Mardi Basa lan Sastra Jawi 3
"Garis-garis Besar Program Pengajaran Bidang Studi Bahasa Daerah" kangge SMP sampun lair kanthi "Kata Pengantar" Bapak Kepala Kantor Wilayah Departemen P dan K Propinsi Jawa Tengah tanggal 5 Juli 1980.
Lairing GBPP wau tumunten kasusul "Instruksi" Bapak Kepala Bidang PMU Kantor Wilayah Departemen P dan K Propinsi Jawa Tengah nomer 2063/P/1.03-4/U-80.
Wonten ing GBPP wulangan basa Jawi boten namung ing klas I lan II, nanging ugi ing klas III. Malah wonten ing "instruksi" nipun Bapak Kepala Bidang PMU ing antawisipun dipun sebutaken bilih basa Jawi klebet salah satunggaling "mata EBTA".
GBPP Bidang Studi Bahasa Daerah wau lair sasampunipun dipun adani "Loka Karya Guru Bahasa Daerah SMP-SMA Negeri Bidang PMU Kanwil Dep. P dan K Propinsi Jawa Tengah tanggal 7 s.d. 10 Juli. 1977 di Tawangmangu dan tanggal 1 s.d. 3 Juli 1980 di Salatiga".
Wontenipun GBPP lan Instruksi kasebut mila lajeng kraos betahipun buku wulangan ingkang laras utawi cocog. Awit saking punika kula sakanca ingkang kala samanten tumut cawe-cawe ndhapuk GBPP rumaos kajibah ndhapuk buku wulanganipun.
Kanthi suka sukur ing Pangeran Ingkang Mahaagung, kula sakanca sampun rampung ndhapuk buku:
- Mardi Basa lan Sastra Jawi 1
- Mardi Basa lan Sastra Jawi 2
- Mardi Basa lan Sastra Jawi 3,
ing pangajab kenginga kangge cepenganing para siswa SMP klas I, II lan III.
Kula sakanca ngrumaosi bilih isining buku punika taksih kathah kirang lan cewetipun. Pramila panyaruwenipun para kadang sutresna basa lan sastra Jawi kula tampi kanthi bingahing manah lan matur gunging panuwun.
Ing wasana kula sakanca angaturaken agunging panuwun dhateng panjenenganipun: [ Bebuka ]
- Bapak Drs. R.M. Soepeno, Kepala Bidang PMU Kanwil Dep. P dan K Propinsi Jawa Tengah.
- Bapak Soemanto, Pengawas Bidang PMU Kanwil Dep. P dan K Propinsi Jawa Tengah (Ketua Panitia Penyelenggara Loka Karya), ingkang sampun kepareng paring pitedah lan pangestu tumrap karampunganing damel punika.
Semarang, Desember 1980
Para Pandhapuk
Bebuka |
5 |
Wulangan 1 |
9 |
Wulangan 2 |
17 |
Wulangan 3 |
25 |
Wulangan 4 |
33 |
Wulangan 5 |
41 |
Wulangan 6 |
49 |
Wulangan 7 |
57 |
Kagunan Basa |
65 |
Kapustakan Jawa |
83 |
KANTOR WILAYAH PROPINSI JAWA TENGAH
Jl, Pemuda No. 134 Semarang
Semarang, 6 Juni 1984
Kepala Kantor Wilayah,
DRS. SOEJATTA
NIP 130430070
Tindakna!
Tono | : | "Mbah dereng sare ?" |
Simbah | : | "Yah mene kok turu ta, Ton, malem Jumuwah barang ! Mrihatinke kowe ben pinter sekolahmu" |
Tono | : | "Pintera menawi nakal, aluwung bodho, nanging boten nakal, Mbah" |
Simbah | : | "Luwih becik pinter tur budine becik no, sisan olehe becik, Coba saiki arep piye meneh wangsulanmu, Ton ?" |
Tono | : | "Boten badhe ndhebat, Mbah, menawi dereng arip badhe nyuwun priksa Simbah" |
Simbah | : | "O, ngono ta! Sajake thik tenanan ta, Le. Coba arep matur apa" |
Tono | : | "Punika lho, Mbah, tembung enggal basa manca." |
Simbah | : | "Nek basa manca Simbah ora tau sekolah dhuwur ki, ya pinter kowe no. Simbah ngertine mung 'yes' karo 'no'." |
Tono | : | "Wah sanes punika, Mbah. Manawi basa Inggris kulasampun radi lanyah." |
Simbah | : | "Lha basa manca sing endi?" |
Tono | : | "Duka, basa pundi punika. Inggris sanes, Walandi sajakipun inggih sanes." |
Simbah | : | "We lha, kok mbingungke ngono! Coba unine piye?" |
Tono | : | "Ngaten, Mbah : Ekaprasetya Pancakarsa." |
Simbah | : | "O o o o o, kuwi ta ! Kuwi dudu basa manca, Le! Basane mbah-mbahmu biyen ki kaya ngono kuwi !" |
[ 10 ]
Tono | : | "Lajeng namanipun basa punapa, Mbah?" |
Simbah | : | "Kuwi basa Jawa Kuna utawa basa Kawi." |
Tono | : | "Weh, basane leluhur kok ora ngerti. Dospundi, Mbah, werdinipun ?" |
Simbah | : | "Tegese tembung dhisik, ya !" |
Tono | : | "Inggih, mangke lajeng maknanipun." |
Simbah | : | "Eka tegese siji utawa tunggal, prasetya janji itawa tekading ati, panca tegese lima, karsa tegese karep". |
Tono | : | "O, inggih, inggih! Lajeng maknanipun dospundi, Mbah ?" |
Simbah | : | "Maknane :Janji utawa manunggaling tekad kang mengku karep sumedya nindakake sila lelima kang kasebut ing Pancasila" |
Tono | : | "Wah wah wah, tibakipun Simbah punika empunipun basa Jawi saestu." |
Simbah | : | Simbah kok dialem. Kaya bocah cilik bae ta, Ton! Simbah ki dialem ora gumun, dicacad ya ora apa-apa!" |
Tono | : | "Boten ngalem kok, Mbah. Punika salugunipun. Lajeng kok dipun namekaken P 4?" |
Simbah | : | "Lha iya ta. Gurumu Ngendika piye, tegese P 4 kuwi ?" |
Tono | : | "Ngaten, Mbah. P 4 punika cekakan saking: Pedoman Penghayatan dan Pengamalan Pancasila". |
Simbah | : | "O iya, mathuk. Yen dijarwakake P 4 ki kurang luwih mangkene. Pandom Pangrasuk lan Pangetraping Pancasila" |
Tono | : | "Wah kok ingah serasi inggih, Mbah !" |
Simbah | : | "Yen Simbah ora ngerti serasi. Ngertine Simbah tembung keplok, jumbuh, utawa laras". |
B. Wacanen kang patitis, lagokna sing trep manut rasaning ukara !
- Tobat-tobat, bocah dikandhani kok mbregudul temen !
- Tobat-tobat, anggake thik ora jamak !
- Tobat-tobat, kemakine !
- Tobat-tobat, sambel thik pedhese kaya ngene !
- Tobat-tobat, sumur thik jerone ngudubilah setan !
[ 11 ]
- Tobat-tobat, wangkale ta bocah iki !
- Tobat-tobat, pitakonmu thik njlimet temen !
- Tobat-tobat, pemaibe bocah kae !
II. Maca Titi
A. Wacanen batin banjur tembangna !
- Rinipta sekar Gambuh
kang ginubah P empat mrih wanuh
yen wis wanuh den esthi ing sanubari
nulya mrasuk mbalung sungsum
Pancasila pindha amor. - Nunggal sajiwa gilut
Renggang gula lir kumepyur pulut
Ekaprastya Pancakarsa wusnya dadi
pandom panuntun kang baku
mrih Pancasila linakon - Murni nora den awur
wusanane ora sasar susur
mahanani lekas bener pener becik
miwah memayu rahayu
nyenyadong sihing Hyang Manon. - Kalamun uwus kambuh
pra manungsa satuhu wus jumbuh
cipta rasa karsa pan karya nyawiji
P empat ambalung sungsum
mrasuk kasariro ing wong - Den amalken satuhu
adil makmur tumurun wus tamtu
nugrahane Gusti Kang Murbeng Dumadi
pinaringken mring sawegung
karta raharja kelakon.
