama, KGPAA Mangkunagara IV)
Lila lamun kélangan nora gegetun,
trima yèn ketaman.
sakserik samèng dumadi.
tri legawa nalangsa srah mring bathara.

25

[ 26 ]
Gambuh (Wedhatama, KGPAA Mangkunagara IV)
Wong seger badanipun.
otot daging kulit balung sumsum.
tumrahing rah mamarah antenging ati.
antenging ati manungku.
angruwat ruwedi batos.


2. Tembung Tengahan

Tembang Tengahan kuwi Tembang Macapat kuna, Tembang Macapat sing wis arang kesambrah ing layang-layang anyar.


Tembang Tengahan kuwi upamané:
  1. Jurudemung  : 8a, 8u, 8u, 8a, 8u, 8a, 8u.
  2. Balabak  : 12a, (3é), 12a, (3é), 12a, (3é).
  3. Wirangsong  : 8i, 8o, 10u, 6i, 7a, 8a,.
  4. Girisa  : 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a.


Tuladha
Wirangrong(Centhini, yasan jaman Sinuwun PB V)
Ya ta wau sira nuli,
sang brangta lampahnya alon,
ngambah jurang sengkan siluk-siluk,
yèn tinon arampal,
pan arang kambah ing janmi.


3. Tembang Gedhé

Tembung gedhé kuwi ora nganggo dhong-dhing, satiba-tibané kena. Mung baé Tembang Gedhé uga nganggo guru wilangan. Kabèh Tembang Gedhé ana patang pada pala utawa patang gatra. Guru wilangan ing dalem sapada-padané padha. Dadi, yèn pada kapisan ana 6 wanda, saterusé 6 wanda kabèh. Cacahé wanda ing dalem sapada kuwi jenengé laku. Tembung Gedhé kuwi sethithik-sethithiké laku 5, akèh-akèhé laku 32


26 [ 27 ]Tuladha

Citramengeng, laku 12, pedhotan 6 — 6

Risang Mahayekti sawusé semèdi.
munggwing pacrabakan dangu aningali.
wijiling sasangka saking graning ardi.
karenan tyasira alon angandika.

[ 28 ]
Wulangan ka-4


I. A. Wacanen batin!

Atur Pambagya

 Para pinisepuh ingkang ambek darma ingkang kinurmatan; para tamu kakung saha putri mgkang satuhu luhur ing budi ingkang kula mulyakaken.
Kula sesulihipun adhimas Wisnubrata kekalih keparenga sumela atur ngambali ngaturaken sugeng rawuh panjenengan sekaliyan.

 Salajengipun, sepisan adhimas Wisnubrata kekalih ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami, déné panjenengan sekaliyan wonten keparenging penggalih nglonggaraken wekdal rawuh wonten ing pondhokipun adhimas Wisnubrata, saperlu neksèni anggènipun adhimas Wisnubrata sakukuban tampi

[ 29 ]

nugrahing Gusti Ingkang Maha Asih, déné anakipun ingkang waruju pun nak ajeng Tantri Wulandari sampun pinaringan cekap anggènipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan luhur Universitạs Airlangga, ingkang salajengipun kala dinten Sabtu Paing surya kaping kalih dasa wulan kapengker sampun kelampah winisudha dados sujana sarjana ing babagan kedhokteran gigi.

 Ingkang angka kalih, sambet kaliyan prekawis punika, adhimas Wisnubrata kekalih nyuwun tambahing pangèstunipun para pinisepuh, saha nyuwun panjuruging pandonganipun para rawuh ingkang kaleres anèm, mugi-mugi nak ajeng Tantri Wulandari saged munpangataken kawruh saha kasagedanipun dhumateng sesami, minggahipun sageda mupangataken seserepanipun tumrap kamajengan saha kaluhuranipun nusa lan bangsa.

 Katiganipun, mawantu-wantu adhimas Wisnubrata nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, déné awit saking cupet saha sèkènging sedayanipun, adhimas Wisnubrata sakukuban boten saged nampi rawuh panjenengan kanthi papan palenggahan ingkang sakéca saha boja krama ingkang prayogi.

 Wasana, adhimas Wisnubrata sakukuban nyuwun kanthi derenging manah, mugi panjenengan sekaliyan wonten keparenging penggalih nglajengaken saha nyekécakaken anggèn panjenengan sami lelenggahan ngantos paripurnaning pahargyan. Wondéné ingkang sampun lumados wonten ing ngarsa panjenengan, wontena kapareng panjenengan angresepi ing sawontenanipun. Nuwun.


B. Wangsulana kang patitis

  1. Lumantar sing makili, Bapak Wisnubrata ngaturaké apa marang tamu?
  2. Apa panyuwuné Bapak Wisnubrata marang para tamu tumrap putrané sing lagi lulus dhokter?
  3. Apa sing dijalukaké pangapurané para tamu?
  4. Pungkasané Bapak Wisnubrata nyuwun apa marang tamu-tamuné?


29

[ 30 ]

C. Wacanen sing patitis, tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!

  1. Wasana Adhimas Wisnubrata mawantu-wantu nyuwun kanthi derenging manah keparenga para rawuh nyekécakaken anggènipun sami lelenggahan,
  2. Wadana kuwi tembung basa kawi, tembungé saiki rai.
  3. Dahana uga tembung kawi, tembungé saiki geni.
  4. Nalika ana prahara kaé, ing désaku akèh omah ambruk.
  5. Kamardikan kuwi sarana kanggo nggayuh kamulyan.


II. Tuladha

  1. Adhimas Wisnubrata kekalih tampi (kanugrahan, ganjaran, bebingah), anakipun ingkang waruju lulus sinaunipun wonten ing pawiyatan luhur Universitas Airlangga.
  2. Adhimas Wisnubrata kekalih sampun tampi kanugrahan, anakipun ingkang waruju lulus sinaunipun wonten ing pawiyatan luhur Universitas Airlangga.


A. Tembung-tembung njeron kurung ing ngisor iki pilihen sing cocog karo ukarané!

  1. Sultan Adiwijaya paring (kanugrahan, ganjaran, bebingah) dhumateng Danang Sutawijaya, dénéng Danang Sutawijaya sampun saged nyédani Arya Penangsang.
  2. Sanèsipun arupi buku, kula ugi tampi (ganjaran, kanugrahan, bebingah) arupi piyagam.
  3. Para ratu sèwu nagari sami (mangayubagya, ngayogyani, nyarujuki) tékadipun kadang Pandhawa anggènipun badhé ngrebat nagari Astina ingkang sepalih.
  4. Kula dipun timbali Pak Lurah, kadhawuhan (neksèni, ningali, nyumerepi) anggènipun Bapak badhé makafaken kagunganipun siti.
  5. Kula boten matur dora, kula (sumerep, ngénangi, neksèni) piyambak kedadosan ingkang kula cariyosaken punika.


30 [ 31 ]

B. Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing trep!

  1. dientèni; diadhang
  2. dilapuraké; dicritakaké
  3. disrengeni; dikandhani
  4. ditakoni; dipethèki
  5. diréwangi; dilabuhi


III. Tuladha
Wayangan
Pak Lurah mantu olèhé wayangan sadina sewengi.
Wayangan = nanggap wayang
Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara, banjur terangna tegesé kaya mladha ing ndhuwur!

  1. sukuran
  2. selapanan
  3. ganjaran
  4. mentahan
  5. sabrangan

  1. atusan
  2. tangisan
  3. saringan
  4. sarungan
  5. mentalan


IV. Tulisen nganggo aksara Jawa!

  1. Wetengku krasa lara.
  2. Murtana lara mripat.
  3. Tarsi tuku mrica karo trasi.
  4. Olèhmu cekélan aja nganti mrucut.
  5. Omahku trocoh.
  6. Sing gemi, aja ngebrèh.
  7. Bremana nyukur brengos.
  8. Bagya nunggang kréta.
  9. Sing nyuling kaé Prasetya.
  10. Murtaji byur-byuran ana ing kolam renang.


V. Pacelathon ing ngisor iki owahana nganggo basa krama!

Bagya : Sih, omahé tanggamu kaé kok regeng duwé gawé apa?
Narsih : Yèn ora klèru arep sukuran.
Bagya : Sukuran apa?

31

[ 32 ]
Narsih : Kowé rak ngerti Mbak Wulan, ta?
Bagya : Mbak Wulan généya?
Narsih : Mbak Wulan rampung kuliyahé, kabaré malah wis entuk gawéan tugas ana ing Puskesmas Kriyan.
Bagya : O, Mbak Wulan ki dhokter ta?
Narsih : Hee, dhokter gigi.
Bagya : Wah, seneng ya, Sih. Lagi lulus terus éntuk gawéan.
Narsih : Wong kuwi padha duwe beja dhéwé-dhéwé. Kaya Mbak Wulan kuwi, pinter tur beja.
Bagya : Bejané?
Narsih : Lha ya kuwi, lagi lulis wis terus éntuk gawéyan. Rak akèh ta, wong pinter ning ora beja. Golèk gawéan rana-rana ora tumuli éntuk.
Bagya : Lha yèn ngono kuwi terus piyé, Sih?
Narsih : Setiyar terus, nganti saéntuké. Sokur bagé ora njagakaké gawéan awèwèhing liyan.
Bagya : Karepmu piyé?
Narsih : Karepku, ora nyambutgawé mèlu wong liya, nanging berwiraswasta, aliyas mandhirèng pribadi.
Bagya : Cocog kuwi, Sih. Idham-idhamanku wiwit biyèn ya kaya sing kokandhakaké kuwi, berwiraswasta.
Narsih : Kuwi kabèh prekara bésuk, sing penting saiki sinau mempeng.
Bagya : Cocog, sinau mempeng satutugé. Ora pati-pati lèrèn yèn pikiran isih gaduk lan wong tuwa isih saguh ngragadi. Rak ya ngono ta, Sih.
Narsih : Kandhamu ora klèru.


IV. Sesorah atur pambagya sukuran ing pérangan kapisan apalna ana ing ngarep kelas!


32 [ 33 ]
Wulangan ka-5


I. A. Wacanen kang patitis!

Persami
Kak Prapta : Adhik-adḥik, minggu ngare mengko gugusdepané dhéwé sida nganakaké Persami, Perkémahan Sabtu Minggu.
Andri : Saèstu wonten lapangan Kecamatan, Kak?
Kak Prapta : Ora, nèng lapangan sekolahané dhéwé baé. Sing mèlu Persami mengko mung bocah klas telu. Dadi, ana ing lapangan sekolahané dhéwé baé cukup.
Bawa : Malah kleresan, Kak. Mangké menawi jawah saged mlebet klas, Tiyang sapunika taksih mangsa jawah.
[ 34 ]
Retna : Tur anggènipun pados toya gampil, kantun mompa utawi muter kran.
Badrun : Menawi badhé dhateng wingking ugi boten tebih.
Kak Prapta : Pramuka kok mung seneng golèk gampang.
Retna : Punika wau rak namung dhawah kleresan, Sejatosipun wonten ing pundi kémawon sagah.
Dewi : Inggih, Kak, mbok wontena ing panggénan ingkang tebih toya lan tebih punapa kémawon, Pramuka boten badhé ngresula.
Kak Prapta : Kuduné pancèn ngono. Pramuka ora kena ringkih atiné, Pramuka kudu tabah.

