Kaca:Kridha Basa 3.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

nugrahing Gusti Ingkang Maha Asih, déné anakipun ingkang waruju pun nak ajeng Tantri Wulandari sampun pinaringan cekap anggènipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan luhur Universitạs Airlangga, ingkang salajengipun kala dinten Sabtu Paing surya kaping kalih dasa wulan kapengker sampun kelampah winisudha dados sujana sarjana ing babagan kedhokteran gigi.

 Ingkang angka kalih, sambet kaliyan prekawis punika, adhimas Wisnubrata kekalih nyuwun tambahing pangèstunipun para pinisepuh, saha nyuwun panjuruging pandonganipun para rawuh ingkang kaleres anèm, mugi-mugi nak ajeng Tantri Wulandari saged munpangataken kawruh saha kasagedanipun dhumateng sesami, minggahipun sageda mupangataken seserepanipun tumrap kamajengan saha kaluhuranipun nusa lan bangsa.

 Katiganipun, mawantu-wantu adhimas Wisnubrata nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, déné awit saking cupet saha sèkènging sedayanipun, adhimas Wisnubrata sakukuban boten saged nampi rawuh panjenengan kanthi papan palenggahan ingkang sakéca saha boja krama ingkang prayogi.

 Wasana, adhimas Wisnubrata sakukuban nyuwun kanthi derenging manah, mugi panjenengan sekaliyan wonten keparenging penggalih nglajengaken saha nyekécakaken anggèn panjenengan sami lelenggahan ngantos paripurnaning pahargyan. Wondéné ingkang sampun lumados wonten ing ngarsa panjenengan, wontena kapareng panjenengan angresepi ing sawontenanipun. Nuwun.


B. Wangsulana kang patitis

  1. Lumantar sing makili, Bapak Wisnubrata ngaturaké apa marang tamu?
  2. Apa panyuwuné Bapak Wisnubrata marang para tamu tumrap putrané sing lagi lulus dhokter?
  3. Apa sing dijalukaké pangapurané para tamu?
  4. Pungkasané Bapak Wisnubrata nyuwun apa marang tamu-tamuné?


29