Kaca:Kridha Basa 3.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Abang, ora. Putih, ora. Kuning, ora. Biru ya ora.
Cekaké, angèl olèhé arep ngarani.
Jayus : Lha yèn wujudé kepriyé?
Mursid : Wujudé ya ora alus kaya ngana kaé. Sabab, yèn
dicedhaki, sing ketok ngégla kuwi alasé, jurang-jurangé, watuné, padhasé, lan malah uga kéwan-kéwané sing padha manggon ing alas kono.
Jayus : Aku kok dadi kepéngin mbuktèkaké.
Mursid : Mbuktèkaké kandhaku iki?
Jayus : Hee. Aku kepéngin munggah gunung, kepéngin weruh sing kocritakaké kuwi.
Mursid : Ngéné bae. Yèn ing sekolahanmu ana kumpulan pendaki gunung, kowé mlebua. Kumpulan pendaki gunungkuwi kumpulan olahraga. Manfaaté wong munggah unung kuwi, kejaba awak dadi waras, uga ngipuk-ipuk asa tresna marang alam saisiné,munggahé manèh ggedhèkaké rasa takwa marang Gusti Kang Murbèng umadi.
Jayus : Tenan, Mas, aku kepégin banget, kapan-kapan aku arep munggah gunung.


VI. Kasusastran Jawa

Tembung kasusastran asalé saka tembung sastra éntuk wuwuhan su. Sastra tegesé piwulang, paugeran (pathokan), tulisan utawa buku. Su tegesé becik, éndah, linuwih utawa pinunjul. Lumrahé, susastra banjur ditegesi piwulang becik sing basané éndah utawa ngresepaké.

Sakabèhing susastra, yakuwi sakabèhing piwulang becik sing basané éndah ngresepaké kuwi, banjur diarani kasusastran. Déné kasusastran sing basané Jawa diarani kasusastran Jawa.

Nalika wong Jawa isih durung ngerti ing tulis, kasusastrané awujud kasusastran lésan sing sumebaré sarana gethok tular kojah-kinojahaké, turun-tumurun saka wong tuwa marang anak putu. Bareng wong Jawa wis padha ngerti ing tulis, kasusastrané banjur awujud kasusastran tinulis. Sekawit kasusastran mau katulis ing watu, blèbèkan tembaga, godhong tal (ron tal, lontar), lan pungkasané banjur ditulis ing dlancang awujud buku.

7