Kaca:Kridha Basa 3.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Katrangan Tetenger ꧇ jenengé pada pangkat. Pada pangkat mono, kaya kang kacetha ing tuladha, gunané kanggo:

a. ngelet-eleti angka Jawa supaya ora cawuh karo tulisan utawa tembung liyané
b. ngelet-eleti ukara karo pratélan kang diadharaké
c. ngelet-eleti crita karo ukara kang sipaté nirokaké

V. Tuladha

  1. Ukara panantang : Majua bareng, ajamaju ijèn-ijèn!
  2. Ukara ipat-ipat : Dadia banyu emoh nyawuk, dadia godhong emoh nyuwèk!

A. Gawéa ukara Panantang, sing. isiné nantang

  1. gelut
  2. bal-balan
  3. apik-apikan biji
  4. balapan mlayu
  5. perang

B. Gawéa ukara ipat-ipat sing surasané

  1. emoh tepung
  2. emoh ngidak omahé
  3. emoh ngaku sedulur
  4. emoh mangan segané
  5. emoh kanggonan bandhané

VI. Wacanen kang patitis!

Saka Kréta

Sumamburat jagat candhikala abang ing embun-embunanku
playuning umur kabur ing ulegan angin
nuli lerem atiku ing gigiré gumuk tuwa

nalika tuter jejeritan ing tikungan


                                                                         67