Kaca:Kridha Basa 3.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
Wulangan ka-1

I. A. Wacanen batin!

Wana lan Pigunanipun

 Wana punika pasitèn jembar ingkang kebak ing wit-witan ageng alit. Miturut kawontenaning wit-witanipun, wana punika wonten kalih warni. Inggih punika wana ingkang wit-witanipun namung sawarni lan wana ingkang wit-witanipun mawarni-warni. Wana ingkang wit-witanipun namung sawarni, umumipun damelanipun tiyang. Liripun, wit-witan ing wana punika dipun tanem ing tiyang. Upaminipun wana cemara, jatos, karèt, pinus, lan wana deling. Déné wana ingkang wit-witanipun mawarni-warni, racakipun sanès damelanipun tiyang. Tegesipun, wit-witan ing wana punika sami tuwuh

1