Mbs-3- 11
- Sing digubah dadi tembang Gambuh kuwi bab apa ?
- Genea didadekake tembang Gambuh ?
- Apa maknane P4 iku ?
- Yen wis padha nindakake P4 apa wohe ?
- P4 uga duwe jeneng liya. Coba aranana !
II. Kawruh Basa
A. Tuladha:
a. krowok ....
b. krowok untune.
Gawenen kaya tuladha !
|
|
B. Tuladha:
a. Pancasila iku jiwane bangsa Indonesia tulen. dudu tiron jiwane wong sabrang.
b. wong sabrang = Wong ngamanca, baheka sanes.
Tembung sing cap-capane dhoyong lerangna tegese kaya tuladha!
- Sanajan ana ing tanah sabrang bisa urip mulya, aku milih urip ana ing negaraku dhewe.
- Akeh wong sabrang kang padha kepranan marang endahing alam Indonesia.
- Yen durung mari, coba tambanana godhong sabrang.
- Sarehne kretege rusak, aku kepeksa nyabrang.
- Yen arep nyabrang, ngentenana yen dalane wis sela.
- Jaman perang biyen, wong-wong sing padha kurang jejeg imane akeh kang padha nyabrang.
- Mangkata dhisik, aku entenana ing sabrangan kana !
- Juru tambang sing nyabrangake sumlengeren_nyawang endahe Rara Mendut Jan Pranacitra. [ 13 ]C. Tuladha:
a. Mbah, menawi dereng........kula badhe nyuwun priksa.
b. Mbah, menawi dereng arip kula badhe nyuwun priksa.
Ceceg-ceceg iki isenana nganggo tembung kang cumawis ing ngisor gawenen kaya tuladha !
- Yen wis.............., mapana................kana!
- Jare durung ngantuk, genea kok pijer.......klokap-klakep.
- ............gregah banjur nyandhak sapu, nyaponi latare.
- Turune kewengen, mula tangine ........................
- Mau bengi aku ...................,nunggang macan.
- Kae, adhimu ........,gugahen banjur takonana ngimpi apa.
- Saradane yen turu mesthi ...........................
- Angger kakehan ngombe kopi, mesthi banjur,................ora bisa turu-turu.
a. nglindur
|
d. ngantuk
|
g. ngimpi
|
D. Tuladha:
a. Menawi Simbah dereng arip, kula badhe nyuwun priksa.
b. Manawa Simbah durung arip, aku arep nyuwun priksa.
Dadekna ngoko alus kaya tuladha !
- Menawi Simbah sela, kula badhe matur.
- Menawi longgar, mangke sonten Bapak kula suwun rawuh.
- Menawi boten wonten alangan, mangke dalu kula perlokaken sowan.
- Menawi sepen ing tangadur, panjenengan sekaliyan kula suwun rawuh wonten ing pondhok kula.
- Menawi kepareng, kula badhe ndherek Bulik dhateng Bandung.
- Menawi sampun rampung, temtu enggal kula aturaken wangsul.
- Menawi Kangmas boten kersa, kula ugi boten badhe meksa.
- Menawi sampun dhangan, kula aturi langkung ngatos-atos.
- Menawi kepareng gangsal yuta, badhe kula suwun piyambak. [ 14 ]
- Menawi badhe dipun agem Pakdhe piyambak, kirang sekedhik kula caosaken.
E. Wiwit kina-makina Pancasila sampun dados jiwanipun bangsa Indonesia.
Wiwit kina-makina kuwi katrangan wektu.
Aranana katrangan wektune ukara-ukara ing ngisor iki !
- Sasi ngarep Mas Mingan arep duwe gawe.
- Bapak wis tindak Surabaya minggu kepungkur.
- Olehe padha jagongan nganti ngebyar.
- Wiwit dhek semana kae aku durung tampa kabar
- Sewengi mbethethet aku ora bisa turu.
Ukara-ukara ing ngisor iki golekana katrangan panggonane !
- Kana mau ana wong mbarang sulapan.
- Pite disendhekake ana ing ngiringan omah.
- Simbah mondhok ana ing Rumah Sakit Puri Nirmala.
- Weruh kancane teka, Murti methukake ana ing latar.
- Bocah-bocah lagi padha dolanan ana ing buri omah.
IV. Kasusastran
A. Purwakanthi.
”Yen wis wanuh den esthi ing sanubari”
Tembung esthi lan sanubari iku ngemu purwakanthi. Yaiku purwakanthi swara i
Coba goleka tuladha sawetara purwakanthi kang tinemu ing:
- bebasan, paribasan utawa saloka
- lelagon dolanan
- tembang macapat.
B. Baliswara
Dhapukaning tembung ing iketaning ukara "Adil makmur tumurun wus tamtu" kuwi diarani baliswara. Yaiku, iketan walikan kanggo ngoyak dhong-dhinging tembang.
14 [ 15 ] Tuladha liyane:
- Anoman malumpat sampun. Yen ora diwalik: sampun malumpat.
- Pandhu putra. Yen ora dibaliswarakake: putra Pandhu.
- Ula ngandelaken iku. Yen ora diwalik unine: Ula iku ngandelaken.
V. Maca lan nulis aksara Jawa
Tembangna banjur turunen !
꧋ꦢꦸꦢꦸꦒꦭꦮꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒ꧈
ꦩꦾꦁꦮꦠꦫꦫꦶꦫꦶꦔꦲꦪ꧀ꦮꦭꦭꦶ꧈
ꦲꦶꦏꦸꦥꦫꦧꦺꦴꦠ꧀ꦱꦠꦸꦲꦸ꧈
ꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤꦠꦶꦤꦶꦁꦒꦭ꧀ꦭ꧈
ꦠꦔꦶꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦔꦢꦼꦒ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦭꦸꦩꦏꦸ꧈
ꦲꦩꦼꦤꦼꦁꦔꦸꦕꦥ꧀ꦲꦤꦺꦤ꧀ꦢꦿ꧈
ꦫꦶꦔꦫꦶꦔꦲꦪ꧀ꦮꦭꦭꦶ꧉
I. A. Pacelathon
Tindakna!
