Kaca iki wis divalidasi
- Adiguna punika,
ngandelaken kapinteranipun,
samubarang kabisan dipun dhèwèki,
sapa bisa kaya ingsun,
toging prana nora énjoh. - Ambek adigang iku,
ngungasaken ing kasuranipun,
paratantang candhala anyenyampahi,
tinemenan nora pecus,
satemah dadi geguyon. - Ing wong urip puniku,
aja nganggo ambek kang tetelu,
anganggoa rèrèh ririh ngati-ati,
dèn kawangwang barang laku,
kang waskitha salahing wong.
- (Wulangrèh, Ingkang Sinuwun Paku Buwana IV)
46