Kaca:Kridha Basa 3.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

”Ayaké nèk manut Ibu, rupa bagus kuwi dadi monopoliné priyayi. Paduné Ibu kuwi mung arep ngalem baé, dumèh gelem nulungi.”

”Ya ora ngalem mono, wong nyatané. Kono pikiren! Ing ngatase durung nganti diendheg kpk mandheg dhéwé. Ora dijaluki tulung, banjur nulungi. Duwé pangéman menyang bapakmu déning kegrimisan, tur tembungé kaya ngana mau, hara ta, andak watak kaya ngono mau dumunung ana angger uwong?”

”Nanging iya bener kandhané ibumu kuwi, Tin. Apa kowe ora weruh nomeré oto buri mau, Tin?”

”Punika wau terang wonten bordipun huurauto, AA nomer 1013.”

”Apa dudu taksi Parakan?”

”Kados sanès, Pak, sadangu kula wonten Parakan dèrèng naté sumerep dhateng sopir punika. Punapa malih taksi Parakan ingkang kathah Dodge, sareng punika wau mèrek: Buick.”

”Diparingi persèn kok ora gelem ya, Pak?”

”Hla ya kuwi!”

”Kiraku kurang, Pak!”

”Mau arep takwènèhi seringgit; rumangsaku wis mèmper. Nanging sopir mau durung weruh pira anggonku arep mènèhi. Dadi tetep yèn dhèwèké ora gelem nampani. Ya mèmper, wong iku yen bagus, dhasar watake alus, mesthi sugih kaprawiran!”

”Ah, Bapak iki saiki ngalem, tiru-tiru Ibu!” Yektosipun anakipun ing batos ngleresaken cariyosipun bapak lan ibunipun. Nanging limrah, kenya punika boten purun ngalem dhateng jaka wonten sangajengipun tiyang ingkang dipun rikuhi.

”Wis ngéné waé, mengko yèn tekan Parakan diendheg, utawa samangsa dhèwèké mandheg, endang kandhaa aku!”

”Inggih, Pak.”

”Iya, Pak, aku rujuk. Lan manèh diimbuhi seringgit engkas, minangka patukoné kaprawirané lan pangémané menyang kowe.”

”Iya, karepku ya ngono kok, Bu.”

Lampahipun oto kalih wau remben sanget, jalaran sasampunipun nglangkungi dhusun Kledung, marginipun tansah mandhap lan rumpil, tur kathah énggok-énggokanipun ingkang nyikut, dhasar ing wanci dalu tur grimis.

(Ngulandara, Margana Jayaatmaja)

53