Kaca:Kridha Basa 3.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Jeng Murni. Nalika mlaku bareng iku aku rumangsa risi krungu thak-thok swara tekené kenya pincang kuwi, Teken kang mengkono mesthi antep banget.
“Sudagar mas-inten. Juragan sinjang. Bikak gadhé partikuliran, Wah, kathah ta sampun ikhtiyaripun. Tiyang sakampung ngriki mèh sadaya berah bathik dhateng Bu Nyai Werti," wangsulané Jeng Murni.
“Wataké kepriyé?”
“Keras sanget. Keras, tliti, waskitha, pinter sanget, nanging inggih adil. Ngantos dumugi ing sédanipun, gegalihanipun taksih tatas lan cetha. Bu Werti punika priyantun praktis, pramila dalem agengipun semanten boten kathah tiyangipun. Abdi ingkang kinasih inggih namung Pak Truna. Mbakyu, Mbakyu, suku-kula punika yèn dipun oprasi punapa saged saé inggih?” ing pungkasané rembug Jeng Murni ganti bab.
“Kiraku-bisa,” ujarku ora yakin, mung kanggo nglelipur.
“Kula lajeng saged mlampah tanpa teken?"
Aku tetep mangsuli rada seret, “Mmmm, ayaké bisa.”
“Pinten inggih, wragadipun?” pitakoné ngangseg.
Aku welas, Ora wani dora manèh.

(Pethité Nyai Blorong, Peni)