Sasangka | : | "Kula nuwun, Pak !" |
Pak Sis | : | "Lho, kok kowe, Lik! Kene, kene ! Gilo, Bu, cah Sala rene!" |
Bu Sis | : | "Sapa ta, Pak ?" |
Sasangka | : | "Kula, Bulik! Sasangka!" |
Bu Sis | : | "Tobat, tobat, wis gedhe temen, kowe! Ijen ta kowe mau ?" |
Pak Sis | : | "Lha iya ta kuwi. Kendel, Lik, kowe saiki !" |
Sasangka | : | "Inggih, Pak, kula wantun-wantunaken !" |
Bu Sis | : | "Thik dingaren mak jedhul, diutus pa ?" |
Sasangka | : | "Boten, Bulik! Badhe matur Om". |
Pak Sis | : | "O, ngono. Yen ngono lungguha kene, Bulik ben gawe komboran". |
Sasangka | : | "Inggih, Pak!" |
Pak Sis | : | "Piye ta, thik sajak perlu temen ?" |
Sasangka | : | "Wah, Pak! Kawuningana, kula kedhawahan urak kapilih tumut lomba sesorah cara Jawi ! Gemrobyos kula!" |
Pak Sis | : | "Ketanggor saiki! Bola-bali cah Jawa jaman saiki, dikon cara Jawa ora bisa". |
Sasangka | : | "Saestu, upami cara Inggris ngaten kemawon tekad-tekadan!" |
Pak Sis | : | "Mula kuwi, wong Jawa ilang jawane ya nek ngene iki !" |
Sasangka | : | "Nyuwun duka, Pak, pancen kasinggihan makaten!" |
Pak Sis | : | "Sawise nyuwun duka, njur karepmu priye ?" |
Sasangka | : | "Badhe nyuwun sangu, sagedipun mimpang ! Ha, ha, ha !" |
Pak Sis | : | "O, Lik, Lik! Doh kana doh kene korewangji ngaya-aya, abot-abote oleh tugas, ya !" |
Sasangka | : | "Sinten malih, Pak, ingkang kula tangisi !" |
Pak Sis | : | "Ya wis, ngene we ! Mengko dakgawekake teks, saiki dakblabari sithik-sithik !" |
Sasangka | : | "Inggih, Pak ! Sampun ngantos kewirangan. Kados pundi caranipun ?" |
Pak Sis | : | "Wong sesorah kuwi: 1. Trapsilane ngadeg kudu sing tata. Yen cara Jawa ngapurancang. |
Sasangka | : | "Manawi bab punika kula sampun mangertos, Pak!" |
Pak Sis | : | "Dhek kapan kowe tampa wulangan bab kuwi ?" |
Sasangka | : | "Kala......., kala......., inggih nembe punika ! Hahaha!" |
Pak Sis | : | "Apa ta rak tenan, ngono we thik mubeng bae, Lik, Lik !" |
Sasangka | : | "Kangge jampi isin ! Gengsi, Pak. Hi hik !" |
Pak Sis | : | "Ora dadi apa, Lik. Saiki kowe nyuwuna maem Bulik kana! Aku dak gawe teks dhisik. Irah-irahane rak sasenenge, ta?" |
Sasangka | : | "Inggih, matur nuwun !" |
Pak Sis | : | "Iya-iya ! Kana-kana !" |
B. Wacanen kang patitis, lagune sing trep !
- Piye, ngandel ora, aku rak wis kandha !
- Piye, ngandel ora, mau ndadak mbregudul !
- Piye, ngandel ora, bola-bali wis watake !
- Piye, ngandel ora, dikapak-kapakke wong jiwane asor !
- Piye, ngandel ora, dipenging goncengan telu nekad !
- Piye, ngandel ora, saiki rasakna !
- Piye, ngandel ora, bola-bali dikandhani kok ora kapok-kapok !
- Piye, ngandel ora, senengane kok maido uwong !
II. Maca titi :
A. Wacanen batin !
Nuwun, para rawuh ingkang kinurmatan !
Kula sesulihipun adhimas Siswadiharja sakulawarga, keparenga sumela atur, ngambali ngaturaken sugeng menggah rawuh panjenengan sedaya.
Salajengipun adhimas Siswadiharja ngaturaken gunging panuwun dene panjenengan wonten keparenging panggalih ngrawuhi pondhokipun adhimas Siswadiharja, nyekseni anggenipun tampi nugrahaning Pangeran kaparingan momongan ingkang pambajeng; kathik taksih mawi peparing punapa-punapa. Saking agenging bebudenipun para rawuh, ngantos kecipuhan anggen kula nampeni. Tangeh lamun kula saged atur piwales, kejawi namung nyenyuwun mugi-mugi Ingkang Maha Wikan maringi pepulih ingkang samurwatipun.
Wondene momongan pambajeng punika, dipun sukani tetenger nama pun Eka Setya Budi. Esthining manah, mengku panyuwun mugi-mugi ponang jabang bayi punika dadosa tiyang ingkang setya ing bebuden sae, labuh labet nusa, bangsa, tuwin negari, ugi boten kesupen anggenipun sumungkem arakan ing Pangeran sarta tiyang sepuh.
Sedaya wau kula suwunaken jumurunging pudyastawanipun para werdha, saha para rawuh sadaya ingkang satuhu luhur ing budi.
Para rawuh ingkang kinurmatan; boten kesupen adhimas Siswadiharja sakulawarga punapa dene kula piyambak, nyuwun sih pangaksami, mbokbilih anggenipun nampi rawuh panjenengan kirang ngenggeni subasita.
Mbs-3- 19
Ing wasana mugi para rawuh kepareng lelenggahan ingkang sekeca ngantos saparipurnaning pasamuwan, sinambi ngemataken cariyos Lairipun Abimanyu ingkang badhe kabeber panjenenganipun Ki Dhalang Gunacarita. Wondene punapa ingkang sampun lumados sumangga keparenga dipun unjuk kagem jampi salit sawatawis.
Nuwun!
B. Wangsulana kang patitis abasa krama!
- Sing kagungan kersa iku sapa?
- Kagungan kersa apa ?
- Jenenge jabang bayi sapa? Mengku panyuwunan apa ?
- Pahargyan kuwi nganggo nanggap wayang lakon apa ?
- Abimanyu iku putrane sapa ?
III. Kawruh basa
A. Ceceg-ceceg iki isenana tembung kang cumawis ing ngisor, pilihen sing cocog !
- Ibu .... ana ing daleme Bulik Citra sing lagi nyepasari putrane.
- Mbah Karsa tilar donya, ayo padha ....
- Mbeneri "Hari Pahlawan" murid-murid padha .... menyang "Taman Makam Pahlawan".
- Bubar ujian bocah-bocah padha ....
- Sang Prabu namur laku, tindak .... njajah desa milang kori.
- Gendhon .... tanpa pamit, gawe bingunge wong saomah.
- Prabu Nala lan ingkang rayi Dewi Damayanti .... nilar praja, jalaran kalah anggone kesukan main dhadhu.
- Kae lho ana tawon...... pasangana glodhog.
- Jam setengah lima esuk aku wis tangi, banjur......
- Martana menyang Surabaya.......bulike.
a. lunga |
f. lelana |
20 [ 21 ]B. Tembung ing ngisor iki gawenen ukara kang luwes !
|
|
C. Tembung sing cap-capane dhoyeng ing ukara-ukara ngisor iki ora mapan anggone. Mara salinana sing trep !
- Entenana, aku dak ganti klambi !
- Regane beras wuluh karo beras putih iku akeh bedane.
- Lemarine ora bisa dikunci.
- Lawange tutupen!
- Aku lagi diutus Ibu nata lemari.
- Koran iki paringna Pakdhe !
- Ditunggu nganti rong jam kok ora teka-teka.
- Olehku tuku Rp 100,00, mula uga gentinen Rp 100, 00.
- Bab sangu uga wis dakpikirake
D. Mengko dak ka teks, saiki dakblabari dhisik sithik-sithik. Tembung sithik-sithik iku asale saka tembung sithik. Dadine sithik-sithik sarana dirangkep. Mula, rimbage diarani rimbag rangkepan.
Manut wujude rimbag jaban iku ana werna telu. Yaiku :
a. dwipurwa (rangkep wandane kang ngarep), upamane: tetuku, pepeteng.
b. dwilingga (rangkep linggane), upamane: ala-ala, bola-bali, pringas-pringis.
c. dwiwasana (rangkep iwaatlane pungkasan), upamane: celuluk, cekikik.
Tembung-tembung dwipurwa, dwilingga, lan dwiwasana iki gawenen ukara kang luwes !
|
|
|
a. Ora kok Bulik, mung arep takon Paklik carane wong sesorah.
b. Ora kok Bulik, mung arep matur Paklik carane wong sesorah.
Benerna kaya tuladha !
1. Kana, njaluka maem bulik !
2. Tamune wis padha teka, Bapak durung adus.
3. Dakcepaki kopi, embah ora gelem ngombe, jare lagi mutih.
4. Sssst, aja rame-rame, bapak lagi turu!
5. Enya, Mbakyu, dakwenehi salak Bali karo apel Malang.
6. Jare wingi arep rene, kok ora sida ?
7. Kandhane Pak Guru ngrokok kuwi mitunani tumraping kuwarasan.
8. Kandhaa Pak Guru, manawa tekamu kepeksa telat jalaran nukokake obat embah.
IV. Kasusastran
Lambang utawa pralambang
Lambang utawa pralambang iku warna-warna. Upamane:
1. Lambang jaman, kayata:
a. Anderpati kalawasesa : lambang kaanane jaman Pajajaran.
b. Rajapati Dewanata : lambang kaanane jaman Majapahit
c. Kalajangga : lambang kaanane jaman Pajang.
d. Adiyati Kalawisesa : lambang kaanane jaman Demak.
e. Kalasakti : lambang kaanane jaman Mataram.
f. Kalabendu : ora disebutake jaman kapan.