Iki ngéné, Kanggo sarat melu Persami, kaya adat saben, Adhik-adhik kudu olèh idin saka wong tuwa. Iki Kak Prap wis nyawisaké blangko layang idin saka wong tuwamu, Isènana!

Badrun : Sanèsipun punika punapa ingkang, kedah kula cawisaken, Kak?
Kak Prapta : Kaya adaté kaé, sakabèhing ubarampé kanggo berkémah. Upamané téndha saubarampéné, beras saubarampéné, piranti kanggo mangsak, piranti kanggo turu, lan aja lali obat-obatan PPPK. Prakara téndha, rèhne téndhane dhewé kurang, mengko regu sing arep nyilih téndha menyang Gudep liya dakgawani layang.
Andri : Mangké kula nyuwun serat, Kak, kula badhé pados sambutan tendha!
Bawa : Kula inggih, Kak.
Kak Prapta : Sing butuh, mengko kabèh dakwènèhi.
Galih : Adatipun sekolahan maringi bantuan ragad kanggé kabetahanipun regu. Punapa mangké saben regu ugi tampi bantuan, Kak?
Retna : Wah, Galih, usul pisan baé prekara bantuan! saru, ah!
kak Prapta : Kuwi ora saru, Retna, Pramuka mono pancèn kudu blak-blakan, Mesthiné Galih rak nalurèkaké adat sing uwis, Ruk ya ngono ta, Galih?

[ 35 ]

Galih : Inggih... Kak. Kula namung nalurèkaken adat ingkang sampun kelampahan.
Kak Prapta : Aja kuwatir, Wingi Kak Mabigus. Bapak Kepala Sekolah ngendika, manawa sekolahan arep maringi bantuan. Nanging gedhé ciliké buntuan Kak Mabigus ora ngendika lan Kak Prap uga Ora nyuwun priksa.

Saiki ngéné. Wahyu. blangko-iki dumen. Yèn uwis. Adhik-adhik. banjur padha ngisènana blangko iki apa mesthiné. Mung baé. bab tulisan tidak mengizinkan utawa mengizinkan, aja ana sing kocorèk dhisik. Mengko sing milih lan sing nyorèk karebèn wong tuwamu dhéwé. Nanging. yèn ora ana bab liya sing luwih wigati. beciké wong tuwamu suwimnén lilané. Kowé kabèh rak padha ngerti ta, pigunané berkémah?

Davat : Ngertos sanget. Kak. Antawisipun kangé nglatih cesang mandhirèng utawi berdikari. lan, ugi nglatih gesang sesarengan kaliyan tiyang sanès. gesang bermasyarakat.
Wahyu : Boten kawon. wigatosipun. inggih punika ngipuk-ipuk raos tresna dhateng sasami lan dhateng alam saisinipun; lan...
Alip : ...ugi mewahi kandeling iman lan takwa dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagat.
Badrun : Wah Alip, nyaut baé!
Alip : Nanging rak bener ta?
Kak Prapta : Bener, kowé kabèh pancèn bener. Mula, yèn ora kepeksa ana acara liya sing luwih wigati, kowé kabèh prayogané padha mèlua! Enya, blangko layang idin iki tumuli dumen!


B. Wangsulana kang patitis, nganggo basa krama!

  1. Bocah klas telu arep nganakaké apa?
  2. Persami kuwi cekakané tembung apa?
  3. Apa munpangaté berkémah? [ 36 ]
  4. Wong berkémah kuwi ubarampéné apa baé?
  5. Pramuka kudu duwé watak kapriyé?

C. Ukara-ukara pitakon iki wacanen kang patitis, laguné sing trep!

  1. Saèstu wonten ing lapangan kecamatan, Kak?
  2. Sanèsipun punika, Punapa ingkang kedah kula cawisaken, Kak?
  3. Punapa mangké saben regu ugi tampi bantuan, Kak?
  4. Rakya ngono ta, Galih?
  5. Kowé rak padha ngerti ta, munpangaté berkémah?
  6. Nanging rak bener ta?

II. Tuladha
Laré-laré ngawontenaken Persami wonten ning lapangan sekolahan.
Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes, Kaya tuladha ing ndhuwur!

  1. téndha
  2. berkémah
  3. api unggun
  4. napak tilas
  5. tali-menali

  1. tri satya
  2. dwi darma
  3. dasa darma
  4. semapur
  5. jamboré nasional

III.Tuladha
Téndhané ditambal nganggo terpal.
Téndhané: jejer
ditambal: wasésa
nganggo terpal: katrangan piranti
A. Ukara-ukara iki udhalen kaya tuladha?

  1. Banyuné ditadhahi nganggo èmbèr.
  2. Wit pedhang iki dicongkog nganggo pring.
  3. Sikil méja kuwi diganjel nganggo tugelan bata.
  4. Dhèwèké nyabrang nganggo gèthèk [ 37 ]
    1. Cendhélan dijugil nganggo linggis.
    2. Poteloté diongoti nganggo grénda.
    3. Tangané diblebed nganggo perban.
    4. Dhuwité dibuntel nganggo kertas koran.
    5. Lumuté dikerok nganggo bendho.
    6. Sardi nampani nganggo tangan tengen.

B. Gawéa ukara uganggo katrangan piranti kasebut ing ngisor iki!

  1. nganggo pulas
  2. nganggo gelas
  3. nganggo tali rami
  4. nganggolim plastik
  5. nganggo keris


IV. Gawaéa karangan cekak kanthi irah[irahan: Minggah Redi !
Bab-bab sing perlu kotulis ana Img sajroning karanganmu kuwi upamané:

  1. munggah-gunung kuwi klebu éwoné olahraga
  2. munpangaté Olahraga munggah gunung
  3. bab-bab sing wigati sing kudu digatèkaké yèn kowé arep munggah gunung
  4. bebayané munggah gunung

Bab-bab kuwi anggonmu nyritakaké kena kowolak-walik, endi sing arep kocritakaké dhisik lan endi sing arep koenggo panutuping karanganmu. Sing penting, critamu kudu runtut, tulisanmu cetha lan bener.


V. Pacelathon ing ngisor iki owahana nganggo basa krama!

Wulan : Vin, kowé wis éntuk silihan téndha?
Vivin : Uwis, olèhku nyilih, nibang Gudep Saka Taruna Bumi.
Wulan : Ya nganggo layang saka Kak Prapta?
Vivin : Hee. Wingi aku karo Ratih sowan Kak Prapta nyuwun layang, kanggo nyilih téndha kuwi.
Wulan : Aku terna sowan Kak Prapta, ya, Vin. Aku ya arep nyuwun layang kanggo golèk silihan téndha.

[ 38 ]

Vivin : Kowé arep golèk silihan menyang ngendi. Wul?
Wulan : Kandhané Ndari, Gudep 007 SMP 5 duwé akèh. Aku
arep nyilih rana.
Vivin : Hee. SMP 5 pancèn duwé téndha akèh tur apik-apik.
wong isih anyar.
Wulan : Besuk, kanggo ngisèni acara api unggun regumu arep
ngetoni apa, Vin.
Vivin : Wah, aku karo kanca-kanca durung mikir. Lha regumu
piyé?
Wulan : Aku ya durung mikir. Ning, sajaké wingi Ndari ngajak
ngetoni sosiodrama.
Vivin : Bab apa?
Wulan : Perjuwangané Cut Nyak Dien, yèn ora klèru.
Vivin : Wah, apik kuwi. Upama durung kopilih, aku ya ke
péngin ngetoni sosiodrama bab kuwi.
Wulan : Regumu bésuk sing arep ngetoni lomba PPPK sapa
Vin?
Vivin : Wingi kanca-kanca milih Mariyam karo Nanik.
Jalaran, Mariyam karo Nanik mèlu kegiatan PMR.
Dadi, bab PPPK mesthiné wis mumpuni.
Wulan : Ya wis, ayo Vin, sowan Kak Prapta. Aku arep nyuwun.
layang kanggo nyilih téndha, mengko mundhak selak
ora komanan téndha.
Vivin : Ayo, dakteraké.
VI. Wacan ing ndhuwur, Persami, apalna karo kanca-kancamu ana ing ngarep klas! Ana sing dadi Kak Prapta, ana sing dadi Andri, ana sing dadi Bawa, ana sing dadi Retna, ana sing dadi Badrun, lan sapituruté! [ 39 ]
Wulangan ka-6

I.A. Tembangna bebarengan!

Rerepèn
(Pangkur)
  1. Jirak pindha munggwing wana,

    sayèng kaga wé rekta kang muroni,
    nyenyambi kalaning nganggur,
    wastra tumrap mastaka,
    pangiketé wangsalan kang sekar pangkur,
    baon sabin i ing nawala,

    kinarya langen pribadi.
  2. Sénthé lit sasanèng arga,
    lenging roga mina kinaryaa dhesthi,
    nglelejar lajering wuyung,
    sikatan bang ngrembaka,
    pinisuka kasukan saananipun,
    wimbaning kang candra wéla,
    mrih purna pranawèng kapti.
  3. Sarkara drawa linama,
    gelang swéda kramané marah siwi,
    ilang laliyèng wulangun,
    mundhu lit dhaonira,
    lumeketing kayuwananirèng kayun,
    parah madyaning Pandhawa,
    sarjua arjaning dhiri.
  4. Singgang gung kang piniyara,
    mardi siswa kekawinirèng èstri,
    winèh winulangken wadu,
    peputhut mong Pregiwa,
    kang suméwa paséwakaning kalangun,
    pangrantamirèng pradangga,
    sesendhonan genti-genti.

(kesambi)

(kala anggun)

(iket)

(karya)

(kajar)

(planjer, dhuyung)
(soka)

(purnama)

(kilang)

(ali-ali, mulang)

(claket)

(Arjuna)

(winih)

(mulang, wadu)

(Janaloka)

(sendhon)

[ 40 ]
  1. Wicara tanpa karana,

    bebasané janma nunggal sapanti,
    ngayawara tanpa dunung,
    sampang panggilap wreksa,
    peprenètsan linaras resmining kayun,
    narmada lit ngalang marga,

    tan liya amung ngrerepi..

