Kaca:Kridha Basa 3.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

déning Prabu Matswapati, Prabu Drupada, saha Prabu Puntadewa.
 Abra busananing wadya lir péndah panjrahing puspita. Gebyaring busana cawuh lan kumlèbèting bandéra lelayu, kelaping kakandha pedhang tamèng mawor lan kelaping payung agung, sinawang saking mandrawa pindha wredu angga sasra. Wredu lintah angga banyu sasra sèwu, kaya lintah sèwu anèng banyu bareng kumelap. Ramé swaraning janma, cawuh lan kriciking kendhali kropyaking watang gathik, pangeriking kuda myang pangèpreting dwipangga, biharung lan swaraning puksur tambur gong bèri wurahan, yayah warsa kintèki. Warsa udan kintèki pejatèn, kaya udan dhumawah ing wana pejatèn. Nyarangaping langkap bedhil tumbak landhéyan pindha jati ngarang.
 Prajurit sajuru- juru datan kena carup wor. Kang busana putih kumpul padha séta, tinon saking mandrawa pindha kontul neba. Kang busana kresna kumpul padha langking, kadi dhandhang areraton. Kang busana rekta kumpul padha abang, tinon saking mandrawa abra markata pindha wukir kawelagar. Kang busana ijo kumpul padha wilis, katon riyo-riyo, kadi tanem nedhenging gumadhung. Baleduging lampah peteng ngampak- ampak, katon angendhanu pindha mendhung.
Mangkana, tan antara lampahing wadya bala Pandhawa wus manjing ing laladaning Tegal Kuru. Kacarita para raja lan para satriya gya mapan ing papan kang wus tinamtokaken. Aglar wadya Pandhawa, tanpa wilis andhendheng sungsun api- pit, jejel tanpa wangenan. Sakala gelar garudha nglayang kang uga sinebut gelar kagapati wus mawujud kanthi teguh santosa. kang yekti tanggon tan gampang rinusak ing mungsuh.


B. Wangsulana kang patitis!

  1. Piyé candrané budhalé wadya bala Pandhawa saka pakuwon Darmakasétra?
  2. Sapa sing dadi cucuking baris?
  3. Manékawarnané panganggoné para prajurit candrané kepriyé?
  4. Apa sing, dicandra kaya warsa kintèki?
11