2. Lambange wong kang dadi paranpara, kayata:
- Sing lara supaya diwedhaki kayu urip dicampuri adas pula waras.
Iki pralambang manawa sing lara ana pangarep-arepe bisa waras.
- Sing lara supaya diborehi pipisan pupus gedhang.
Iki suka pralambang manawa sanak sedulure padha mupusa marang pepesthening takdir, sing lara ora bisa diajab warase.
V. Karangan
Gawea karangan teks sesorah sukuran anggonmu lulus ujian !
Mbs-3- 23
I. A. Pacelathon
Tindakna !
Werkudara | : | "Kresna kakangku ! Padha raharja rawuhmu ing Wiratha iki ?" |
Kresna | : | "Basuki, Dhimas !" |
Werkudara | : | "Selak panas, aku nyuwun pawarta bab rawuhe Jlitheng kakangku ing Astina". |
Kresna | : | "Bener kandhaku, Dhimas, yen Kurawa ki pancen ora kena dijak rembugan". |
Werkudara | : | "Piye kersamu ?" |
Kresna | : | "Bola-bali rak wis daketung, kudu klakon jangkaning Dewa". |
Werkudara | : | "Sida perang labuh negara pa piye?" |
Kresna | : | "Wis kudu ngono, Yayi! Dirundhing ora kena, mangka Pandhawa rak mung njaluk balining separone Aština, ta?" |
Werkudara | : | "Lha iya, ngono bae dikukuhi, apa maneh yen dijaluk kabeh, mendah kaya ngapa ?" |
Kresna | : | "Malah ana kana wingi Pun Kakang wis icip-icip perang kok, Yayi. Ajaa bumi Astina arep dakuntal malang, Setyaki rak durung diculake". |
Werkudara | : | "Setyaki dipotheng-potheng Kurawa pa piye ?" |
Kresna | : | "Ora trima dipotheng-potheng, malah wis diajar dikrubut wong sa Astina. Ora sranta Pun Kakang jumangkah tri wikrama, Dhimas ! Tujokna dipisah para Jawata sing ngestreni". Pun Kakang diarih-arih. |
Werkudara | : | "Wah, anua rak sida lebur tanpa dadi. |
Kebeneran aku ora rekasa, wis rampung, wis rampung urusane” | ||
Kresna | : | "Iya ya, Dhi, wong tuwa dienggo tumbal, sing enom enak-enak. Thik apik ya usulmu, heh heh heh!" |
Werkudara | : | "Ora ngono Jlitheng kakangku! Barese, wadya sing ana ngalun-alun iki sewengi padha ora turu, mung ngenteni rawuhe Jlitheng kakangku. Yen entuk gawe, ........ pista bojana andrawina. Yen ora entuk gawe, .................” |
Kresna | : | "Rawe-rawe rantas, malang-malang putung ! Ngono apa, Dhimas?" |
Werkudara | : | "Dhasar kabeh wis saiyeg saeka kapti, bakal labuh negara mbelani bebener, ditohi pecahing dhadha wutahing ludira". |
Kresna | : | "Bagus, bagus, Dhimas. Yaiku darmaning satriya. Ana unen-unen, sadumuk bathuk sanyari bumi". |
Werkudara | : | "Najan mung sakilan, bumi wutah rah kudu tetep dilabuhi. Saiki piye dhawuhmu, Jlitheng kakangku!" |
Kresna | : | "Bocah Plangkawati, Pringgadani, Paranggarudha lan liya-liyane apa wis padha siyaga, Dhimas ?" |
Werkudara | : | "Kabeh wis kari ngenteni dhawuh. Malah, wong Wiratha barang padha arep mbiyantu". |
Kresna | : | "We, lha, iya iya. Yen ngono aja kesuwen, Dhimas, budhalna saiki !" |
Werkudara | : | "Dakestokke dhawuhmu Jlitheng kakangku!" |
B. Wacanen kang patitis, lagokna kang trep manut wayange !
Arjuna | : | "Kakang Semar !" |
Semar | : | Hai ................... kula Ndara!" |
Arjuna | : | "Apadene kowe, Nala Gareng !" |
Gareng | : | "Wonten dhawuh Ndara !" |
Arjuna | : | "Sarta kowe, Petruk !" |
Petruk | : | "Nun, wonten dhawuh pangandika, Ndara. Wonten |
punapa kepareng nimbali keng abdi pun Petruk, kula nun !" | ||
Arjuna | : | "Lan kowe, Bagong ! Bagong ................” |
Bagong | : | "Dahalem, Oom ! Wontehen gahanjaran menhapa, Oom ?" |
Gareng | : | "O, bocah kurang ajar! Ngaturi bendara kok om !" |
Petruk | : | "Endah-endah anake wong gendheng, Kang Gareng !” |
Semar | : | "Hei, kowe muni piye he, Petruk ! Jajal munia pisan engkas, cah bagus !" |
Petruk | : | "Ora kok, Ma. Bagong kuwi lho, endah-endah bapake cah gendheng". |
II. Maca titi
A. Wacanen kang titi, lagune sing trep !
Kocap kacarita wadyabala Pandhawa wus budhal saking Wiratha, arsa ngrabaseng yuda, minta baline nagari Astina kang sapalih. Wus tetela lamun Kurawa ngukuhi, datan kena ginawe becik, tan arsa den ajak kekadangan.
Untabing wadya bala anglur selur ndalidir tan ana pedhote, kadya sela blekithi. Sela araning watu, blekithi semut. Pindha semut mbarubul saking eleng sangandhaping watu.
Bengingehing kuda pangempreting dwipangga miwah karopyaking watang gathik, yayah warsa kinteki. Warsa udan, kinteki alas pejaten, kaya swaraning udan ing alas pejaten.
Kelap-kelaping bandhera, kekandha, miwah umbul-umbul, katempuh ing sunaring surya sinerang ing maruta manda, pindha werdu hangga sasra. Werdu lintah, hangga banyu, sasra sewu. Kaya lintah sewu kumelap ing banyu.
Barising wadya bala sajuru-juru datan kena worsuh. Kang busana abang kumpul padha rekta kaya wukir kawelagar. Wukir gunung, kawelagar kobong. Kaya gunung kabesmen. Kang busana ijo ngumpul padha wilis, tinon saking mandrawa
pidha tanem nedheng gumandhung. Tanem tanduring pari, gumadhung nedheng-nedhenge ijo royo-royo.
Kang busana ireng kumpul padha langking, kalon kadya gagak areraton. Gagak wus ngarani, areraton padha kumpul areroyoman. Kang busana kuning kumpul padha pita, yayah podhang
areraton. Kaya podhang kang padha kumpul areroyoman.
Samana lampahe wadya bala wus prapteng tepis wiringing tegal Kuru, gya kendel yasa tendha kinarya makuwon, nulya
samya ngleremaken sarira.
B. Wangsulana kang patitis abasa krama !
- Pandhawa budhal menyang ngendi ?
- Apa perlune Pandhawa ngadani perang ?
- Sing dicandra kaya warsa kinteki iku apa ?
- Lha sing kaya werdu hangga sasra iku apa ?
- Sing menganggo kuning dicandra kaya apa?
III. Kawruh basa
A. Tuladha
- Wus tetela manawa Kurawa angukuhi.
- tetela = nyata
Tembung sing cap-capane dhoyong terangna tegese kaya tuladha !
- Pahdhawa ngrabaseng yuda, minta baline nagari Astina ingkang sapalih.
- Untabing wadya bala anglur selur tan ana pedhote.
- Bengingehing kuda pangempreting dwipangga miwah karopyaking watang gathik yayah warsa kinteki.
- Barising wadya bala sajuru-juru datan kena worsuh.
- Kang busana abang ngumpul padha rekta, kaya wana kawelagar.
