Kaca:Kridha Basa 3.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tengah lajeng tawi bantuan dhateng Sekutu arupi tedha lan kabetahan-kabetahan sanèsipun.

 Boten kanyana-nyana, dhatengipun wadyabala Sekutu punika dipun goncèngi tentara NICA, tentaranipun Pamaréntah Walandi. Kanthi dhedhemitan, tentara Sekutu lan NICA nggremet mangidul dumugi Ambarawa lan Magelang. Wonten ing ngriku Sekutu lan NICA ngluwari Walandi ingkang sami dados tawanan, boten kanthi rembagan rumiyin kaliyan Pamarentah Republik Indonesia. Prakawis punika tentu kémawon ndadosaken runtikipun bangsa Indonésia. Rumaos kamardikanipun dipun rèmèhaken, Sekutu lan NICA ing Magelang dipun gebag ing perang. Dipun pandhégani déning, Brigadir Jéndral Bethel, Sekutu lan NICA medal saking Magelang mundur dhateng Ambarawa. Munduripun tentara Sekutu lan NICA punika dipun oyak déning Resimèn Kedu Tengah ingkang dipun pandhégani Letnan Kolonel M.Sarbini. Ing samargi-margi dipuncegat déning pasukan Angkatan Muda saha pasukan gabungan saking Surakarta, Suruh, lan Ambarawa. Dumugi ing Ambarawa, tentara sekutu lan NICA kepéngin badhé ngebroki laladan punika. Kanggé nyingkiraken tentara Sekutu lan NICA saking ngriku, bangsa Indonesia kepeksa kécalan Letnan Kolonèl Isdiman, Komandan Resimèn Banyumas, ingkang gugur ing salebetipun paprangan.
 Sedinten sadèrèngipun kedadosan punika, ing Ambarawa ugi sampun wonten campuhyuda antawisipun rakyat lan wadya Sekutu saha NICA. Kedadosaning perang wonten ing saurutipun ril sepur ing tengah-tengahipun kitha Ambarawa. Rakyat mapan wonten ing salèring ril sepur, Sekutu lan NICA manggèn wonten ing tangsi-tangsi ing sakidulipun ril sepur.
 Sareng Létnan Kolonèl Isdiman gugur, Kolonél Sudirman, Panglima Divisi Banyumas, rawuh ing papan palagan Ing Ambarawa. Rawuhipun Kolonèl Sudirman saged mulihaken semangat saha gregetipun pasukan Indonesia. Kolonèl Sudirman nglempakaken para komandan sektor. Sasampunipun paring dhawuh ing saprayoginipun, punapa déné malih bantuan saking Ngayogyakarta, Surakarta, Salatiga, Purwakerta, Semarang, lan sapiturutipun sami dhateng, tentara sekutu lan NICA dipun serang.

63