(ngayawara)

(dunung)

(prenis)

(kali)

(Rerepèn, KGPAA MN IV)

B. Wangsulana kang patitis!

  1. Ukara endi sing mratélakaké manawa pangarangé tembang Pangkur kuwi mung disambi nalikané nganggur?
  2. Gatra endi sing mratélakaké manawa anggoné ngarang rerepèn kuwi kanggo nglipur ati sing Tapi sedhih?
  3. Wangsalan sing endi sing ngandhakaké manawa pangrakité tembang Pangkur kuwi mung Kanggo nyenyeneng atiné dhéwé?
  4. Mundhu sing godhongé ciyut kuwi jenengé apa? Ana Ing ukara wangsalan ing kono ditebus nganggo tembung apa?
  5. Cantrik utawa puthut sing momong Pregiwa jenengé sapa? Ing wangsalan kono ditebus nganggo tembung apa?
  6. Wangsalan kuwi ukara kaya déné cangkriman nanging mawa batangan. Batangané mung disrempèt sapérangan. dumunung ing sajroning ukara sing dadi isiné wangsalan kuwi. Coba isiné rerepèn kuwi wacanen tanpa maca “cangkrimané".

C. Ukara-ukara iki wacanen sing patitis, tembung sing cap-capané kedalna sing trep!

  1. Pindha kuwi tembung kawi, tegesé kaya.
  2. Wacan, iki wis dakwaca pindho, nanging aku durung ngerti maksudé.
  3. Aku ora-mlebu sekolah jalaran lara.
  4. Anaké loro, kedhana-kedhini,
  5. Dakent£ni ora teka, sing teka mung layangé.
  6. Ésuk-ésuk ngombé teh téko pulané batu, pacitané jadah gorèng, wah nyamlengé. [ 41 ]
    1. Sandhangané diwadhahi keba, yaiku kanthong gedhé kang digawé nam-naman méndhong.
    2. Dhadhungawuk angon kebo bulé pancal panggung, cacahé patang puluh.
    3. Lawangé menga, mesthiné sing duwé omah ana.
    4. Diundang ora gelem méngo, apa manèh mangsuli.

    II. Tuladha

    Lenging roga mina kinarya dhesthi.
    Roga, mina, kinarya, lan dhesthi kuwi tembung kawi. Tembungé saiki: roga ateges lara, mina iwak loh, kinarya ateges kanggo gawe, dhesthi tegesé piala utawa srana kanggo ngguna gawé (nggunani).

    A. Mara tembung-tembung kawi sing cap-capané kandel ing ngisor iki terangna tegesé!

    1. Jirak pindha munggwing wana.
    2. Sayèng kaga wé rekta kang muroni.
    3. Wastra tumrap mastāka.
    4. Baon sabin ing nawala.
    5. Kinarya langen pribadi.
    6. Sénthé lit sasanèng arga.
    7. Wimbaning kang candra wéla.
    8. Mrih purna pranawèng kapti.
    9. Gelang swéda kramané marah siwi.
    10. Lumeketing kayuwananirèng kayun.
    11. Parab madyaning Pandhawa.
    12. Pangrantamirèng pradangga.
    13. Bebasané janma nunggal sapanti.
    14. Sampang panggilap wreksa.
    15. Narmada lit ngalang marga.
    16. Tan liya amung ngrerepi..

    B. Tembung-tembung kawi ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!

    1. wilis
    2. séta
    3. pita
    4. langking
    5. rekta

    1. sato
    2. janma
    3. éka
    4. purwa
    5. akasa

    [ 42 ]III. Tuladha

    Pinisuka kasukan saananipun.
    Saananipun asalé saka tembung lingga ana, olèh ater-ater sa lan panambang ipun. (sa + ana + ipun)
    Saananipun tegesé pira anané.
    A. Tembung-tembung mawa ater-ater sa ing ngisor iki terangna tegesé!

    1. Dhuwité ditukokaké gula, uyah, Janganan lan beras saliter.
    2. Sasoré bendhé lungguh nèng ngarep TV kok ora kesel.
    3. Ana ing Surabaya. Kotik sapondhokan karo Lestari.
    4. Aku mau weruh ula gedhéné sauwit pucang.
    5. Santosa boyong menyang Sumatra saanak-bojoné.
    6. Sarampungé nggarap PR, Tuti ngajari adhiné matématika.
    7. Surip sasasiné diblanja pitung puluh lima èwu.

    B. Tembung-tembung mawa ater-ater sa ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!

    1. sahèktar
    2. sakésuk
    3. saasrama
    4. salengen

    1. sagudèlé
    2. sapungkuré
    3. satauné

    IV. Tembang Dhandhanggula sapada ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!

    Carang wreksa ingkang jamang tambir,
    ora gampang wong mengku negara,
    baligo amba godhongé,
    kudu santosèng kalbu,
    tengarèng prang andheging riris,
    dèn tetep tranging Ciplau,
    sendhang niring ranu,
    sasat ana ing palagan,
    kasang loya garinging mina jaladri,
    yèn apes kawirangan,


    42 [ 43 ]v. Pacelathon ing ngisor iki wacanen kang patitis!
    A. Dhialêk Ngayogyakarta

    Bu Eli : Lo, kok kowé, Mbok? Takarani sapu tamuné. Wis suwé lehmu ngenteni?
    Mbok Merta : Sampun, Ndara.
    Bu Eli : Iki mau aku rak agi adus, Dikandhani nèk ana tamu. Takarani sapa, Dha slamet ta, Mbok Merta?
    Mbok Merta : Injih, pangèstunipun Ndara sami saras kémawon, Ndara rak injih sami wilujeng ta
    Bu Eli : Ya kaya ngéné iki, Mbok. Wah, ya kaya ngéné, Mbok Merta, ... supek banget omahku, Wis cilik ... gek barang-barangé kaya ngéné akèhé, Tempat tidhur lima waé sing bisa dipasang ming loro.
    Mbok Merta : La punika, méja kursi kilèn punika njih namung dipun tumpuk.
    Bu Eli : Ha ya kuwi! Mangka barang-barang saka Jakarta durung leka kabèh. Anu kok, Mbok,... takkon aja dikirim dhisik, sadurungé aku éntuk omah sing gedhé.
    Mbok Merta : Injih, Ndara. Tenèh mangké dospundi yèn barang-barang dhateng, papan dereng wonten.
    Bu Eli : La wong ndara kakung swargi ki remenané tetuku barang-barang ta, Mbok. Mangka dhèk semana ndara kakung Kuwi apa-apa ming kari aba. Barang-barang prasasat teka dhéwé.
    Mbok Merta : O, injih, Ndara Reny kok boten kelingal punika, Ndara?
    Bu Eli : Ah embuh iki mau! Sajaké kok latihan renang.
    Mbok Merta : Renang punika menapa, Ndara?
    Bu Eli : Renang ki ... nglangi.
    Mbok Merta : O...!
    Bu Eli : Aku ki jané rak selak sedhih manggon nèng kéné ki. Tumrap aku keciliken omah iki, senadyan aku ki ming batih loro karo anakku Reny. Ha iya ... terus piyé lèhmu nggolèkké omah, Mbok?

    [ 44 ]

    Mbok Merta : Marak kula mriki punika rak badhé nyaosi katrangan anggèn kula dipun utus.
    Bu Eli : Ha iya, terus piyé? Olèh gawé ora? Coba ta, kowé weruh dhéwé...barang larang- larang dha pating pethethek kaya ngéné. Selak sebah atiku , Mbok.

    ..................................................................................................................................................................

    (Golèk séwan Omah, Kus Sudyarsana, Bunga
    Rampai Sastra Jawa Mutakhir, J.J. RAS)



    B. Dhialèk Banyumas

    Biyung : Ya Alah, jebulanè kiyè agi wiwit baé. Dènéng si ora, mau gugup baè kesusu-susu mangkat.
    Bapa : E, mbokké kiyé, keprigèn si. Wong mau nang gili kana kepethuk kang Naya jere. Dhèwèkké wis sekang pasar. Jarè nyangking bodin sapikul baè wis payu 4000 pèrak.
    Biyung : Buset-busèt. Dènéng payu temen si ya. Mbok digelis, bodiné dhèwèk kiyè dibukak.
    Bapa : Mulané kiyè tak pasiki si apa. Wis nganah Mbokké, dibakarena bodin sisan. Dadi mengko inyong ngaso, bodinè wis mateng.
    Biyung : Mengkin Samin mawon bapakké. Wong kula ajeng olah-olah jerè.
    Bapa : Ya, Allah, sadhelèt baé, Nèk Samin kon ngènèh sing angon keboné si sapa.
    Biyung : Enggih ta mpun, Mriki kula brongosaken sadhèlet...

    (Medan Bahasa Basa Jawi nomer. 4, April 1957 Tahun II)

    [ 45 ]VI.Pethikan ing ngisor iki tembangna!
    Gambuh
    1. Sekar gambuh ping catur,

      kang cinatur polah kang kelantur,
      tanpa tutur ketula-tula ketali,
      kadaluwarsa kepatuh,
      kautuh pan dadi awon.


    2. Aja nganti kebanjur,
      sebarang polah kang nora jujur,
      yèn kebanjur sayekti kojur tan becik,
      becik ngupayaa iku,
      pitutur sayektos.

    3. Tutur bener puniku,
      sayektiné apantes tiniru,
      nadyan metu saking wong sudra papèki,
      lamun becik nggoné muruk,
      iku pantes sira anggo.

    4. Ana pocapanipun,
      adiguna adigang adigung,
      pan adigang kidang adigung pan èsthi
      adiguna ula iku,
      telu pisan mati sampyoh.

    5. Si kidang umbagipun,
      ngandelaken kebat lampahipun,
      pan si gajah ngandelaken geng ainggil,
      ula ngandelaken iku,
      mandiné kalamun nyakot.

    6. Iku upaminipun,
      aja ngandelaken sira iku,
      sutèng Nata iya sapa kumawani,
      iku ambeké wong digung,
      ing wasana dadi asor.

    45

    [ 46 ]


    1. Adiguna punika,
      ngandelaken kapinteranipun,
      samubarang kabisan dipun dhèwèki,
      sapa bisa kaya ingsun,
      toging prana nora énjoh.

    2. Ambek adigang iku,
      ngungasaken ing kasuranipun,
      paratantang candhala anyenyampahi,
      tinemenan nora pecus,
      satemah dadi geguyon.

