Kaca:Kridha Basa 3.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

IV. Wacan ing ngisor iki tulisen nganggo aksara jawa!

Tawon Madu

 Tawon madu uga diarani tawon glodhog. Diarani tawon glodhog jalaran manawa tawon kuwi diingu ing uwong dipapanaké ing omah-omahan sing jenengé glodhog. Tawon kuwi diarani tawon madu amarga manawa tawon kuwi diingu ing uwong sing dipurih maduné.

 Madu tawon kuwi pigunané akèh lan kasiyaté gedhé. Madu dicampur banyu jeruk nipis dadi obat watuk sing mujarab. Madu diublak karo mrica sethithik dadi jamu sing marakaké awak dadi sentosa. Wédang susu dicampuri endhog pitik lan madu marakaké awak dadi seger waras. Madu uga kerep kanggo campurané roti.


V. Wacan ing ngisor iki ngokokna!

Ngingah Tawon

 Bapakipun Duryat ngingah tawon. Glodhogipun kathah sanget, dipun papanaken wonten ing kebon jeraminipun. Wit jeram lan tawon punika bantu-binantu. Liripun mekaten. Menawi wit jeram punika pinuju nyekar, sekaripun jeram punika dados tedhanipun tawon. Sekaripun jeram punika ingkang dados tedhanipun tawon inggih punika tepung sarining sekar lan mabenipun. Nalika tawon méncok ing sekar saperlu ngisep maben lan mendhet tepung sarinipun sekar punika, saèstunipun tawon punika boten njarag ngréncangi wit jeram ngawontenaken penyerbukan, inggih punika mindhah sapèranganipun tepung sari punika wonten ing kepala putikipun sekar punika, njalari sekar lajeng dados pentil.

 Wontenipun bantu-binantunipun wit jeram lan tawon punika ingkang badhé angsal munpangatipun boten sanès bapakipun Duryat. Tawonipun badhé ngasilaken maben kathah, lan wohing jeramipun ndados. Angsal-angsalanipun anggenipun nanem jeram lan ngingah tawon saged kanggé nyampedi kabetahaning kulawarga


24