Kaca:Kridha Basa 3.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Ngadhepi seranganipun pasukan Indonesia punika. Sekutu ngedalaken tawanan Jepang kapurih mbiyantu. Sekutu sawadyabalanipun, kanthi numpak tank-tankipun, nusup-mlebet saking wingking ing wewengkonipun pasukan Indonesia. Pasukan Indonésia mundur dhateng sanjawining kitha Ambarawa. Wonten ing ngriku pasukan Indonesia tata-tata, cecawis anggènipun badhé nggecak Sekutu malih.

Kala wulan Désember taun 1945, salebêlipun sekawan din- ten sekawan dalu, pasukan Indonesia pindhanipun banthèng ketaton, ngamuk punggung nggecak perang mengsah wadya bala Sekutu lan NICA. Tangsinipun Sekutu dipun obrak-abrik, Sekutu lan NICA mlajeng mundur wangsul dhateng Semarang,

Minangka pengémut-émut sigrak saha siyaganipun bangsa Indonesia anggènipun nggegegi kamardikanipun, ing Ambarawa lajeng dipun degi monumen, kawastanan Monumèn Palagan Ambarawa. Monumen Palagan Ambarawa dados tenger tékadipun bangsa Indonésia: sadumuk. bathuk sanyari bumi, nadyan namung sapecak, bumi wutah rah punika kedah dipun tohi pecahing dhadha wutahing ludira.

B. Wangsulana kang patitis!

  1. Généya tekané pasukan Sekutu Sakawi ditampa kanthi rasa bungah déning rakyat Semarang?.
  2. Apa sing banjur njalari mrekitiké atiné bangsa Indonesia?
  3. Létnan Kolonèl Isdimin kuwi sapa?
  4. Priyé carané Kolonèl Sudirman nggecak sarta nyingkiraké Sekutu lan NICA saka Ambarawa?
  5. Priyé sesantine "bangsa Indonesia tumrap kamardikan lan tanah wutah getihé?

C. Wacanen kang patitis!

  1. Kolonel Sudirman ngendika, "Prakara iki ora kena disangga ènthèng."
  2. Kolonèl Sudirman ngendika manawa prakara iki ora kena disangga ènthèng.
  3. Rustam kandha, "Minggu ngarep mengko aku sakanca arep piknik menyang Bandhungan, mampir ing Ambarawa.”