    3. Ing wong urip puniku,
      aja nganggo ambek kang tetelu,
      anganggoa rèrèh ririh ngati-ati,
      dèn kawangwang barang laku,
      kang waskitha salahing wong.

    . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 


    (Wulangrèh, Ingkang Sinuwun Paku Buwana IV)



    46 [ 47 ]
    Wulangan ka-7


    A. Wacanen batin!

    Pemilihan Umum

     Negari Republik Indonesia punika negari demokratis ingkang adhedhasar Pancasila lan Undang-Undang Dasar taun 1945. Tembung demokrasi asalipun saking basa Yunani demos lan kratia. Demos ateges rakyat, lan kratia ateges papréntahan. Negari demokratis inggih punika negari ingkang panguwaosing papréntahanipun wonten ing tanganing rakyat. Dados, ing negari demokratis punika ingkang kuwaos rakyat. Liripun, sadaya pranataning negari ingkang yasa saha ingkang netepaken rakyat, lumantar para wakilipun.

     Ing Negari Republik Indonesia bebadan ingkang dados wadhahipun para wakiling rakyat punika kawastanan Dewan Perwakilan Rakyat kacekak DPR, saha Majelis Permusyawarat-

    [ 48 ]

    an Rakyat dipun cekak MPR. Para warganing MPR punika sedaya warganipun DPR kawewahan para utusanipun golongan lan para utusan Dhérah. Warganipun MPR tikel kalihipun warganing DPR.

     Para wakilipun rakyat ingkang sami lenggah wonten ing Dewan Perwakilan Rakyat punika kapiliih lumantar Pemilihan Umum, utawi Pemilu. Rakyat Indonesia ngawontenaken Pemilu gangsal taun sepisan. Dados, saben gangsal taun sepisan rakyat Indonesia milih para wakilipun ingkang pinitados lenggah wonten ing Dewan Perwakilan Rakyat punika.

     Pemilihan Umum punika sipatipun langsung, umum, bébas, lan wados. Umum tegesipun sadhéngah bangsa Indonesia ingkang manut pranatan sampun kénging milih utawi wenang pininlih, kénging tumut Pemilihan Umum punika. Langsung tegesipun rakyat anggénipun nindakaken Pemilihan Umum boten dipun wakili tiyang sanés. Bebas tegesipun rakyat wenang milih wakilipun sinten kémawon, boten wonten tiyang tiyang utawi golongan sanés wenang meksa. Dene wados tegesipun boten wonten tiyang ingkang wenang sumerep pilihanipun tiyang sanès.

     Negari wonten ing panguwaosing rakyat. Ing ngriki boten ateges rakyat lajeng kénging tumindak sapurunipun piyambak. Rèhning negari sampun wonten ing panguwaosing rakyat, rakyat kedah ngertos dhateng kuwajiban sanha tanggel jawabipun dhateng negari lan bangsanipun. Pranataning negari ingkang karacik saha katetepaken déning rakyat lumantar para wakilipun kedah kaenut, supados lampahing papréntahan saha lampahipun gesang bebrayan rancag nir ing sambékala. Lancaring lampahipun papréntahan lan gesang bebrayan badhé mahanani ayem tentrem lan karta raharjanipun bangsa lan negari.

    B. Wangsulana kang patitis!

    1. Tembung demokrasi kuwi asalé saka basa apa, lan apa tegese?
    2. Negari demokratis kuwi negara sing kepriye?
    3. Ana ing negara kang demokratis apa rakyat kena tumindak sakarepé dhéwé? [ 49 ]
    4. Saben pirang taun sepisan bangsa Indonesia nganakaké Pemilihan Umum?
    5. Pemilihan Umum kuwi sipaté kepriye? Terangna!

    C. Ukara-ukara iki wacanen sing patitis!

    1. Sapa wongé ora serik, diunèk-unèkaké ana ing ngarepané wong akèh.
    2. Ngendi ana wong mati bali nèng donya.
    3. Ngendi ana wong tuwa nggegadhang anaké dadi durjana.
    4. Sapa ora seneng atiné, dikabari anaké lulus sêkolahé.
    5. Apa pantes dituturi wong tuwa mangsuli Sakecah genti sakecap ngono Kawi.

    III. Tuladha
    Jarot dipilih kanca-kancané dadi ketua klas.
    Dipilih tegesé ditètepaké.
    A. Mara tembung-tembung sing cap-capané kandel ing ngisor iki terangna tegesé Kaya tuladha!

    1. Wong tuwa ora pilih asih marang anak-anaké.
    2. Tékadé bangsa Tndonesia pilih mati tinimbang dijajah bangsa liya.
    3. Sing ndhèrèkaké tindaké sang Sénapati kabèh prajurit pilihan.
    4. Kadigdayané sang Sénapati pilih tandhing.
    5. Ora pilih drajad, ora pilih pangkat, sapa baé bisa ngusadani gerahé sang Putri bakal didhaupaké karo sang Putri.
    6. Pemilihan Umum wis kelakon kanthi slamet lan rancag.
    7. Aku ajarana lakuné étungan iki.
    8. Lulus SMP umurku limalas taun mlaku.
    9. Jarit bathikan Lasem yèn didol ana ing Sala ora laku.
    10. Tembang Gedhé Citramengeng kuwi laku 12 pedhotan 6 — 6.

    B. Tembung-tembung iki gawénen ukara sing luwes!

    1. nggantung laku
    2. lakuning satriya
    3. ahli laku

    1. lelaku
    2. lakon
    3. lelakon

    [ 50 ]III. Tuladha
    a. Lampahipun papréntahan rancag. (J / W)
    lampahipun papréntahan  : jejer
    rancag  : wasésa.
    b. Papréntahan lampahipun rancag. (J / W (J W))
    Papréntahan  : jejer
    lampahipun rancag  : wasésa
    (lampahipun: jejer; rancag: wasésa)
    Ukara kapisanan ukara lamba, ukara kapindho ukara camboran.

    Ukara-ukara iki udhalen kaya tuladha!

    1. a. Klambiné Binu anyar.
      b. Binu klambiné anyar.
    2. a. Kali kuwi banyuné bening.
      b. Banyune kali kuwi bening.
    3. a. Basuki gambarané apik.
      b. Gambarané Basuki apik.
    4. a. Hawa tanah pegunungan kuwi seger.
      b. Tanah pegunungan kuwi hawané seger.
    5. a. Bocah kuwi patrapé ngresepaké.
      b. Patrapé bocah kuwi ngresepaké.
    6. a. Bapak keboné akèh.
      b. Keboné Bapak akèh.
    7. a. Putrane Bulik pinter-pinter.
      b. Bulik putrané pinter-pinter.
    8. a. Garapané Sardi salah kabeh.
      b. Sardi garapané salah kabèh.
    9. a. Untuné Sundari gingsul.
      b. Sundari untuné gingsul.
    10. a. Gandhung kancané akèh.
      b. Kancané Gandhung akèh.


    50 [ 51 ]1V. Tuladha

    1. Fakir miskin : ꦥ꦳ꦏꦶꦂꦩꦶꦱ꧀ꦏꦶꦤ꧀
    2. khusnul khatimah : ꦏ꦳ꦸꦱ꧀ꦤꦸꦭ꧀ꦏ꦳ꦠꦶꦩꦃ
    3. zakat fitrah : ꦗ꦳ꦏꦠ꧀ꦥ꦳ꦶꦠꦿꦃ
    4. barang ghaib : ꦧꦫꦁꦒ꦳ꦻꦧ꧀
    5. lagi dzikir : ꦭꦒꦶꦣ꧀ꦗ꦳ꦶꦏꦶꦂ

    ꦏ꦳ (kh)

    ꦥ꦳ (f)

    ꦗ꦳ (z)

    ꦒ꦳(gh)

    ꦢ꧀ꦗ꦳ (dz)

    Jenenge aksara rékan, kanggo nulis tembung manca, upamané tembung Arab.
    Tulisen nganggo aksara Jawa!

    1. khalifah
    2. khatijah
    3. Tardu Ga
    4. fajar
    5. banyu zam-zam

    1. akhir zaman
    2. Abdul Ghafur
    3. Abdul Ghani
    4. Akhli dzalil
    5. ziyarah

    V. Pacelathon iki owahana nganggo basa ngoko!

    Pemilihan Umum
    Irwan : Kim, sampéyan sampun naté tumut pemilihan umum?
    Dakim : Dèrèng. Awit, nalika dipun wonteni pemilihan umum kala taun kepengker punika umur kula dèrèng nyekapi.
    Irwan : Bénjing, menawi kula lan sampéyan sampun wonten ing SMA, menawi kaleres wonten pemilihan piliran malih, bokmanawi kula lan sampyan sampun saged tumu milih

    [ 52 ]

    Dakim : Kula kinten ngaten. Kula pancèn sampun kepéngin tumut milih wakil-wakilipun rakyat ingkang sami lenggah wonten ing Dewan Perwakilan Rakyat.
    Irwan : Kula ugi ngaten. Sedaya warganing negari ingkang adhedhasar demokrasi temtu kepéngin gadhah wakil pilihanipun piyambak ingkang-sami lenggah wonten ing Déwan Perwakilan Rakyat punika.
    Dakim : Sampéyan émut sipatipun pemilihan umum ing negarinipun piyambak ngriki, Ir?
    Irwan : O, apal. Pemilihan umum punika sipatipun langsung, umum, bébas, lan rahasia. Limrahipun lajeng dipun cekak lubèr.


    VI. Pethikan ing ngisor iki wacanen kang patitis! Yèn kowé nanggori tembung sing kowé durung ngerti tegesé, suwunna priksa marang bapak utawa ibu gurumu, utawa golèkana ana ing bausastra utawa kamus!
    ...............................................................................................................................................................

    Meksa Gagal

     Oto kalih-kalihipun lajeng; sami bidhal. Lampahipun saé, swantenipun motor boten wonten gèsèhipun, mratandhani oto ingkang risak sampun pulih kados waunipun.
     Priyantun tetiga wau bingahipun boten kénging winiraos. Rumaos tampi kanugrahaning Allah, oncat saking raos pegel, atis, lan sumelang. Ingkang èstri sanjang dhateng ingkang jaler kanthi bingah, katitik saking lagu lan swantenipun:
     "Kuwi mau sapa ta, Pak?”
     “Embuh ya, Bu.”
     Anakipun nyambeti, “Dhateng Bapak kok matur 'ndara'. Sajak sampun sumerep.”
     Kiraku ya uwis, nanging aku durung weruh. Ayakna sopir taksi.”
     “Ah kiraku dudu, Pak, Wong bocahé bagus, ki, polatané Jatmika.”
     “Apa sopir taksi kuwi ora kena duwé rupa bagus lan polatan jatmika?” [ 53 ]”Ayaké nèk manut Ibu, rupa bagus kuwi dadi monopoliné priyayi. Paduné Ibu kuwi mung arep ngalem baé, dumèh gelem nulungi.”