- Kang busana ijo kumpul padha wilis, tinon saking mandrawa pindha tenem nedheng gumadhung,
- Kang busana ireng kumpul padha langking, katon kadya gagak areraton.
- Kang busana kuning kumpul padha pita, yayah podhang areraton.
- Samana lampahe wadya bala wus prapteng tepis wiringing tegal Kuru.
- Gya kendel yasa tendha kinarya makuwon, nulya ngleremaken sarira.
B. Bengingehing kuda pangempreting dwipangga .......
”Kuda” lan “dwipangga” kuwi tembung kawi. Tembunge saiki: jaran lan gajah.
Mara tembung-tembung kawi iki golekana tembunge saiki !
|
|
|
C. "Wadya bala” kuwi jenenge tembung saroja.
Tembung-tembung iki dadekna tembung saroja, banjur gawenen ukara !
|
|
D.Tuladha.
a.Ukara lamba: 1. Raden Wekudara mbudhalake wadya.
2. Astane kumlawe ngabani.
b. Ukara rowa: Raden Werkudara mbudhalake wadya, astane kumlawe ngabani.
Ukara-ukara iki endi sing ukara lamba lan endi sing ukara rowa?
- Sawahku amba, lemahe eloh,
- Martini angkuh.
- Martini digething kanca-kancane.
- Awakku prindang-prinding, kringetku gemrobyos.
- Srini nangis, atine ngondhok-ondhok.
Mbs-3- 29
- Mbesuk sasi ngarep Pak Sastra mantu putrane.
- Untuku krowok, rasane senut-senut.
- Mripate dilek-lekake, kupinge diambak-ambakake.
- Boyoke pegel, ros-rosane ngethok.
- Mripate plirak-plirik, tangane uthak-uthik.
IV. Kasusastran
Candrasangkala
Candrasangkala iku cathetan angkaning taun awujud ukara. Miturut kawruh candrasangkala, saben tembung Jawa duwe teges angka dhewe-dhewe.
Tembung-tembung kang duwe teges angka siji, diarani tembung watak siji, sing duwe teges angka loro, telu lan sapiturute, diarani tembung watak loro, telu, lan sapiturute, nganti tekan watak sepuluh utawa watak nol.
Upamane candrasangkala: Dwi naga rasa tunggal.
Dwi awatak 2, naga awatak 8, rasa awatak 6, tunggal awatak 1. Dadi, dwi naga rasa tunggal ateges: 2 8 6 1. Karepe, arep nulis cathetan taun: 1682. Marga, watone ukara sengkalan kuwi walikan karo urutaning angka taun sing dikarepake.
Kajaba kuwi, ukara sengkalan kudu runtut kepenak, sarta mencok surasane karo lelakon sing dipengeti.
Ing ngisor iki pratelan bab wataking tembung sawatara:
Watak 1 : | Bumi, srengenge, rembulan, lintang.
Allah, Gusti, manungsa, kawula. Wutuh, bunder, wangun, nyata, wani, urip. Perangane awak sing cacahe mung siji, sirah, ati, buntut. |
Watak 2 : | Barang sing jodhon:
Panganten, kembar, mripat, kuping, tangan, swiwi, suku, sungut, bau, pipi, alis. Sipat utawa kriyane tembung-tembung mau, upamane: mireng, nembah, ndulu, mabur, mlampah. |
Watak 3 : | Geni, urub, panas, jurit, tandang, guna, putri, estri, cacing. |
Watak 4 : | Banyu, kali, segara, bening, suci, warna, keblat, jaman. Panggawe, karya, kerta. |
[ 31 ]
Watak 5 | : | Angin, gegaman, piranti, srana, tata, marga, dalan, pandhawa, buta, galak, bisikan, turu, alas. |
Watak 6 | : | Rasa, pait, sekeca, manis, Obah, oyag, retu, susah, cegah. Uwit, mangsa, wayang, tawon, kombang. |
Watak 7 | : | Pandhita, gunung, ardi, kapal (jaran), tunggang, ageng, swara, tembung, wulang, suka, bungah. |
Watak 8 | : | Gajah, esthi, naga, sawer, baya; slira, cecak, taksaka. |
Watak 9 | : | Bolongan, lawang, gapura, guwa, terus, dewa, sanga, manjing, seneng, nrima, rai, ganda. |
Watak 10 utawa 0 | : | Suwung, kothong, sirna, ilang, pati, rusak, lunga, tanpa, langit, mumbul, muluk, dhuwur, antara, adoh. |
Mara aranana, sengkalan-sengkalan iki taun pira !
- Naga muluk tinitihan janma.
- Gapuraning wruh wadananing Gusti.
- Sirna ilang kertaning bumi.
- Gana lima slira tunggal.
- Wiku misik swara tunggil.
V. Tembangna banjur turunen !
꧋ꦱꦸꦉꦩ꧀ꦱꦸꦉꦩ꧀ꦢꦶꦮꦁꦏꦫꦏꦶꦁꦏꦶꦤ꧀
ꦏꦢꦾꦩꦔꦸꦱ꧀ꦮꦫꦶꦱꦁꦥꦭꦱ꧀ꦠꦿ꧈
ꦢꦺꦤ꧀ꦚꦲꦶꦭꦁꦩꦩꦤꦶꦱ꧀ꦱꦺ꧈
ꦮꦢꦤꦤꦶꦫꦭꦤ꧀ꦝꦸꦁ꧈
ꦏꦸꦩꦼꦭ꧀ꦏꦸꦕꦼꦩ꧀ꦫꦃꦩꦫꦠꦤ꧀ꦤꦶ꧈
ꦩꦫꦁꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦫ꧈ꦩꦼꦭꦱ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦩꦫꦸꦱ꧀
ꦒꦒꦤꦩꦧꦁꦱꦸꦩꦶꦫꦠ꧀
ꦱꦧꦸꦮꦤꦏꦢꦾꦏꦮꦫꦠꦤ꧀ꦒꦼꦠꦶꦃ
ꦭꦶꦂꦧꦺꦭꦥꦭꦱ꧀ꦠꦿꦺꦁꦥꦿꦁ꧉
꧋ꦮꦸꦏꦶꦂꦱꦩꦺꦴꦢꦿꦱꦩꦾꦤꦔꦶꦱ꧀ꦱꦶ꧈
ꦩꦺꦒꦩꦺꦒꦫꦸꦩꦫꦥ꧀ꦩꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀
ꦱꦸꦩꦼꦧꦂꦮꦼꦠꦸꦫꦶꦫꦶꦱ꧀ꦱꦺ꧈
ꦠꦺꦗꦮꦁꦏꦮꦤꦮꦸꦁ꧈
ꦭꦶꦂꦩꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦶꦏꦁꦏꦶꦭꦠ꧀ꦛꦛꦶꦠ꧀
ꦧꦿꦩꦫꦲꦭꦶꦮꦼꦂꦫꦤ꧀
ꦤꦺꦁꦠꦮꦁꦱꦸꦩꦸꦁꦱꦸꦁ꧈
ꦣꦮꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦱ꧀ꦥꦮꦂꦱ꧈
ꦲꦫꦸꦩ꧀ꦲꦫꦸꦩ꧀ꦱꦸꦩꦮꦸꦂꦲꦩꦫꦠꦤ꧀ꦤꦶ꧈
ꦩꦼꦤꦸꦃꦲꦶꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦁꦔꦤ꧀꧈
I. A. Pacelathon
Tindakna !
