Kaca:Kridha Basa 3.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
  1. Panut gawé jugangan arep dienggo nandur gedhang.
  2. Sapa nandur kabecikan bakal ngundhuh kabecikan.

B. Tembung-tembung éntar ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!

  1. angon mangsa
  2. nglakokaké dhuwit
  3. mbuwang tilas
  4. ngabangaké kuping.
  5. mbukak wadi

  1. ngumbar hawa
  2. ngendhalèni hawa nepsu
  3. ngatonaké siyungé
  4. nggedhèkaké puluk
  5. ngangsu kawruh

III. Tuladha

  1. Tawon kuwi méncok ing manggar.
    Tawon kuwi = jejer
    méncok = wasésa
    ing manggar = katrangan panggonan
  1. Sésuk Dakim sésuk.
    sésuk = katrangan wektu
    Dakim = jejer
    réné = wasésa
  1. Dhawud bola-bali semaput.
    Dhawud = jejer
    bola-bali = katrangan cacah
    semaput = wasésa

Ukara-ukara iki udhalen kaya tuladha ing ndhuwur!

  1. Wisnu wis réné ping telu.
  2. Mau bengi aku ngimpi,
  3. Ana kéné Yu Sri ora ngineb...
  4. Embah séda rong tahun kepungkur.
  5. Basuki bola-bali takon.
  6. Baskara ngineb ana ing hotel.
  7. Wis ping telu iki dhèwèké dakélikaké.
  8. Ana kana Pramana disubya-subya.
  9. Mengko awan klambiku dadi.
  10. Sésuk Dhik Bawa arep dakpethuk.

23