Kaca iki durung katitiwaca
Tulisan sing tau kanggo ing bebrayan Jawa yaiku tulisan Pallawa,
tulisan Déwanagari, tulisan Jawa, tulisan Arab. sebanjuré tulisan Latin.
Manut sing nganggit, susastra kuwi ana sing diarani susastra
miji, ana sing diarani susastra para. Susastra diarani susastra miji
yèn susastra kuwi genah sapa sing yasa utawa sing nganggit. Déné
susastra diarani susastra para yèn susastra kuwi ora kasumurupan
sapa sing yasa. Susastra para dianggep susastra yasané wong akèh,
utawa yasan umum.
Wong, sing yasané klebu ing -éwoné susastra, diarani pujangga.
Manut nom-tuwané, kasusastran Jawa kapérang dadi telung
werna, yaiku Kasusastran Jawa Kuna, Kasusastran Jawa Tengahan,
lan Kasusastran Jawa Anyar.
1. Kasusastran Jawa Kuna... — tahun 1400 M)
Basane : Jawa Kina
Puseré : Tanah Jawa Wêtan
Moncèr-monceré : Jaman Kedhiri
Tembangé : Kekawin
Sing klebu éwoné Kasusastran Jawa Kuna upamané: buku
Ramayana, Mahabarata, Arjunawiwaha, Kresnayana, Bharatayudha,
Wretasancaya, Negarakertagama, lan Sutasoma.
2. Kasusastran Jawa Tengahan (tahun 1400 M — tahun 1750 M)
Basané : Jawa Tengahan sing nyedhaki Kuna, lan
Jawa Tengahan sing nyedhaki Anyar
Puseré : Jawa Wetan, Bali, lan Jawa Tengah
Moncer-moncèré : Jaman Majapait
Tembangé : Kidung
Sing klebu éwoné wohing kasusastran Jawa Tengahan, upamané; buku Tantu Panggelaran, Calon Arang, Tantri Kamandaka, Pararaton, lan Sri Tanjung.
3. Kasusastran Jawa Anyar (tahun 1750 — )
Basané : Jawa Anyar
Puseré : Tanah Jawa Tengah
8