    ”Ya ora ngalem mono, wong nyatané. Kono pikiren! Ing ngatase durung nganti diendheg kpk mandheg dhéwé. Ora dijaluki tulung, banjur nulungi. Duwé pangéman menyang bapakmu déning kegrimisan, tur tembungé kaya ngana mau, hara ta, andak watak kaya ngono mau dumunung ana angger uwong?”

    ”Nanging iya bener kandhané ibumu kuwi, Tin. Apa kowe ora weruh nomeré oto buri mau, Tin?”

    ”Punika wau terang wonten bordipun huurauto, AA nomer 1013.”

    ”Apa dudu taksi Parakan?”

    ”Kados sanès, Pak, sadangu kula wonten Parakan dèrèng naté sumerep dhateng sopir punika. Punapa malih taksi Parakan ingkang kathah Dodge, sareng punika wau mèrek: Buick.”

    ”Diparingi persèn kok ora gelem ya, Pak?”

    ”Hla ya kuwi!”

    ”Kiraku kurang, Pak!”

    ”Mau arep takwènèhi seringgit; rumangsaku wis mèmper. Nanging sopir mau durung weruh pira anggonku arep mènèhi. Dadi tetep yèn dhèwèké ora gelem nampani. Ya mèmper, wong iku yen bagus, dhasar watake alus, mesthi sugih kaprawiran!”

    ”Ah, Bapak iki saiki ngalem, tiru-tiru Ibu!” Yektosipun anakipun ing batos ngleresaken cariyosipun bapak lan ibunipun. Nanging limrah, kenya punika boten purun ngalem dhateng jaka wonten sangajengipun tiyang ingkang dipun rikuhi.

    ”Wis ngéné waé, mengko yèn tekan Parakan diendheg, utawa samangsa dhèwèké mandheg, endang kandhaa aku!”

    ”Inggih, Pak.”

    ”Iya, Pak, aku rujuk. Lan manèh diimbuhi seringgit engkas, minangka patukoné kaprawirané lan pangémané menyang kowe.”

    ”Iya, karepku ya ngono kok, Bu.”

    Lampahipun oto kalih wau remben sanget, jalaran sasampunipun nglangkungi dhusun Kledung, marginipun tansah mandhap lan rumpil, tur kathah énggok-énggokanipun ingkang nyikut, dhasar ing wanci dalu tur grimis.

    (Ngulandara, Margana Jayaatmaja)

    [ 54 ]
    Wulangan ka-8


    I. A. Wacanen batin!

    Catur Warga

     Tembung "catur warga" punika tembung camboran. Inggih punika camboranipun tembung "catur" lan tembung "warga". Catur tegesipun sekawan, warga tegesipun batih utawa sanak sedhèrèk ingkang tunggil sagriya. Sapunika tembung "catur warga" punika kanggé mastani kulawarga utawi brayat ingkang batihipun wonten sekawan, inggih punika bapak, ibu, lan anak kalih.

     Brayat utawi kulawarga catur warga punika dados idham-idhamanipun bebrayan bangsa Indonesia. Liripun, sapunika bebrayan bangsa Indonesia sami miliih dhapukaning brayat ing-

    [ 55 ]kang awujud kulawarga catur warga punika. Pilihanipun bangsa Indonesia punika jumbuh kaliyan dhawuhipun negari ing bab pandhapuking kulawarga ingkang adhedhasar sesanti "Norma Keluarga Kecil Bahagia Sejahtera", karingkes NKKBS. Ing kang dipun kajengaken "keluarga kecil" ing ngriki inggih punika kulawarga utawi brayat ingkang batihipun namung sekedhik, inggih punika kulawarga catur warga punika.

    Kénging punapa ing bab pandhapuking kulawarga negari milih wujuding "keluarga kecil" utawi ingkang kawastanan kulawarga catur warga? Kenging punapa negari boten milih kulawarga ingkang brayatipun kathah? Prakawis punika wonten sambung rapetipun kaliyan idham-idhamanipun bangsa Indonesia, inggih punika ndhapuk bebrayan agung bangsa Indonesia ingkang adil, gemah ripah, tata tentrem karta raharja lair lan batos, adhedhasar Pancasila lan Undang-Undang Dasar taun 1945.

    Ada-ada ndhapuk bebrayan agung bangsa Indonesia ing kang adil lan makmur punika boten saged pisah kaliyan ada-ada pandhapukipun kulawarga ingkang sekéca, ayem tentrem karta raharja. Liripun, gemah ripah lan ayem tentremipun bebrayan agung bangsa Indonesia temtu ndayani ayem tentreming kulawarga. Lan, kosok wangsulipun, ayem tentrem lan karta raharjaning kulawarga temtu ndayani dhateng ayem tentrem lan karta raharjaning bangsa lan negari.

    Sedaya kulawarga kepéngin gesang sekéca. Sedaya kulawarga kepéngin gesang ayem tentrem karta raharja, kacekapan sedaya kabetahanipun, lan kadumugèn sedaya kekajenganipun. Kekajengan lan kabetahanipun tiyang punika kathah lan mawarni-warni. Sedaya tiyang betah tedha, sandhang, papan, kesarasan, kapinteran, lan sapanunggilanipun, Kanggé nyekapi sedaya kabetahan punika perlu ragad.
    Kanggé nyekapi kabetahaning kulawarga punika, brayat ingkang batihipun kathah betah ragad kathah, déné brayat ingkang batihipun sekedhik cekap ragad sekedhik.
    Minangka gegambaran tumrap prakawis punika, mangga dipun ungak tuladha ing ngandhap punika:
    Brayat A batihipun sedasa. Inggih punika bapak, ibu, lan anak wolu. Brayat B batihipun sekawan. Inggih punika bapak, [ 56 ]ibu, lan anak kalih. Kanggé kabetahaning tedha, panganggé. papan, panggulawenthah, kasarasan, "hiburan", lan sasaminipun. kulawarga A betah ragad langkung kathah katimbang kulawarga B. Menawi ragad utawi pamedal ingkang kanggé nyekapi kabetahanipun kulawarga A lan kulawarga B punika sami, lan caranipun ngenik-enik ugi sami. temtu kawontenan ing gesangipun kulawarga B langkung saé tinimbang kulawarga A. Cethanipun mekaten. Saupami kulawarga A pamedalipun satus sèket èwu rupiyah sewulan, lan kulawarga B pemedalipun ugi satus sèket èwu rupiyah sewulan, menawi sami ngatos-atosipun, kawontenanipun kulawarga B. manut, pétangan. temtu langkung sekéca tinimbang kawontenanipun kulawarga A.
     Pratélan ing nginggil punika ngéngingi kabetahaning tiyang utawi kabetahaning kulawarga ingkang asipat lair. Pranyata kulawarga ingkang batihipun kathah bot-répotipun ugi kathah. Makaten ugi ing bab sanès, upaminipun bab sesrawungan. Ing babagan sesrawungan antawisipun batih sami batih, utawi ing antawisipun kulawarga lan kulawarga, kulawarga ingkang batihipun kathah andhakanipun wonten-wonten kèmawon bab-bab ingkang njalari kiranging raos tentrem. Wonten-wonten kémawon jalaran ingkang dados dhadhakaning raos cuwa lan sisah. Upaminipun wontenipun raos mèri, pasulayan lan sanès-sanèsipun. Bab bot-répotipun kulawarga ingkang batihipun kathah punika kados-kados boten tebih kaliyan maknanipun uran-uran sekar Pocung ing ngandhap punika:

    Bapak Pocung anak akèh gawé bingung,
    mangka nakal-nakal,
    siji meneng siji nangis,
    kala mangsa malah rèwèl bebarengan.

    Mila boten lepat, menawi kanggé nggayuh bebrayan agung ing kang ayem lan tentrem kedah dipun sranani ndhapuk kulawarga ingkang kawastanan "Norma Keluarga Kecil Bahagia Sejahtera", utawi kulawarga catur warga.

    B. Wangsulana kang patitis!

    1. Brayat catur warga kuwi brayat sing kepriyé?
    2. Kepriyé kulawarga sing becik manut panemuné bangsa Indonésia saiki?
    [ 57 ]
    1. Mbangun bebrayan agung sing gemah ripah, adil tentrem karta raharja kuwi kudu disranani ndhapuk kula warga sing kepriyé?
    2. Umumé, brayat sing batihé akèh karo brayat sing batihé sethithik kuwi répot sing endi?


    C. Wacanen sing patitis, tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!

    1. Gesangipun rekaos sebab batih ipun kathah, pamedalipun sekedhik.
    2. Ing ngandhap punika ladha bab bot-répotipun brayat ingkang batihipun kathah.
    3. Prakawis punika saged dipun ungak ing tuladha punika.
    4. Tulus nggeget untu kanggé ngampet nesunipun.
    5. Kanggé nyekapi betahipun ingkang boten sekedhik punika perlu ragad kathah.
    6. Bulik. mragat ménda kanggé ngluwari nadar
    7. Kula badhé mapag Bulik dhateng setasiyun.
    8. Potelotipun sampun papak, kanggé nyerat kirang saé.


    II. Tuladha :

    1. Kulawarga catur warga punika kulawarga ingkang batihipun sekawan.
      Catur tegesé papat.
    2. Aja susah yen dicatur uwong, nanging aja pisan-pisan kowé Seneng nyatur uwong.
      Dicatur = digunem

    Tembung catur kang atepes papal lan tembung catur kang ateges gunem kuwi jenengé tembung homonim.


    A. Tembung-tembung homonim ing ngisor iki terangna tegesé?
    1. a. Jaka Tingkir nyabrang Bengawan Sala nganggo gèthèk
     b. Tatuné wis mari nanging isih kétok gèthèké

    57
    [ 58 ]
    1. a. Bisamu mung maoni. nanging ora bisa nandangi dhewé.
      b. Woh maoni kuwi rasané pait banget.
    2. a. Yèn dakweènehaké satus, aku buk.
      b. Lakuné tumpakan kepeksa mlipir. turut pinggir amarga
      buké rusak.
    3. a. Prekara-kuwi wis dakpupus, wis ora dakpikir abot.
      b. Coba mamahana pupus jambu, yèn jodho rak énggal
      pampet.
    4. a. Katekané panjangka kudu sarana disetiyari.
      b. Anggit tuku garisan, jangka, palah, lan setip.

