Kaca:Kridha Basa 3.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Saben pirang taun sepisan bangsa Indonesia nganakaké Pemilihan Umum?
  2. Pemilihan Umum kuwi sipaté kepriye? Terangna!

C. Ukara-ukara iki wacanen sing patitis!

  1. Sapa wongé ora serik, diunèk-unèkaké ana ing ngarepané wong akèh.
  2. Ngendi ana wong mati bali nèng donya.
  3. Ngendi ana wong tuwa nggegadhang anaké dadi durjana.
  4. Sapa ora seneng atiné, dikabari anaké lulus sêkolahé.
  5. Apa pantes dituturi wong tuwa mangsuli Sakecah genti sakecap ngono Kawi.

III. Tuladha
Jarot dipilih kanca-kancané dadi ketua klas.
Dipilih tegesé ditètepaké.
A. Mara tembung-tembung sing cap-capané kandel ing ngisor iki terangna tegesé Kaya tuladha!

  1. Wong tuwa ora pilih asih marang anak-anaké.
  2. Tékadé bangsa Tndonesia pilih mati tinimbang dijajah bangsa liya.
  3. Sing ndhèrèkaké tindaké sang Sénapati kabèh prajurit pilihan.
  4. Kadigdayané sang Sénapati pilih tandhing.
  5. Ora pilih drajad, ora pilih pangkat, sapa baé bisa ngusadani gerahé sang Putri bakal didhaupaké karo sang Putri.
  6. Pemilihan Umum wis kelakon kanthi slamet lan rancag.
  7. Aku ajarana lakuné étungan iki.
  8. Lulus SMP umurku limalas taun mlaku.
  9. Jarit bathikan Lasem yèn didol ana ing Sala ora laku.
  10. Tembang Gedhé Citramengeng kuwi laku 12 pedhotan 6 — 6.

B. Tembung-tembung iki gawénen ukara sing luwes!

  1. nggantung laku
  2. lakuning satriya
  3. ahli laku

  1. lelaku
  2. lakon
  3. lelakon

49