Kaca:Kridha Basa 3.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi


Badri : Wah, wah, wah! Glodhogmu akèh banget ngéné kok, Brem. Apa glodhog seméné akèhé iki wis isi kabèh?
Bremara : Sing loro iki isih kothong. Wong lagi dakpasang wingi. Yèn kowé kepengin weruh njeroné, sing siji iki dakbukaké.
Badri : Mengko rusak?
Bremara : Ora, mengko dibenakaké gampang.
Badri : Wo, dadi glodhog kuwi njeroné ana rong sap ya, Brem.
Bremara : Hee. Sap sing ngisor iki panggonané ratu, kanggo ngendhog. Déné sap sing ndhuwur papané tawon tukang makarya, papan kanggo nyimpen madu.
Badri : Putih-putih sing ana ing ram-raman iki apa?
Bremara : Kuwi lilin. Ram-raman iki diosèr-osèri lilin, kanggo mancing tawon supaya enggal gawé tala, tumata tharik-tharik kaya osèr-osèran iki.
Badri : Singgetan antarané sap ngisor karo sap ndhuwur kok dibolongi cilik-cilik kuwi kanggo apa?
Bremara : Kuwi kanggo dalané tawon tukang makarya mlebu metu saka sap siji menyang sap sijiné. Bolongan kuwi ambané digawé pas saambané awaké tawon tukang makarya, karepé, sing bisa liwat kono mung kareben tawon-tawon tukang makarya kuwi. Tawon ratu ora bisa liwat ing kono.
Badri : Kowe kok crita, ana tawon ratu, ana tawon tukang makarya. Kuwi cethané piyé, ta?
Bremara : Lha rak tenan. Aku wis batin, kowe mengko mesthi nakokaké prekara kuwi.
Badri : Mula, terangna!
Bremara : Tawon kuwi ana werna telu. Ratu, gawéané sedina-dinané mung ngendhog. Manggoné ana ing kamar sisih ngisor. Tawon ratu sedina bisa ngendhog nganti tekan sèwu iji. Jinis tawon sing nomer loro, sing mau dakeritakaké, jenengé tawon tukang makarya. Tawon tukang makarya iki tawon wadon. Pagawéané ngrigenaké kabèh

19