Kaca iki wis dikorèksi
| Retna | : | Tur anggènipun pados toya gampil, kantun mompa utawi muter kran. |
| Badrun | : | Menawi badhé dhateng wingking ugi boten tebih. |
| Kak Prapta | : | Pramuka kok mung seneng golèk gampang. |
| Retna | : | Punika wau rak namung dhawah kleresan, Sejatosipun wonten ing pundi kémawon sagah. |
| Dewi | : | Inggih, Kak, mbok wontena ing panggénan ingkang tebih toya lan tebih punapa kémawon, Pramuka boten badhé ngresula. |
| Kak Prapta | : | Kuduné pancèn ngono. Pramuka ora kena ringkih atiné, Pramuka kudu tabah. Iki ngéné, Kanggo sarat melu Persami, kaya adat saben, Adhik-adhik kudu olèh idin saka wong tuwa. Iki Kak Prap wis nyawisaké blangko layang idin saka wong tuwamu, Isènana! |
| Badrun | : | Sanèsipun punika punapa ingkang, kedah kula cawisaken, Kak? |
| Kak Prapta | : | Kaya adaté kaé, sakabèhing ubarampé kanggo berkémah. Upamané téndha saubarampéné, beras saubarampéné, piranti kanggo mangsak, piranti kanggo turu, lan aja lali obat-obatan PPPK. Prakara téndha, rèhne téndhane dhewé kurang, mengko regu sing arep nyilih téndha menyang Gudep liya dakgawani layang. |
| Andri | : | Mangké kula nyuwun serat, Kak, kula badhé pados sambutan tendha! |
| Bawa | : | Kula inggih, Kak. |
| Kak Prapta | : | Sing butuh, mengko kabèh dakwènèhi. |
| Galih | : | Adatipun sekolahan maringi bantuan ragad kanggé kabetahanipun regu. Punapa mangké saben regu ugi tampi bantuan, Kak? |
| Retna | : | Wah, Galih, usul pisan baé prekara bantuan! saru, ah! |
| kak Prapta | : | Kuwi ora saru, Retna, Pramuka mono pancèn kudu blak-blakan, Mesthiné Galih rak nalurèkaké adat sing uwis, Ruk ya ngono ta, Galih? |