Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-3
I. A. Wacanen batin!
Ngingu Tawon

| Badri | : | Brem, aku arep meguru, ajarana ya! |
| Bremara | : | Kowé ki anèh-anèh. Apa rumangsamu aku pendhita, kok kowé arep nyantrik. |
| Badri | : | Lha rak klèru tampa. Dudu kuwi sing dakkarepaké. |
| Bremara | : | Lha piyé? |
| Badri | : | Ngéné lho, Brem, Wis suwé aku kepéngin kaya kowé, kepéngin tiru-tiru ngingu tawon. Aku ajarana, ya! |
| Bremara | : | O, kuwi ta! Yèn mung prekara kuwi, aja semelang. Ayo nyang mburi, dakajari! |
18