    B. Tembung-tembung homonim iki gawénen ukara sing luwes!

    1. a. mawa = geni areng sing mengangah
    b mawa= nganggo
    2. a. kalong = araning kéwan iber-iberan
    b. kalong = suda
    3. a. waton = pinggiraning ambèn (lincak)
    b. waton (wewaton) = pathokan, paugeran
    4. a. glendhèh = kacang cina sing isih enom
    b. glendheh-glendhèh = mlaku lon-lonan sakepénaké
    5. a. jujul = Ora: sedheng amarga barang sing diselèhaké
    kedawan.
    b. jujul = dhuwit turahaning pambayar.

    III. Tuladha:
    a. Kowé mengko yèn ditari gelema (ukara agnya/ukara pakon).
    gelema = akon supaya gelem

    b. Gelema yèn kepeksa, sing akon dadi ora kepénak.
    (ukara sambawa) gelema = sanajan pelem

    A. Ukara-ukara Ing ngisor iki ukara sambawa apa ukara agnya?

    1. Yèn ora ana alangan, sésuk tekaa!
    2. Tekaa yèn telat, ora ana gunané.

    58 [ 59 ]

    1. Sinaua yèn srampangan, mangsa bisaa nggarap.
    2. Sinaua sing ajeg!
    3. Mangkata saiki, mumpung durung udan!
    4. Mangkata mau-mau, ora kepancal sepur.
    5. Yèn sida menyang Mrican, mampira ana dalemé Bulik!
    6. Mampira yèn mung sedhéla, tiwas kaya ngimpi.
    7. Yèn ngantuk turua!
    8. Turua yèn mung sedhéla, tiwas nyang sirah ngelu.

    B. Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara pakon lan ukara sambawa!

    1. dandana
    2. sangua
    3. matura
    4. jejamua
    5. takona


    IV. Pethikan ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!

      Ing salabetipun sèket taun mindhakipun bangsa Indonésia watawis
      satus yuta jiwa. Kala ngumandhangaken kamardikanipun, cacah-
      ipun warga bangsa Indonesia saweg wonten pitungdasa yuta, sapu-
      nika sampun mindhak dados satus pitungdasa yuta. Dados, ing sale-
      betipun sèket taun cacahipun bangsa Indonesia mindhak dados tikel
      kalih langkung. Mindhakipun warganing negari ingkang cepet
      sanget punika ngrerendheti lampahing pembangunan. Mila,
      mindhaking warganing negari punika kedah tumuli dipun pekak.
      Brayat énggal kedah ndhapuk kulawarga ingkang bathinipun
      namung sekedhik, inggih punika ingkang kawastanan catur warga.


    V. Pacelathon iki owahana nganggo basa krama, sarta banjur apalna ana
      ing ngarep kelas!


     Wahyu : Wan, ayo sowan Pakdhé!
     Iwan : Ana perlu apa, kok kadingarèn awan-awan ngejak sowan Pakdhé.
     Wahyu : Arep nyuwun priksa bab wingi kaé.
     Iwan : Bab wingi sing endi, ta?
     Wahyu : Kaé lho, dhawuhé Pak Guru wingi kaé


    59

    [ 60 ]
    Iwan : O. dhawuhé Pak Guru bab ngarang nganggo basa Jawa
    wingi kaé ta?
    Wahyu : Bener.
    Iwan : Sing arep kosuwunaké priksa apané?
    Wahyu : Isiné. Aku butuh sesurupan sing gamblang bab sam
    bung rapeté antarané "Norma Keluarga Kecil Bahagia
    Sejahtera" karo lakuning pembangunan nasional, lan
    gandhèng cènèngé NKKBS kuwi karo idham-idhamané
    bangsa Indonesia.
    Iwan : Wah, perlu banget kuwi. Apa kira-kira pakdhému ora
    répot lan kersa nerangaké?
    Wahyu : Takkira Pakdhé ora répot, lan mesthi kersa nerangaké.
    Iwan : Yèn ngono, ayo takkancani. Aku ya kepengin ngerti.


    VI. Pethikan ing ngisor iki wacanen kang patitis!

    Keluwargané Bu Nyai Blorongot

    .................................................

     Swasana nalika dhahar kaya dipathet. Ora ana sing cemuwit, kabèh meneng. Gunemana ya cekak-cekak banget. Aku dhéwé ya mikir lelakonku sedina iki mau. Sega dadi angél dimamah. Kejaba kuwi atiku pijer-pijer trataban selak kepéngin ngerti isiné layang warisan. Dakkira ya layang kuwi sing marahi wong-wong kurang rembugé.

     Sing ngadeg dhisik saka kursi dhahar Pak Bei Talikepuh. "Aku kudu énggal niliki lampu kamarku, wis sida dijogi lenga apa durung mau," ngendikané nalika arep ninggalake kamar dhahar. Jengkaré dietutaké wong-wong liyané. Herjanjam ngetut Dhimas Murdanu. Déné aku mbarengi lakuné Jeng Murni kang kamaré kebeneran saener karo kamarku.

     "Kula selak kepéngin mbikak serat punika," celathuné Jeng Murni dhisiki blaka. "Sejatosipun kula inggih kepéngin wicanten kaliyan Mbak Laras. Rak dangu ta, panjenengan wonten ngriki?" "Embuh ya. Aku durung duwe ketetepan. Anu, Bu Nyai Werti iku ngasta apa ta, dhèk sugenge?" pitakonku nyekak kekarepané [ 61 ]Jeng Murni. Nalika mlaku bareng iku aku rumangsa risi krungu thak-thok swara tekené kenya pincang kuwi, Teken kang mengkono mesthi antep banget.
    “Sudagar mas-inten. Juragan sinjang. Bikak gadhé partikuliran, Wah, kathah ta sampun ikhtiyaripun. Tiyang sakampung ngriki mèh sadaya berah bathik dhateng Bu Nyai Werti," wangsulané Jeng Murni.
    “Wataké kepriyé?”
    “Keras sanget. Keras, tliti, waskitha, pinter sanget, nanging inggih adil. Ngantos dumugi ing sédanipun, gegalihanipun taksih tatas lan cetha. Bu Werti punika priyantun praktis, pramila dalem agengipun semanten boten kathah tiyangipun. Abdi ingkang kinasih inggih namung Pak Truna. Mbakyu, Mbakyu, suku-kula punika yèn dipun oprasi punapa saged saé inggih?” ing pungkasané rembug Jeng Murni ganti bab.
    “Kiraku-bisa,” ujarku ora yakin, mung kanggo nglelipur.
    “Kula lajeng saged mlampah tanpa teken?"
    Aku tetep mangsuli rada seret, “Mmmm, ayaké bisa.”
    “Pinten inggih, wragadipun?” pitakoné ngangseg.
    Aku welas, Ora wani dora manèh.

    (Pethité Nyai Blorong, Peni)

    [ 62 ]
    Wulangan ka-9

    I. A. Wacanen batin!

    Palagan Ambarawa

     Kalih wulan sasampunipun bangsa Indonesia ngumandhangaken kamardikanipun, tentara Sekutu mlebet ing kitha Semarang, dipun pandhégani déning Brigadir Jéndral Bethel. Dhatengipun tentara Sekutu punika dipun tampi kanthi raos bingah déning warganipun kitha Semarang, awit criyosipun tentara Sekutu, dhatengipun punika saperlu ngurus tawananing perangipun, inggih punika wadyabala Jepang ingkang saweg kémawon asrah bongkokan. Malah, tentara Sekutu criyos bilih piyambakipun boten badhé ngarubiru kamardikanipun bangsa Indonésia. Inggih awit saking punika, Bapak Gubernur Jawi [ 63 ]Tengah lajeng tawi bantuan dhateng Sekutu arupi tedha lan kabetahan-kabetahan sanèsipun.

     Boten kanyana-nyana, dhatengipun wadyabala Sekutu punika dipun goncèngi tentara NICA, tentaranipun Pamaréntah Walandi. Kanthi dhedhemitan, tentara Sekutu lan NICA nggremet mangidul dumugi Ambarawa lan Magelang. Wonten ing ngriku Sekutu lan NICA ngluwari Walandi ingkang sami dados tawanan, boten kanthi rembagan rumiyin kaliyan Pamarentah Republik Indonesia. Prakawis punika tentu kémawon ndadosaken runtikipun bangsa Indonésia. Rumaos kamardikanipun dipun rèmèhaken, Sekutu lan NICA ing Magelang dipun gebag ing perang. Dipun pandhégani déning, Brigadir Jéndral Bethel, Sekutu lan NICA medal saking Magelang mundur dhateng Ambarawa. Munduripun tentara Sekutu lan NICA punika dipun oyak déning Resimèn Kedu Tengah ingkang dipun pandhégani Letnan Kolonel M.Sarbini. Ing samargi-margi dipuncegat déning pasukan Angkatan Muda saha pasukan gabungan saking Surakarta, Suruh, lan Ambarawa. Dumugi ing Ambarawa, tentara sekutu lan NICA kepéngin badhé ngebroki laladan punika. Kanggé nyingkiraken tentara Sekutu lan NICA saking ngriku, bangsa Indonesia kepeksa kécalan Letnan Kolonèl Isdiman, Komandan Resimèn Banyumas, ingkang gugur ing salebetipun paprangan.
     Sedinten sadèrèngipun kedadosan punika, ing Ambarawa ugi sampun wonten campuhyuda antawisipun rakyat lan wadya Sekutu saha NICA. Kedadosaning perang wonten ing saurutipun ril sepur ing tengah-tengahipun kitha Ambarawa. Rakyat mapan wonten ing salèring ril sepur, Sekutu lan NICA manggèn wonten ing tangsi-tangsi ing sakidulipun ril sepur.
     Sareng Létnan Kolonèl Isdiman gugur, Kolonél Sudirman, Panglima Divisi Banyumas, rawuh ing papan palagan Ing Ambarawa. Rawuhipun Kolonèl Sudirman saged mulihaken semangat saha gregetipun pasukan Indonesia. Kolonèl Sudirman nglempakaken para komandan sektor. Sasampunipun paring dhawuh ing saprayoginipun, punapa déné malih bantuan saking Ngayogyakarta, Surakarta, Salatiga, Purwakerta, Semarang, lan sapiturutipun sami dhateng, tentara sekutu lan NICA dipun serang.

    63 [ 64 ]Ngadhepi seranganipun pasukan Indonesia punika. Sekutu ngedalaken tawanan Jepang kapurih mbiyantu. Sekutu sawadyabalanipun, kanthi numpak tank-tankipun, nusup-mlebet saking wingking ing wewengkonipun pasukan Indonesia. Pasukan Indonésia mundur dhateng sanjawining kitha Ambarawa. Wonten ing ngriku pasukan Indonesia tata-tata, cecawis anggènipun badhé nggecak Sekutu malih.