Dibya : | "Pak, punika Kompasipun !" |
Bapak : | "Lho, apa kowe tuku kompas ?" |
Dibya: | "Rak sampun dangu ta, Pak !" |
Bapak : | "Bapak durung priksa ki, gek arep nyang ngendi ta
Dib, thik nggawa kompas kuwi?" |
Dibya : | "Saweg dhateng kok, Pak, lajeng kula waos pang-
genan crita". |
Bapak : | "Kompas, Kompas,. . .. . . . . . Kompas apa ta
kuwi, kok diwaca ki ?" |
Dibya : | "Punika lho, Pak. Tiyang sampun dangu anggenipun
lengganan saben wulan dipun trgih ngaten kok !" |
Bapak : | "Apa tumon! Bapak ki rak lagi mudheng, Dib!" |
Dibya : | "Dospundi ta, Pak ?" |
Bapak : | "Dakarani ki rak kompas sing kanggo nuduhake lor
kidul kae. Tibake ki layang kabar Kompas ngono, ta ?" |
Dibya: | "Inggih, Pak, hari warti Kompas". |
Bapak: | "Panyebar Semangate durung teka ta, Dib?" |
Dibya: | "Benjing Sabtu ngaten. Bapak ki ngetes aku sajake!" |
Bapak : | "O, Bapak lali kok, Dib. Dakkira iki mau rak wis
wayahe teka Panyebar Semangat". |
Dibya: | "Panyebar Semangat punika rak minggon, Pak. E,
kala warti kok !" |
Bapak : | "Wah, pinter kowe, Dib! Klas telu rak diwulang Basa
Jawa ta, Le ?" |
Dibya: | "Inggih, Pak. Mila punika, kula badhe tes semesteran,
ngiras ngapilaken, kok, Pak". |
Mbs-3- 33
Bapak | : | "Wah, saiki kowe yen ngarani harian: ari warti, yen mingguan: kala warti". |
Dibya | : | "Mekaten, Pak. Kula nate matur Bapak Guru, manawi harian hari warti, mingguan kok sanes minggu warti". |
Bapak | : | "Ha ha ha ha ha! Aneh-aneh bae kowe kuwi, Dib! Mengko bulanan banjur bulan warti, ngono pa piye?" |
Dibya | : | "Kula lajeng boten wantun matur sanes-sanesipun. Punika kemawon kanca kula lajeng sami nggegujeng sadaya". |
Bapak | : | "Lha ya samesthine. Wong Bapak we ya nggujeng kok. Lucu kowe ki !" |
B. Wacanen kang patitis, lagune sing trep !
- Ana-ana bae, pitik kok disikep, lha ya nglubuk-nglubuk.
- Ana-ana bae, krupuk kok dikumbah, lha ya mlempem.
- Ana-ana bae, ngliwet kok ditinggal turu, lha ya gosong.
- Ana-ana bae, banyu aki dikira cokak, lha ya mateni.
- Ana-ana bae, bengi-bengi lawange dijeblag, lha ya kelebon maling.
II. Maca titi
A. Wacanen batin kang titi !
Ing jaman sapunika serat kabar punika dados kabetahaning umum, langkung-langkung tumrap kaum dagang, ageng sanget pigunanipun. Kajawi sumerep dhateng ebahing jagat, inggih saged ngindhakaken seserepan tumrap padamelan. Golongan punapa kemawon saged ngraosaken paedahipun.
Yasa serat kabar punika kajawi kedah ngawontenaken bandha kangge wragad ngecap, ingkang perlu kedah wonten juru ngarangipun. Manawi juru ngarang punika langkung saking satunggal, salah satunggal dados sesepuhipun ingkang tanggel jawab tumrap isinipun serat kabar. Kajawi juru ngarang ingkang [ 35 ]sampun tetep, inggih kedah gadhah pembantu ing sanes panggenan ingkang saged ngintunaken kabar sawanci-wanci sarana serat, sarana tilpun, utawi tilgram dhateng sesepuhipun juru ngarang sapambantunipun. Serat kabar ugi gadhah punggawa ingkang ngurus tumindaking padamelan, kadosta: nampeni arta lengganan, ngintunaken serat kabar dhateng para lengganan, ngurus wragading ngecap. Manawi gadhah pangecapan piyambak inggih ngurus dlancang, mangsi, tukang, punggawa sapanunggilanipun, ingkang bangsa padamelan pangecapan.
Serat kabar punika wonten ingkang medal saben dinten wonten ingkang medal seminggu sepisan, setengah wulan sepisan, saben wulan, ugi wonten ingkang medal tigang wulan sepisan. Ingkang medal saben dinten namung awujud dlancang lembaran, sanesipun sami wujud buku, namanipun kalawarti.
Isinipun kenging kapilah-pilah makaten:
Ingkang awujud dlancang lembaran, ing kaca kapisan wonten seratan ageng: namanipun serat kabar wau. Lajeng karangan karangan saking para juru ngarang, limrahipun arupi wawasan warni-warni babagan punapa kemawon, kadosta: babagan parentah praja, babagan panggesangan, padagangan, kataberen, kabudidayan, panggulawenthah, among tani, kasarasan, piwulang, lan sanes-sanesipun malih, cekakipun ingkang nyekapi dhateng betahing ngakathah. Kaca kaping kalih ngewrat kabar cekak-cekak saking manca nagari utawi saking sabrang, wonten papan saperangan kangge ngewrat kabar-kabar saking kithanipun piyambak, saperangan malih kangge ngewrat kabar-kabar babagan olah raga. Wasana ugi wonten papan sedhiyan pariwara. Sadaya tiyang, langkung-langkung para among dagang, nglebetaken pariwara sarana katarik bayaran, mewahi
pengasilanipun serat kabar wau.
B. Wangsulana kang patitis abasa krama !
- Apa sing dikarepake dados kabetahaning umum ?
- Apa paedahe layang kabar kuwi ?
- Sapa sing duwe tanggung jawab marang isine layang kabar ?
- Apa jenenge pembantu sing golek lan sing ngirimake kabar marang tetuwane juru ngarang iku ?
- Aranana jenenge lan tugase para punggawane layang kabar!
- Sapa sing ngurusi dhuwit lengganane para lengganan ?
- Yen kowe kirim kabar (naskah) koalamatke sapa?
- Kajaba dhuwit lengganan, layang kabar bisa oleh dhuwit saka ngendi maneh ?
III. Kawruh basa
A. Tembung-tembung ing ngisor iki gawenen ukara kang luwes !
1. kabetahaning umum
|
5. sesepuh
|
B. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana tembung-tembung sing cumawis ing ngisor !
- Ature............,gerahe Sang Putri bisa dhangan, dene saranane sarah kang keli ing Bengawan Nil, kang ngliwati puri kedhatone Sang Prabu Pirngon.
- Anggone padha rerembugan lumantar ............ ne dhewe-dhewe.
- Yen arep jiarah menyang makam Imagiri, kowe kudu nemoni ............ne.
- Bapak lan ibu kuwi pindhane nakodha ian .................... ne kulawarga.
- Layang kabar duwe ............., jenenge jurnalis.
- Sadurunge diangkat dadi ..........., Nasrun wis magang ana ing Kantor Kecamatan watara rong taunan.
- Ki Gedhe Wira winisudha dadi lurahe para juru taman, dene Nyi Gedhe Wira dadi lelurahe .............................
- Ora ana ................ kang gelem nyabrangake Kleting Kuning.
a. juru tambang
|
e. juru nujum
|
C. Ceceg-ceceg iki isenana tembung-tembung kang cumawis ing ngisor !
- Para among dagang kathah ingkang sami nglebetaken .............................. wonten ing salebetipun serat kabar punapa dene kalawarti.
- Wonten ........................, "tulung menthung". Tegesipun, ketingalipun tetulung nanging malah damel rekaosipun ingkang dipun tulungi.
- Anggen kula nembung namung sembrana, ............., jebul dipun sukakaken saestu.
- Manawi boten kenging kula suwun karana aris, badhe kula rebat kanthi ruda ............., jer tanah wutah rah kedah kula tohi pecahing jaja wutahing ludira.
- Lampahing sarasehan rancag nir ing sambekala, ngantos ............
- Kula nyuwun sih .............. panjenengan, kersaa ngrigenaken lare kula sagedipun nyambut damel ndherek panjenengan.
- Pangestunipun Eyang tansah pundhi dadosa jimat ...............
- Yen lagi ora kebeneran, sa .................. ku sarwa salah.
