Kaca:Kridha Basa 3.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

ibu, lan anak kalih. Kanggé kabetahaning tedha, panganggé. papan, panggulawenthah, kasarasan, "hiburan", lan sasaminipun. kulawarga A betah ragad langkung kathah katimbang kulawarga B. Menawi ragad utawi pamedal ingkang kanggé nyekapi kabetahanipun kulawarga A lan kulawarga B punika sami, lan caranipun ngenik-enik ugi sami. temtu kawontenan ing gesangipun kulawarga B langkung saé tinimbang kulawarga A. Cethanipun mekaten. Saupami kulawarga A pamedalipun satus sèket èwu rupiyah sewulan, lan kulawarga B pemedalipun ugi satus sèket èwu rupiyah sewulan, menawi sami ngatos-atosipun, kawontenanipun kulawarga B. manut, pétangan. temtu langkung sekéca tinimbang kawontenanipun kulawarga A.
 Pratélan ing nginggil punika ngéngingi kabetahaning tiyang utawi kabetahaning kulawarga ingkang asipat lair. Pranyata kulawarga ingkang batihipun kathah bot-répotipun ugi kathah. Makaten ugi ing bab sanès, upaminipun bab sesrawungan. Ing babagan sesrawungan antawisipun batih sami batih, utawi ing antawisipun kulawarga lan kulawarga, kulawarga ingkang batihipun kathah andhakanipun wonten-wonten kèmawon bab-bab ingkang njalari kiranging raos tentrem. Wonten-wonten kémawon jalaran ingkang dados dhadhakaning raos cuwa lan sisah. Upaminipun wontenipun raos mèri, pasulayan lan sanès-sanèsipun. Bab bot-répotipun kulawarga ingkang batihipun kathah punika kados-kados boten tebih kaliyan maknanipun uran-uran sekar Pocung ing ngandhap punika:

Bapak Pocung anak akèh gawé bingung,
mangka nakal-nakal,
siji meneng siji nangis,
kala mangsa malah rèwèl bebarengan.

Mila boten lepat, menawi kanggé nggayuh bebrayan agung ing kang ayem lan tentrem kedah dipun sranani ndhapuk kulawarga ingkang kawastanan "Norma Keluarga Kecil Bahagia Sejahtera", utawi kulawarga catur warga.

B. Wangsulana kang patitis!

  1. Brayat catur warga kuwi brayat sing kepriyé?
  2. Kepriyé kulawarga sing becik manut panemuné bangsa Indonésia saiki?

56