Kaca:Kridha Basa 3.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
Wulangan ka-10

I. A. Wacanen batin!

Tedha Ingkang Munpangati

 Tiyang gesang saben dinten keduh nedha. Ingkang saé nedha punika sedinten kaping tiga, inggih punika énjing, siyang, lan dalu. Tiyang nedha boten namung waton tuwuk. Tedha ingkang dipun tedha kedah maédahi tumrap kesarasanipun, kedah maédahi tumrap kabetahaning gesang. Tedha ingkang mungpangati tumrap kabetahanipun tiyang gesang punika tedha ingkang ngandhut gizi. Wondéné tedha ingkang bergizi punika tedha ingkang ngandhut zat protein, hidrat karbon, lemak utawi gajih, vitamin, lan mineral ingkang dados kabetahaning badan.

69