- Bibar inggah-inggahan lare-lare sami .............. dhateng Bali.
|
d. paripeksa
|
g. parikena |
D. Tembung serat kabar kalawarti, lan pariwara iku diarani tembung camboran. Manut tegese tembung camboran kuwi kapilah dadi rong warna, yaiku camboran tunggal lan camboran wudhar.
- Camboran tunggal: tegese tembung-tembung sing digandheng manunggal utawa luluh dadi siji. Upamane: naga sari, semar mendem, jaka belek, uler kaget, sangga wedhi, tutup keyong, buntut urang.
- Camboran wudhar: juru taman, kalawarti, tukang pijet, buku tulis, susu bubuk, coklat susu, gedhe cilik, wadya bala.
Tembung camboran ing ngisor iki terangna tegese !
- Sri, tukua gedhang goreng karo semar mendem kana !
- Omahe kinupeng ing pager bata.
Mbs-3- 37
- Bapak lengganan layang kabar Berita Yuda.
- Aku titip, tukokna cet tembok karo kuwas.
- Lanjar tampa dhuwit pesangon limang atus ewu.
- Ibu mundhut gula pasir, susu bubuk karo coklat.
- Bapak ibu tindak Surabaya, aku tunggu omah karo Mbak Siti.
- Martini kae cilikane mlenis, bareng wis diwasa gedhe dhuwur kaya ibune.
- Bapakmu kae enom tuwane sabapakku.
- Yen ora kepeksa, aja nganti gawe repote sanak sedulur.
IV. Kasusastran
Kasusastran yaiku sakabehing piwulang kang basane edi (endah) lan isine luhur.
Kasusastrane bangsa kang durung ngerti tulis awujud kasusastran lesan, sumebare sarana gethok tular, kojah-kinojahake.
Kasusastran lesan umume ora kasumurupan sapa sing yasa. Kasusastran mau banjur diarani kasusastran para, dianggep gaweane wong akeh.
Bangsa kang wus ngerti ing tulis kasusastrane awujud Kasusastran tinulis, lumrahe wis dingerteni sapa sing yasa. Kasusastran kuwi
diarani kasusastran miji.
Sanajan mangkono, sanajan jamane wong padha ngerti ing tulis, isih akeh kasusastran kang ora kasumurupan maneh sapa sing yasa.
Upamane: Dongeng Jaka Kendhil, uran-uran "semut ireng”, lagu dolanan ”"Lir-ilir".
Manut dhapukane, kasusastran ana rong warna kasusastran gancar lan kasusastran tembang.
Dadi, ana :
a. kasusastran para — kasusastran miji
b. kasusastran lesan — kasusastran tinulis
c. kasusastran gancar — kasusastran tembang
Kawruh kang ngrembug bab kasusastran kaperang dadi rong warna yaiku kawruh bab kagunan basa lan kawruh bab kapustakan.
a. Kagunan basa
Kagunan basa ngrembug bab basa kagunan. Basa kagunan uga diarani basa endah, yaiku dhapukane basa kang mengku rasa endah, kang kanggo ing sajroning buku-buku kasusastran. Basa kagunan uga diarani basa pinathok, amarga winengku ing paugeran.
Sing klebu ewone basa kapunan yaiku :
- tembung saroja |
- guritan |
b. Kapustakan
Kapustakan asale saka tembung pustaka, tegese buku.
Kawruh kapustakan ngrembug sakabehing buku kasusastran (buku sing basane endah lan isine luhur), diurutake wiwit saka buku-buku kuna nganti. tekan buku-buku weton anyar. Sing dirembug yaiku: jenenge buku, jenenge sing ngarang, kapan anggone ngarang, isine apa, lan sapanunggalane.
Manut enom tuwane, kapustakan Jawa kaperang dadi telu, yaiku kang klebu ewone Kasusastran Jawa Kuna, Kasusastran Jawa Tengahan, lan Kasusastran Jawa Anyar.
- Kasusastran Jawa Kuna (.......... — tahun 1400)
Basane : Jawa Kuna
Moncer-moncere : Jaman Kediri
Pusere : Tanah Jawa Wetan
Tembange : Kekawin
Mbs-3- 39
- Kasusastran Jawa Tengahan (1400 — 1750)
a. Kang cedhak karo Kuna (1400 — 1600)
Moncer-morcere : Jaman Demak, Mataram, Kartasura,
Basane : Jawa Tengahan
Pusere : Jawa Wetan lan Bali
Tembange : Kidung
b. Kang cedhak karo Jawa Anyar (1600 — 1750)
Basane : Jawa Tengahan
Pusere : Jawa Tengah
- Kasusastran Jawa Anyar (1750 — ...........)
a. Kasusastran, Jawa Anyar (1750 — 1910)
Basane : Jawa Anyar
Pusere : Jawa Tengah
Tembange: Tembang Gedhe, teh pahan. Macapat
Moncer-moncere : Jaman Surakarta
b. Kasusastran Jawa Modern (1910 — saiki)
Basane : Jawa Anyar.
Wiwit nêngenake gancaran kan baie thukul pulisi gagrag anyar.
V. Ngarang
Gawea kasan awujud pariwara, iklan utawa adpertensi. Isine: Kowe golek omah sewan ing kampung kang ora pati rame, cedhak Kampus UNS, lan kowe saguh mbayar kontrak sajrone limang taun.
I. A. Pacelathon
Tindakna !
Pak Karta | : | ”Pak Lurah, badhe sowan, Pak !” |
Pak Lurah | : | ”Mangga, Pak ! Pak Karta ta iki ?” |
Pak Karta | : | ”Inggih, Pak ! Nuwun sewu, dalu-dalu sowan mriki !” |
Pak Lurah | : | ”Inggih, thik merlokaken wonten punapa ?” |
Pak Karta | : | ”Anu, Pak, kula punika tiyang boten gadhah, padamelan kula pados kajeng rencek dhateng wana!” |
Pak Lurah | : | ”Sampun matur dhateng sinten ?” |
Pak Karta | : | ”Boten matur sinten-sinten, Pak, tiyang punika wana umum !” |
Pak Lurah | : | ”Lajeng, kersanipun dospundi ?” |
Pak Karta | : | ”Ngaten, Pak. Ngertos-ngertos kula dipun oyak-oyak kaliyan dipun lokaken, ’Maling, maling !’ Lha, punika, Pak, kula boten trimah, awit kula punika sanes pandung. Embah-embah kula inggih tiyang-tiyang sae, boten wonten ingkang nindakaken padamelan punika !” |
Pak Lurah | : | ”Kok lajeng dumugi ngriki punika wau dospundi ?” |
Pak Karta | : | ”Inggih, Pak, punika wau kula mlajeng. Ingkang ngoyak boten namung tiyang satunggal, lan mawi mbekta bedhil punapa !” |
Pak Lurah | : | ”We lha, blai ! Ingkang dereng mudheng punika panjenengan, Pak Karta ! Ha ha ha-ha, ha !” |
Pak Karta | : | ”Boten mudheng dospundi, Pak Lurah ? Kula rak resik-resik wana !” |
Pak Lurah | : | ”Tur, negor sing ageng barang, nggih !” |
Pak Karta | : | ”Inggih, kangge balungan”. |
Pak Lurah | : | ”Lha, punika saya klentu ! Punika pelanggaran !” |
Pak Karta | : | ”Rak keleresan ta, Pak Lurah ! Wana peteng, runggut, kula resiki dados padhang”. |
Pak Lurah | : | ”Ha ha hahaha! Ngaten nggih, Pak Karta ! Ning niku kalih diunjuk !” |
Pak Karta | : | ”Inggih, nuwun, Pak Lurah ! Malah kula lajeng nyuwun seserepan ingkang gamblang”. |
Pak Lurah | : | ”Ngaten nggih, Pak ! Wana punika kagunganipun Pamarentah. Dados, boten saben tiyang kenging negori kajengipun”. |
Pak Karta | : | ”O ngaten, Pak! Kok wonten polisinipin punapa? |
Pak Lurah | : | ”Punika polisi kehutanan, ingkang njagi wilujengipun wana”. |
Pak Karta | : | ”Menawi kula, tiyang boten gadhah, negor kajeng lajeng kula pendhet dhangkelipun pisan, punika rak sae lan murugaken pajar ta, Pak Lurah ?” |
Pak Lurah | : | ”Lha punika lepat sanget, Pak Karta. Kejawi bab tanpa idin, punika naminipun ngrisak wana”. |
Pak Karta | : | ”O kedah mawi idin, Pak Lurah ! Nanging, manawi lajeng kula dhangkel pisan rak resik lan sae tabetipun, Pak !” |
Pak Lurah | : | ”Punika damel pituna, Pak. Papan ingkang kathah wananipun, saged nesep toya jawah. Dados, boten gampil wonten bena”. |
Pak Karta | : | ”Manawi bena, siti lajeng gampil longsor lan nggogos inggih, Pak Lurah ?” |
Pak Lurah | : | ”Mila punika. Mangka, bebayanipun siti longsor lan nggogos punika rupi-rupi. Griya saged ambruk, kreteg dhadhal, margi pedhot, siti dados cengkar lan sanes-sanesipun. Rak ngaten ta, Pak Karta ?” |
Pak Karta | : | ”Wah, leres sanget, Pak ! Kula mudheng sapunika. Punapa ingkang dipun wastani orisi, orisi, ngaten punika, Pak Lurah ?” |
[ 43 ]
Pak Lurah | : | ”Inggih, ning sanes orisi. Namanipun erosi utawi siti nggogos. Sampun dhamang saestu, Pak ?” |
Pak Karta | : | ”Sampun, Pak Lurah. Manawi kula manah, pancen leres bilih risakipun wana punika adamel pitunanipun manungsa piyambak”. |
Pak Lurah | : | ”Kosok wangsulipun, manawi kita njagi lestantunipun wana ateges kita njagi kawilujengan kita piyambak. Rak, inggih ngaten, ta ?” |
Pak Karta | : | ”Inggih, inggih Pak! Sampun mudheng saestu kula. Wah, kados sampun dalu, Pak Lurah, kula kepareng nyuwun pamit”. |
Pak Lurah | : | "Kok lajeng enggal-enggalan! Mangga, mangga, ndherekaken sugeng !" |