    Kala wulan Désember taun 1945, salebêlipun sekawan din- ten sekawan dalu, pasukan Indonesia pindhanipun banthèng ketaton, ngamuk punggung nggecak perang mengsah wadya bala Sekutu lan NICA. Tangsinipun Sekutu dipun obrak-abrik, Sekutu lan NICA mlajeng mundur wangsul dhateng Semarang,

    Minangka pengémut-émut sigrak saha siyaganipun bangsa Indonesia anggènipun nggegegi kamardikanipun, ing Ambarawa lajeng dipun degi monumen, kawastanan Monumèn Palagan Ambarawa. Monumen Palagan Ambarawa dados tenger tékadipun bangsa Indonésia: sadumuk. bathuk sanyari bumi, nadyan namung sapecak, bumi wutah rah punika kedah dipun tohi pecahing dhadha wutahing ludira.

    B. Wangsulana kang patitis!

    1. Généya tekané pasukan Sekutu Sakawi ditampa kanthi rasa bungah déning rakyat Semarang?.
    2. Apa sing banjur njalari mrekitiké atiné bangsa Indonesia?
    3. Létnan Kolonèl Isdimin kuwi sapa?
    4. Priyé carané Kolonèl Sudirman nggecak sarta nyingkiraké Sekutu lan NICA saka Ambarawa?
    5. Priyé sesantine "bangsa Indonesia tumrap kamardikan lan tanah wutah getihé?

    C. Wacanen kang patitis!

    1. Kolonel Sudirman ngendika, "Prakara iki ora kena disangga ènthèng."
    2. Kolonèl Sudirman ngendika manawa prakara iki ora kena disangga ènthèng.
    3. Rustam kandha, "Minggu ngarep mengko aku sakanca arep piknik menyang Bandhungan, mampir ing Ambarawa.”
    [ 65 ]
    b. Rustam kandha manawa minggu ngarep mengko dhè-
    wèké sakanca arep piknik menyan Bandhungan, mampir ing Ambarawa.
    1. a. Bapak ngendika, "Sésuk Eyang arep tindak réné,"

      b. Bapak ngendika manawa manawa sésuk Eyang arep tindak

      réné.
    2. a. Ibu ndangu, "Apa kowé weruh lungané adhimu?" b. Ibu ndangu apa aku weruh: lungané adhiku.
    3. a. Aku matur, "Kula boten sumerep." b. Aku matur manawa aku ora weruh.

    Tuladha Kathah kusumaning bangsa ing kahi gugur wonten ing madyaning palagan.

    Palagan tembungé liya payudan, pabaratan, rananggana, paprangan.

    A. Tembung- tembung sing cap-capané kandel ing ngisor iki. terangna tegesé, kaya tuladha ing: dhuwur!

    1. Ebahing pang ingkang katiyup ing samirana,
    2. ésthanipun kados tangan angawé-awé.
    3. Ing palagan prasasat banjir ludira.
    4. Kenging jemparinging mengsah, Patih Sekipu Ga sakala, njrebabah ndhepani bantala.
    5. Guguripun Létnan Kolonèl Isdiman dadosa tepa palupi tumrap para mudha, bilih tanah wutah rah punika pantes dipun labeti pecahing jaja wutahing ludira.
    6. Lelabetanipun Jéndral Sudirman; pantes tinulad, sinudar- sana.

    B. Tembung-tembung ing ngisor iki gawenen ukara sing luwés!

    1. pralaya
    2. nulad
    3. pangéling-éling
    4. siyaga
    5. mrekitik atiné
    6. prang tandhing
    7. ngucirèng ayuda
    8. tinggal glanggang colong playu
    9. baris pendhem
    10. ngasoraké kuwanèné
    [ 66 ]III. Tuladha
    Darwis : "Rus, iki pité sapa?"
    Rustam: "Badrun."
    Darwis : "Sapa sing nggawa réné?"
    Rustam : "Aku."
    Darwis : "Apa mengko ora digolèki Badrun?"
    Rustam: "Ora."
    Darwin : "Apa kowe wis nembung?"
    Rustam : "Wis."


    Pethikan ing dhuwur kuwi, sanajan ukarané cekak-cekak, sing maca ngerti karepé. Awit, sanajan akèh ukara sing "ora ganep", tegesé ukara-kara kuwi bisa kaweruhan-cetha jer ana gandhèng- cènèngé karo ukara-ukara liya sing ganep, sing tegesé cetha.

    Upamane ukara. "Badrun"; Yèn ukara iki ngadeg. dhéwé, sengara wong ngerti karepé. Nanging, rèhning ukara kuwi minangka wang- sulané pitakon "Iki pité sapa?" , wong sing maca utawa wong sing krungu mesthi ngerti manawa ukara "Badrun." kuwi ganepé utawa karepé "Iki pité Badrun."

    Dadi, ukara mono cethané mungguhing tegesé manawa wis gan- dhèng karo ukara-ukara liyané. Sanajan -ukara. sing katoné ora ganep, yèn wis dadi siji karo ukara-ukara liyané sing ana gandhèng cènènge, tegesé mesthi bisa kasumurupan.

    Mara gawéa karangan cekak adhapur pacelathon, kena bab, apa baé, sing ing kono ana ukarane "ganep" lan ana ukarané sing "Ora ganep".

    IV. Wacanen kan turunen!

    1. ꧋ꦲꦂꦠꦏꦸꦭ꧇꧇꧗꧕꧐꧇ꦫꦸꦥꦶꦪꦃ
    2. ꧋ꦱꦸꦒꦸꦲꦤ꧀ꦤꦺꦮꦂꦤ꧀ꦮꦂꦤ꧈ꦏꦪꦠ꧇ꦗꦣꦃ꧈ꦮꦗꦶꦏ꧀ꦭꦤꦲꦥꦺꦩ꧀‌꧈
    3. ꧋ꦤꦸꦂꦱꦶꦃꦩꦁꦱꦸꦭ꧀ꦭꦶ꧇ꦲꦶꦪ꧈ꦲꦏꦸꦩꦤꦸꦠ꧀‌꧈
    [ 67 ]Katrangan

    Tetenger ꧇ jenengé pada pangkat. Pada pangkat mono, kaya kang kacetha ing tuladha, gunané kanggo:

    a. ngelet-eleti angka Jawa supaya ora cawuh karo tulisan utawa tembung liyané
    b. ngelet-eleti ukara karo pratélan kang diadharaké
    c. ngelet-eleti crita karo ukara kang sipaté nirokaké

    V. Tuladha

    1. Ukara panantang : Majua bareng, ajamaju ijèn-ijèn!
    2. Ukara ipat-ipat : Dadia banyu emoh nyawuk, dadia godhong emoh nyuwèk!

    A. Gawéa ukara Panantang, sing. isiné nantang

    1. gelut
    2. bal-balan
    3. apik-apikan biji
    4. balapan mlayu
    5. perang

    B. Gawéa ukara ipat-ipat sing surasané

    1. emoh tepung
    2. emoh ngidak omahé
    3. emoh ngaku sedulur
    4. emoh mangan segané
    5. emoh kanggonan bandhané

    VI. Wacanen kang patitis!

    Saka Kréta

    Sumamburat jagat candhikala abang ing embun-embunanku
    playuning umur kabur ing ulegan angin
    nuli lerem atiku ing gigiré gumuk tuwa

    nalika tuter jejeritan ing tikungan


    67 [ 68 ]

    lerem tresnaku ing gigiré gumuk

    kuburan cethèk: paleremané prajurit mati

    jiwa kang sinèrèt dening napsu perang
    o, adoh banget kacèké lan candhi pangimpèn
    urip nandhang cidra adiling jaman

    keprungu swara ombak nyempyok karang.
    swarané jantung manungsa nampa timbalan
    ibu pertiwi ngajab rilaning putra labuh negara
    0, yagéné dina budhalku tinangguhaké
    katentreman necep "getiring gunung gamping:
    sinandhing prawan désa lencir kuning.

    dhuh, ibu kang kekembeng ing cangkem lawang
    dhuh, bapa kang mèsem èsem peksan
    iki suyuding putra saka kreta
    budhalé prajurit maju perang
    ngrebut kamardikan. lan prikamanungsan


    (Anie Sumarno, Jaya Baya 16. Pebruari 1964,

    GURITAN, Suripan Sadi Hutomo) [ 69 ]
    Wulangan ka-10

    I. A. Wacanen batin!

    Tedha Ingkang Munpangati
     Tiyang gesang saben dinten keduh nedha. Ingkang saé nedha punika sedinten kaping tiga, inggih punika énjing, siyang, lan dalu. Tiyang nedha boten namung waton tuwuk. Tedha ingkang dipun tedha kedah maédahi tumrap kesarasanipun, kedah maédahi tumrap kabetahaning gesang. Tedha ingkang mungpangati tumrap kabetahanipun tiyang gesang punika tedha ingkang ngandhut gizi. Wondéné tedha ingkang bergizi punika tedha ingkang ngandhut zat protein, hidrat karbon, lemak utawi gajih, vitamin, lan mineral ingkang dados kabetahaning badan. [ 70 ]

     Tedha ingkang ngandhut protein upaminipun daging sawarnining daging, tahu, témpé, tigan, lan susu. Protein makaten ginanipun kanggé njagi amrih tuwuhipun badan saged saé. Laré ingkang kekirangan protein tuwuhipun kunthet, boten saged énggal ageng.
    Tedha ingkang ngandhut hidrat karbon upaminipun wos, jagung, kenthang, uwi, trigu, gendhis, lan woh-wohan. Protein punika ginanipun nuwuhaken kekiyataning badan, kanggé nindakaken padamelan ing sadinten-dinten. Tedha ingkang ngandhut lemak utawi gajih ginanipun kanggé njagi tuwuhipun badan lan ugi dados sumbering kekiyatan. Tedha ingkang ngandhut lemak upaminipun lisah gorèng, mertéga, kéju, gajih, lan kuninging tigan.
    Perlu kasumerepan bilih tedha ingkang ngandhut sumbering kekiyatan punika boten kétang sakedhik tentu ugi ngandhut zat protein, zat lemak, mineral, lan vitamin. Kathah sekedhikipun gumantung dhateng jinising tetedhan punika.
    Menu utawi tedha sadinten-dinten kedah ngandhut zat-zat ingkang dipun betahaken badan ingkang timbang. Tegesipun, saben dinten tiyang gesang kedah angsal hidrat karbon ingkang cekap, kedah angsal protein, lemak, mineral, vitamin, lan toya ingkang ugi kedah cekap. Menu ingkang timbang punika tembungipun sanes empat sehat lima sempurna, inggih punika: sekul, jangan, lawuh, buah, lan susu.
    Menu ingkang kirang saé, tedha ingkang gizinipun kirang sampurna, dangu-dangu saged njalari kirang sampurnaning tuwuhipun badan, lan ugi njalari badan dados ringkih, gampil kambah ing sesakit. Upaminipun:

    1. Kekirangan protein, utawi kekirangan protein lan hidrat karbon saged njalari sakit busung lapar.
    2. Kekirangan vitamin A saged njalari mripat risak,
    3. Kekirangan vitamin Bl saged njalari sakit bèri-bèri.
    4. Kekirangan yodium saged njalari sakit gondhok,
    5. Kekirangan zal kapur (calsium) saged njalari kirang saéning tuwuhipun balung lan untu,
    6. Kekirangan zat hidrat karbon saged njalari kirang kekiyatan.


