Kaca:Kridha Basa 3.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi


Vivin : Kowé arep golèk silihan menyang ngendi. Wul?
Wulan : Kandhané Ndari, Gudep 007 SMP 5 duwé akèh. Aku
arep nyilih rana.
Vivin : Hee. SMP 5 pancèn duwé téndha akèh tur apik-apik.
wong isih anyar.
Wulan : Besuk, kanggo ngisèni acara api unggun regumu arep
ngetoni apa, Vin.
Vivin : Wah, aku karo kanca-kanca durung mikir. Lha regumu
piyé?
Wulan : Aku ya durung mikir. Ning, sajaké wingi Ndari ngajak
ngetoni sosiodrama.
Vivin : Bab apa?
Wulan : Perjuwangané Cut Nyak Dien, yèn ora klèru.
Vivin : Wah, apik kuwi. Upama durung kopilih, aku ya ke
péngin ngetoni sosiodrama bab kuwi.
Wulan : Regumu bésuk sing arep ngetoni lomba PPPK sapa
Vin?
Vivin : Wingi kanca-kanca milih Mariyam karo Nanik.
Jalaran, Mariyam karo Nanik mèlu kegiatan PMR.
Dadi, bab PPPK mesthiné wis mumpuni.
Wulan : Ya wis, ayo Vin, sowan Kak Prapta. Aku arep nyuwun.
layang kanggo nyilih téndha, mengko mundhak selak
ora komanan téndha.
Vivin : Ayo, dakteraké.

VI. Wacan ing ndhuwur, Persami, apalna karo kanca-kancamu ana ing ngarep klas! Ana sing dadi Kak Prapta, ana sing dadi Andri, ana sing dadi Bawa, ana sing dadi Retna, ana sing dadi Badrun, lan sapituruté!

38