Kaca:Kridha Basa 3.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
Wulangan ka-2


I.A. Wacanen kang patitis!

Budhalan Wadya Bala Pandhawa

 Lah ing kana ta wau untaping wadya bala Pandhawa saking Pakuwon Darmakasétra yèn cinandra lir péndah séla blekithi. Séla watu blekithi semut, sinawang kadi semut lumampah ing watu, anglur selur datan ana pedhoté. Kang lumampah ing ngayun Prabu Sri Bathara Kresna dalah Radèn Janaka kadhèrèkaken para putra tuwin wadya ing Madukara. Telas lampahing baris Madukara sinambet baris ing Cempalaradya kang tinindhihan ing Sénapati Agung Radèn Harya Drestajumena. Telasing baris Cempalaradya nulya kasambet baris Ngamarta, Wiratha, Sawojajar, tuwin Bumiretawu, ingkang tinindhihan

10