Kaca iki durung katitiwaca
3. ꦉꦩꦸꦏ꧀ꦉꦩ꧀ꦥꦸ
4. ꦉꦒꦤꦺꦭꦫꦁ
5. ꦊꦒꦺꦴꦒ꧀ꦭꦼꦒꦺꦴꦒ꧀
B. Tulisen nganggo aksara Jawa!
1. laler wilis 6. arem- arem
2. lemu-lemu 7. atiné ngeres
3. Rebo Legi 8. malem Rebo
4. dicakot lemut 9. gelem rekasa
5. mangan lemper 10. mundhak reja
V. Wacanen kang patitis!
Mangkana ing saparipurnaning mbesmi kunarpané para Sénapati.
Prabu Matswapati lajeng miji pisowanipun para wayah Pandhawa saha
para naréndra lan satriya, perlu badhé. panggalihan bab lelajenganing
yuda. Ing sasampunipun bagé-binagé ing karaharjan,
lajeng sami wawan sabda.
Prabu Matswapati : Wayahingsun Prabu ing Ngamarta, Dwarawati,
apa déné ing Cempala. Ing sawisé jeneng
para nguningani kadibyané para sénapatining
Kurawa, sarta manoni guguré putraningsun
kaki Séta, Utara sarta Wratsangka, kabèh
iku mau aywa karya ciliking panggalihira,
temahan ulap marang kadibyaning mungsuhira.
Prabu Putadéwa : Nuwun, Éyang Prabu. Kados-kados kula sakadang
boten gadhah raos, alitipun ngedhap agengipun
miris ing manah. Dhestun samangké punika manah
kula kabaranang déning sédanipun Éyang Séta,
Utara tuwin Wratsangka, sarta kurbaning wadya
ingkang sakalangkung kathah.
15