Kaca:Kridha Basa 3.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-9

I. A. Wacanen batin!

Palagan Ambarawa

 Kalih wulan sasampunipun bangsa Indonesia ngumandhangaken kamardikanipun, tentara Sekutu mlebet ing kitha Semarang, dipun pandhégani déning Brigadir Jéndral Bethel. Dhatengipun tentara Sekutu punika dipun tampi kanthi raos bingah déning warganipun kitha Semarang, awit criyosipun tentara Sekutu, dhatengipun punika saperlu ngurus tawananing perangipun, inggih punika wadyabala Jepang ingkang saweg kémawon asrah bongkokan. Malah, tentara Sekutu criyos bilih piyambakipun boten badhé ngarubiru kamardikanipun bangsa Indonésia. Inggih awit saking punika, Bapak Gubernur Jawi

62