    70 [ 71 ]B. Wangsulana kang patitis!

    1. Wong mangan mono beciké sedina ping pira? Kapan wayahé?
    2. Wong mangan ora mung angger wareg. Apa sababé?
    3. Kajaba banyu, mineral, lan vitamin, WOlIE urip butuh apa baé?
    4. Menu sing becik kuwi sing Kepriye? :
    5. Coba aranana sawetara lelara sig jalarané kekurangan vitamin!

    C. Wacanen kang patitis, tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!

    1. Tedha ingkang munpangati punika tedha ingkang ngandhut

      sarining tetedhan, vitamin, mineral, lan toya ingkang dados

      kabetahanipun tiyang gesang.
    2. Fakir miskin lan tetiyang jompo, gesangipun dados tang- gelanipun pamaréntah.
    3. Kafilah punika kendel, ngaso wonten ing sangandhapipun wit kurma.
    4. Sasédanipun Kanjeng Nabi Muhammad saw, panyebaripun agami Islam ing tanah Arab dipun Jajêngaken dèning para kalifah.
    5. Takwa dhateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos tegesipun nindakaken dhawuhipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos lan nyingkiri ingkang dados awisan-Ipun.

    II. Tuladha

    Kowé kuwi diprecaya njaga kok malah ngrusak barang sing kojaga;
    kuwi jenengé palang mangan tandur.
    Mara saloka-saloka ing ngisor iki terangna kaya tuladha ing
    ndhuwur!
    1. Bebek mungsuh mliwis.
    2. Iwak kalebu ing wuwu.
    3. Emprit abuntut bedhug.
    4. Anak polah bapa kepradhah.
    [ 72 ]
    1. Kebo mutung ing pasangan.
    2. Kebo lumumpat ing palang.
    3. Kebo kabotan sungu.
    4. Gajah ngidak rapah.
    5. Kethèk saranggon.
    6. Belo mèlu seton.

    III. Tuladha

    a. Wong (pangan) kuwi ora mung angger wareg.
    Wong mangan kuwi ora mung angger wareg.
    b, Témpéné (pangan) kucing.
    Témpéné dipangan kucing.

    A. Tembung-tembung sing ana ing sajroning kurung ing ngisor iki rimbagen cocog, karo-ukarané!

    1. (pangan) dhisik sing wareg, mengko: ana ing dalan ora susah jajan!
    2. Yu Rati dodol (pangan) werna-werna,
    3. Sri, iki Iho dakngengehi jenang sungsum, (pangan)!
    4. Ngèngèhanmu salak sing ana kéné mau apa wis (pangan), Sur?
    5. Kowé kok (pangan) baé ta, Dar; jajal étungen, sekésuk iki mau wis ping pira olehmu (pangan)!
    6. Seminggu sepisan Wati (timbang) awaké, kepéngin ngerti boboté suda, popog, apa mundhak.
    7. Coba, beras iki (timbang) sepisan engkas!
    8. Bulik mundhut (timbang) bayi.
    9. Sesantiné bangsa Indonesia: aluwung mati (timbang) dijajah ing bangsa liya.
    10. Prakara kuwi (timbang) ana ing kowé, sing arep nglakoni.

    B. Tembung-tembung ing ngisor iki gawenen ukara sing luwes!

    1. maédahi
    2. paédahé
    3. ora paédah
    4. nuwuhaké
    5. tanem tuwuh
    6. kabutuhan
    7. dibutuhaké
    8. tambel butuh
    9. njalari
    10. jalaran


    72 [ 73 ]IV. Gawéa karangan ringkes bab vitamin!

    Sing klebu isining karanganmu upamané: werna-wernaning vita-
    min, bahan pangan apa sing ngandhut vitamin-vitamin kuwi, lelara-
    lelara sing tuwuhé Jalanan kekurangun vitamin, lan sapanunggalané.

    V. Pacelathon iki owahana nganggo basa krama lugu!

    Vitamin
    Wira : Dhi, kabaré anaké Dhik Drema é SIDE nomer 2 mripaté lamur, napa enggih?
    Krama : Leres, Kang. Dhèk wingi kla ketemu Dhik Drema kalih anaké wangsul seking Puskesmas. Criyosé mentas mriksakaké mripaté anaké niku. Lha dika miréng seking sinta Kang.
    Wira : Kirangan nika wau: Kula mung: krungu prenengé bocah-bocah dha dolan teng perondhan nika wau, Jan-jané lara kaya ngoten niku jalarané napa ta; Dhi?
    Krama : Nék ciiyosé Dhik Drema, criyosé Pak Dhokter merga kurang vitamin A. Napa ngoten napa pripun.
    Wira : O, enggih. Kelingan kula saniki. Kula empun tau maca teng nggen buku Kejar Paket A, wong mangan ngoten boten kena mung angger wareg. Pangan sing dipangan kudu bergizi. Napa sing dikarepaké vitamin niku nggih gizi niku ta, Dhi?
    Krama : O, benten, Kang. Tedhi sing bergizi niku tedhi sing ngandhut jat-jat sing dibutuhaké awaké manungsa, klebu vitamin niku.
    Wira : Dhi, dika wau kok kandha nèk anaké Dhik Drema kekurangan vitamin A. Jan-jané vitamin niku enten werni pinten ta, Dhi?
    Krama : Kathah, Kang. Ning kula nggih boten apal. Sing kula kelingan upamané vitamin A, vitamin Bl, vitamin C, vitamin D, lan vitamin É.
    Wira : Vitamin semonten kathahé niku nggih guna kabèh, Dhi?
    Krama : Sedanten guna, Kang. Yèn kekurangan vitamin-vitamin niku bakal gampang kecandhak ing lelara.

    [ 74 ]

    Upamané niku wau, yen kekurangan vitamin A mripat gampang cacad, yen kekurangan vitamin Bl saged bèri-bèri, yen kekurangan vitamin C gampang lumpangen, lan sapituruté.
    Wira : Wah, nèk ngoten wong mangan boten kena mung angger wareg nggih, Dhi. Pancèn bener wong mangan niku kudu nggatekaké pangané niku wau. Pangané kudu bergizi.
    Krama : Enggih, Kang; yèn kepengin waras, pangan sing padha dipangan niki kudu bergizi.


    VI. Pethikan ing ngisor. iki tembangna bebarengan, yèn ana tem- bung sing kowé durung ngerti tegesé suwunna priksa bapak utawa ibu gurumu, utawa gulane ana Ing. bausastra!

    Sinom

    1. Nulada laku utama,

    tumraping wong tanah Jawi,
    wong agung ing Ngèksiganda,
    Panembahan Sénapati,
    kepati amarsudi,
    sudaning hawa lan nepsu;
    pinesu tapa brata,
    tanapi ing siyang ratri,
    amemangun karyénak tyasing sasama.

    2. Samangsané pasamuwan,

    memangun marta martani,
    sinambi ing saben mangsa,
    kala kalaning asepi,
    lelana tèki-tèki,
    nggayuh Beyonganing kayun,
    kayungyun eninging tyas,
    sanityasa pinrihatin,
    puguh panggah cegah dhahar lawan néndra.
    [ 75 ]3. Saben méndra saking wisma,
    “lelana laladan sepi,
    ngingsep sepuhing sopana,
    mrih pana pranawèng kapti,
    tistising tyas marsudi,
    mardawaning budya tulus,
    mesu rèh kasudarman,
    nèng tepining jalanidhi,
    sruning brata ketaman wahyu dyatmika.

    4. Wikan. wengkoning samodra,

    kederan wus dèn ideri,
    kinemat kamot ing driya,
    rinegem sagegem dadi,
    dumadya angratoni,
    nenggih Kanjeng Ratu Kidul,
    ndedel nggayuh gegana,
    umara marak maripih,
    sor prabawa lan 'wong-agung Ngèksiganda.
    ...............................................................................

    (Wêdhatama, KGPAA MN IV)





    75 [ 76 ]
    Kapustakan
    Garan Pangracikipun Buku Kridha Basa SMP


    Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Groningen,

    Batavia: J.B. Wolters' Uitgevers Maatschappij N.V.

    Prawito Atmodjo, S. 1987. Bausastra Jawa. Surabaya: Yayasan “Djojo

    “Bojo”.

    Kementerian "Pengadjaran, Pendidikan dan Keboedajaan" 1946. Karti

    Basa. Djakarta:Kementerian "Pengadjaran, Pendidikan dan
    Keboedajaan".

    Poerbatjaraka, R. M. Ng. Prof. Dr: 1964. Kapustakan Djawi.

    Djakarta: Penerbit Djambatan

    Ras, J.J. Dr. 1985. Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir. Jakarta: :“Grafitipers.

    Suripan Sadi Hutomo 19085: Guritan Antologi Puisi Jawa Modern

    (1940 — 1980). Jakarta: PN Balai Pustaka

    Bagian Bahasa Djawatan Keboedajaan Kementerian PP: K 1958.

    Medan Bahasa Basa. Djawi Nomer LI Taun III. Djakarta: "Bagian
    "Bahasa Djawatan Keboedajaan Kementerian P.P.K.

    Hadiwidjana, Ki. 1953. Sastra Gita Witjara Djilid 1. Jogjakarta: :Dwidaja.

    Dalil Prawirodiharjo. Paribasan. Jogjakarta: Penerbit Spring.

    Padmosoekotjo, S. 1953. Ngèngrèngan Kasusastran Djawa. :Jogjakarta:Penerbit Soejadi.

    Padmosoekotjo, S. 1967, Sariné Basa Djawa. Djakarta: PN Balai :Pustaka

    Poedjowardojo, S dan Hadidjaja, T. 1958. Petikan Mantja Warna. Bandung, Djakarta: Penerbit "Ganoco" N.V.

    Prawirodihardjo, S. 1957, Burat Sari. Djakarta: N.V Harapan Masa.


    76