Kaca:Kridha Basa 3.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Tedha ingkang ngandhut protein upaminipun daging sawarnining daging, tahu, témpé, tigan, lan susu. Protein makaten ginanipun kanggé njagi amrih tuwuhipun badan saged saé. Laré ingkang kekirangan protein tuwuhipun kunthet, boten saged énggal ageng.
Tedha ingkang ngandhut hidrat karbon upaminipun wos, jagung, kenthang, uwi, trigu, gendhis, lan woh-wohan. Protein punika ginanipun nuwuhaken kekiyataning badan, kanggé nindakaken padamelan ing sadinten-dinten. Tedha ingkang ngandhut lemak utawi gajih ginanipun kanggé njagi tuwuhipun badan lan ugi dados sumbering kekiyatan. Tedha ingkang ngandhut lemak upaminipun lisah gorèng, mertéga, kéju, gajih, lan kuninging tigan.
Perlu kasumerepan bilih tedha ingkang ngandhut sumbering kekiyatan punika boten kétang sakedhik tentu ugi ngandhut zat protein, zat lemak, mineral, lan vitamin. Kathah sekedhikipun gumantung dhateng jinising tetedhan punika.
Menu utawi tedha sadinten-dinten kedah ngandhut zat-zat ingkang dipun betahaken badan ingkang timbang. Tegesipun, saben dinten tiyang gesang kedah angsal hidrat karbon ingkang cekap, kedah angsal protein, lemak, mineral, vitamin, lan toya ingkang ugi kedah cekap. Menu ingkang timbang punika tembungipun sanes empat sehat lima sempurna, inggih punika: sekul, jangan, lawuh, buah, lan susu.
Menu ingkang kirang saé, tedha ingkang gizinipun kirang sampurna, dangu-dangu saged njalari kirang sampurnaning tuwuhipun badan, lan ugi njalari badan dados ringkih, gampil kambah ing sesakit. Upaminipun:

  1. Kekirangan protein, utawi kekirangan protein lan hidrat karbon saged njalari sakit busung lapar.
  2. Kekirangan vitamin A saged njalari mripat risak,
  3. Kekirangan vitamin Bl saged njalari sakit bèri-bèri.
  4. Kekirangan yodium saged njalari sakit gondhok,
  5. Kekirangan zal kapur (calsium) saged njalari kirang saéning tuwuhipun balung lan untu,
  6. Kekirangan zat hidrat karbon saged njalari kirang kekiyatan.


70