Kaca:Kridha Basa 3.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

kang awujud kulawarga catur warga punika. Pilihanipun bangsa Indonesia punika jumbuh kaliyan dhawuhipun negari ing bab pandhapuking kulawarga ingkang adhedhasar sesanti "Norma Keluarga Kecil Bahagia Sejahtera", karingkes NKKBS. Ing kang dipun kajengaken "keluarga kecil" ing ngriki inggih punika kulawarga utawi brayat ingkang batihipun namung sekedhik, inggih punika kulawarga catur warga punika.

Kénging punapa ing bab pandhapuking kulawarga negari milih wujuding "keluarga kecil" utawi ingkang kawastanan kulawarga catur warga? Kenging punapa negari boten milih kulawarga ingkang brayatipun kathah? Prakawis punika wonten sambung rapetipun kaliyan idham-idhamanipun bangsa Indonesia, inggih punika ndhapuk bebrayan agung bangsa Indonesia ingkang adil, gemah ripah, tata tentrem karta raharja lair lan batos, adhedhasar Pancasila lan Undang-Undang Dasar taun 1945.

Ada-ada ndhapuk bebrayan agung bangsa Indonesia ing kang adil lan makmur punika boten saged pisah kaliyan ada-ada pandhapukipun kulawarga ingkang sekéca, ayem tentrem karta raharja. Liripun, gemah ripah lan ayem tentremipun bebrayan agung bangsa Indonesia temtu ndayani ayem tentreming kulawarga. Lan, kosok wangsulipun, ayem tentrem lan karta raharjaning kulawarga temtu ndayani dhateng ayem tentrem lan karta raharjaning bangsa lan negari.

Sedaya kulawarga kepéngin gesang sekéca. Sedaya kulawarga kepéngin gesang ayem tentrem karta raharja, kacekapan sedaya kabetahanipun, lan kadumugèn sedaya kekajenganipun. Kekajengan lan kabetahanipun tiyang punika kathah lan mawarni-warni. Sedaya tiyang betah tedha, sandhang, papan, kesarasan, kapinteran, lan sapanunggilanipun, Kanggé nyekapi sedaya kabetahan punika perlu ragad.
Kanggé nyekapi kabetahaning kulawarga punika, brayat ingkang batihipun kathah betah ragad kathah, déné brayat ingkang batihipun sekedhik cekap ragad sekedhik.
Minangka gegambaran tumrap prakawis punika, mangga dipun ungak tuladha ing ngandhap punika:
Brayat A batihipun sedasa. Inggih punika bapak, ibu, lan anak wolu. Brayat B batihipun sekawan. Inggih punika bapak,

55