Kaca:Kridha Basa 3.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

kajengipun piyambak, boten karana katanem ing tiyang. Ing pulo-puloing sawijinipun Pulo Jawi, upaminipun ing Pulo Sumatra, Kalimantan saha ing Pulo Irian Jaya, kathah wana gung liwang-liwung ingkang wit-witanipun manéka warni punika.

 Wana punika ageng sanget pigunanipun. Kabetahipun tiyang arupi balunganing griya saha dandosan praboting balé griya, kajengipun cumawis ing wana. Ing Pulo Jawi, kususipun ing Tanah Jawi Wétan saha ing Tanah Jawi Tengah, kajeng ingkang limrah kanggé balunganing griya saha kanggé dandos-dandosan warni-warni punika kajeng jatos. Déné ing Tanah Priyangan utawi ing Tanah Jawi Kilèn, kanggé balunganing griya utawi kanggé dandosan praboting balé griya punika, tetiyang ing ngrika sami migunakaken kajeng rasamala, kajeng walikukun, duren, waru, lan nangka. Déné ing Kalimantan, tetiyang sami migunakaken kajeng blangiran, kajeng mranti, kamper lan sanès-sanèsipun. Kajeng ingkang sampun kaolah dados praboting balé griya, utawi ingkang sampun kaolah dados "kajeng lapis" kathah ingkang kasadé dhateng manca nagari, mewahi pamedalipun negari. Kajawi ingkang arupi kajeng kanggé balunganing griya saha kanggé dandosan warni-warni punika, wana ugi nyedhiyakaken kajeng kanggé kaperluan sanès. Upaminipun: kajeng akasia, kajeng pilang, kajeng trengguli, lan kajeng segawé, kanggé ngolah wacucal, kulitipun kajeng soga kanggé nyoga, inggih punika ngolah barang bathikan. Kajawi arupi kajeng, wana ugi nyawisi pamedal sanès arupi tlutuh lan blendok ingkang maédahi sanget tumrap gesanging bebrayan. Upaminipun: tlutuh karèt, damar, kopal, tèrpentin, gambir, lan lisah kajeng pethak.

 Kajawi bab-bab kasebut ing nginggil, wana ugi maédahi sanget tumrap panataning toya. Liripun mekaten. Toya jawah ingkang dhawahipun saking langit kados dipun sokaken, dumugi ing wana nanggrok ing ron-ronan, lajeng tumètès alon-alon dhumawah ing siti. Pasitèn ing wana punika empuk ngembus-embus jalaran kacaruban ing bosokanipun ron-ronan lan panging wit-witan ingkang garing ingkang dhumawah ing ngriku. Toya jawah ingkang dhumawah ing lumahing siti ing-


2