Kaca:Kridha Basa 3.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

kang ngembus-embus punika kanthi lon-lonan rumesep ing, salebetipun siti. Toya punika sawatawis kantun wonten ing lapisaning siti ingkang ngembus-embus punika, sapérangan mlebet ngantos dumugi ing lapisanipun siti ingkang atos, inggih punika lapisan padhas. Wonten ing ngriku toya punika dangu- dangu nglempak dados kathah, dados kedhung utawi tlaga ing salebetipun siti. Saya dangu toyaning tlaga punika saya kathah, lajeng lubèr. Lubèraning toya tlaga punika pados margi ing salebeting siti, mili mangandhap, njedhul-njedhul sampun tebih saking wana, dados tuk. Toya sumur ingkang kanggé adus, kanggé ngombé, lan kanggé ngumbahi saben dinten punika, boten sanes asalipun ugi saking tlaga ing salebeting siti punika. Ing sawatawis panggènan tuking toya punika dipun tata saé mawi dipun tembok, lajeng kailèkaken medal pipa-pipa tosan utawi pipa-pipa sanès dhateng papan-papan ingkang tebih saking panggenan tuking toya punika, kanggé adus, dipun ombé, utawi kanggé kabetahan-kabetahan sanèsipun. Toya saking tlaga ing salebeting siti punika, wonten ingkang jumedhulipun ing lumahing bumi dados lèpèn, lan malah wonten. ingkang dados tlaga ugi. Sedaya wau boten sekedhik pigunanipun tumrap gesanging bebrayan agung.

Kados pundi kedadosanipun, saupami ing lumahing bumi punika boten wonten wana? Sesambetan kaliyan kabetahaning tiyang ing bab toya, temtu, rekaos sanget. Menawi boten wonten wana, lumahing pasitèn temtu atos. Toya jawah ingkang gumrojog saking langit, dhawahipun ing lumahing bumi boten mawi ketanggrok ing ron-ronan utawi punapa kémawon. Pramila dhumawahipun ing siti ingkang atos punika lajeng bablas dados banjir bandhang. Toya jawah punika boten wonten ingkang rumesep ing salebetipun siti, pramila ing salebetipun siti ugi boten wonten tlaga tandhon toya ingkang dados tuking toya sumur lan sapiturutipun.

Ngèngeti pigunanipun wana ingkang boten sekedhik tumrap gesanging tiyang, wana kedah kajagi sampun ngantos risak. Awit risakipun wana saged nuwuhaken prakawis-prakawis ingkang mitunani, Upaminipun wontenipun banjir bandhang ing mangsa rendheng, siti nggogos katut ilining toya, lan ing mangsa ketiga tiyang kekirangan toya.