Kaca:Kridha Basa 3.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Iwan : O. dhawuhé Pak Guru bab ngarang nganggo basa Jawa
wingi kaé ta?
Wahyu : Bener.
Iwan : Sing arep kosuwunaké priksa apané?
Wahyu : Isiné. Aku butuh sesurupan sing gamblang bab sam
bung rapeté antarané "Norma Keluarga Kecil Bahagia
Sejahtera" karo lakuning pembangunan nasional, lan
gandhèng cènèngé NKKBS kuwi karo idham-idhamané
bangsa Indonesia.
Iwan : Wah, perlu banget kuwi. Apa kira-kira pakdhému ora
répot lan kersa nerangaké?
Wahyu : Takkira Pakdhé ora répot, lan mesthi kersa nerangaké.
Iwan : Yèn ngono, ayo takkancani. Aku ya kepengin ngerti.


VI. Pethikan ing ngisor iki wacanen kang patitis!

Keluwargané Bu Nyai Blorongot

.................................................

 Swasana nalika dhahar kaya dipathet. Ora ana sing cemuwit, kabèh meneng. Gunemana ya cekak-cekak banget. Aku dhéwé ya mikir lelakonku sedina iki mau. Sega dadi angél dimamah. Kejaba kuwi atiku pijer-pijer trataban selak kepéngin ngerti isiné layang warisan. Dakkira ya layang kuwi sing marahi wong-wong kurang rembugé.

 Sing ngadeg dhisik saka kursi dhahar Pak Bei Talikepuh. "Aku kudu énggal niliki lampu kamarku, wis sida dijogi lenga apa durung mau," ngendikané nalika arep ninggalake kamar dhahar. Jengkaré dietutaké wong-wong liyané. Herjanjam ngetut Dhimas Murdanu. Déné aku mbarengi lakuné Jeng Murni kang kamaré kebeneran saener karo kamarku.

 "Kula selak kepéngin mbikak serat punika," celathuné Jeng Murni dhisiki blaka. "Sejatosipun kula inggih kepéngin wicanten kaliyan Mbak Laras. Rak dangu ta, panjenengan wonten ngriki?" "Embuh ya. Aku durung duwe ketetepan. Anu, Bu Nyai Werti iku ngasta apa ta, dhèk sugenge?" pitakonku nyekak kekarepané

60