B. Wacanen kang patitis, lagune sing trep !
- Mula ta mula, yen ngepit ki sing ngati-ati !
- Mula ta mula, yen arep menggok ki nyeplang dhisik !
- Mula ta mula, yen diwulang ki nggatekake !
- Mula ta mula, yen tetuku ki dititi sing tenan!
- Mula ta mula, yen nampa dhuwit ki dietung dhisik !
- Mula ta mula, yen ana jadwal anyar ki dicathet!
- Mula ta mula, yen diweling ki nggatekake!
- Mula ta mula, yen mangan sambel ki duga-duga !
- Mula ta mula, yen lunga ki pamit!
II. Maca titi
A. Wacanen kang titi
Wana punika ketingalipun boten migunani tumrap gesangipun manungsa. Papanipun runggut, peteng ngajrih-ajrihi. Para durjana saged ndhelik wonten ing ngriku kanthi aman. Kewan-kewan galakipun kathah, ugi mbebayani.
Namung kemawon, sedaya wau saged dipun wekani, murih boten damel pitunanipun manungsa. Punapa malih menawi [ 44 ]ngengeti bilih wana punika ageng sanget pigunanipun tumrap gesangipun manungsa. Ingkang makaten punika perlu sanget bilih wana punika dipun jagi lestantunipun, sampun nggegampil eruadamel risakipun wana, sanajan bebasanipun manungsa saged damel abang birunipun tetuwuhan.
Wana ageng sanget pigunanipun tumrap gesangipun manungsa.
Wontenipun wana, saged nuwuhaken jawah. Mangka, toya jawah punika perlu sanget tumraping ngagesang. Kanthi wontenipun wana punika, angin ingkang ngemu uwaping toya seganten lan lepen, nanggrok ing wana, lajeng sumengka minggah. Rehning hawa ing nginggil punika asrep, mila uwaping toya wau dados asrep, lajeng njendhel dados ebun. Klempakipun ebun saya dangu saya kathah lajeng dados mendhung, wekasan saking awratipun dhawah dados jawah. Kajawi murugaken wontenipun jawah, ron-ronan ingkang rupinipun ijem punika dados pabrikipun zat asam, zat asam punika dados kabetahanipun sadaya tiyang. Manawi hawa ingkang dipun sedhot manungsa kirang zat asamipun, ambegan kraos sesak, malah-malah saged njalari lemes utawi lajeng semaput.
Ron-ron garing ingkang dhumawah ing siti, dangu-dangu ajur lajeng campur dados satunggal kaliyan siti, kawastanan humus. Humus punika gadhah sipat saged nesep toya jawah. Pramila, sanajan jawaha deres pisan, boten perlu kuwatos badhe wonten bena. Lan, tetiyang ugi lajeng boten perlu kuwatos wontenipun siti longsor, siti nggogos, sabin kebenan, kreteg ambrol, margi pedhot lan sasaminipun. Sadaya wau badhe saya mahanani ayem lan tentremipun gesanging manungsa.
B. Wangsulana kang patitis abasa krama !
- Alas iku katone kepriye ?
- Alas bisa nuwuhake udan. Mara terangna !
- Alas bisa nyegah anane banjir. Piye terange ?
- Lemah nggogos iku lumrahe diarani apa ?
- Erosi iku marakake apa bae ?
A. Tuladha
Wana punika ketingalipun boten migunani tumrap gesangipun manungsa.
Tembung-tembung iki gawenen ukara kang luwes !
1. ketingal |
5. paningal |
B. Ceceg-ceceg iki isenana tembung sing cocog sing cumawis ing ngisor !
- Saben wulan Mulud ing ....... ler Kraton Ngayoja wonten upacara Sekatenan.
- Kidul dhusun wonten ....... kangge pangenan.
- Toya wadhuk punika cekap kangge ngoncori ..... pinten-pinten atus hektar.
- Kajawi palawija, pantun gaga ugi cocog dipun tanem wonten ing .......
- Kala kinanipun Dhusun Nglorog punika arupi ........ alit yasanipun Ki Jagasura.
- Lampahipun Pak Kabul nglangkungi ........ gung liwang-liwung.
- .... kula wonten karang kitrinipun sawatawis lan ugi kula tanemi empon-empon.
- Pinuju padhang bulan, lare-lare dolanan wonten ing ....
a. latar |
e. alun-alun |
C. Tembung njeron kurung ing ngisor iki wenehana seselan el, er, um, utawa in!
- Swarane macan pating (gereng).
- Saka kadohan lampu-lampu kuwi katon pating (kelip). [ 46 ]
- Sandhangan pating (sempal) kaya ngono kok isih koenggo.
- Udane (demok) cung, ora rata.
- Yen kira-kira ora bisa nandangi, mbok aja (saguh).
- Prabu Puntadewa ratu gung binathara mahambeg (pandhita).
- Kandhamu lan kandhane adhimu kuwi kaya dene suruh lumah lan kurebe, (sawang) beda rupane, (gigit) padha rasane.
- Watak (sugih) punika cengkah kaliyan cak-cakanipun gesang prasaja.
D. Tuladha:
- Wana punika peteng ngajrih-ajrihi.
- Wana punika kathah kewanipun galak.
- Wana punika peteng ngajrih-ajrihi tur kathah kewanipun galak.
Gawenen kaya tuladha !
- a. Mursid pinter.
b. Mursid sregep sinau. - a. Pak Taru taberi nyambut damel.
b. Pak Taru gemi. - a. Jawahipun deres sanget
b. Jawahipun mawi angin. - a. Marginipun rumpil.
b. Marginipun lunyu. - a. Pelemipun ageng-ageng.
b. Pelemipun legi-legi. - a. Dalemipun pakdhe sae.
b.Dalemipun pakdhe ageng. - a. Sekulipun kakasen.
b. Sekulipun taksih nglethis. - a. Onta punika rosa.
b. Onta punika kiyat hawa benter. - a. Martinus punika bodho.
b. Martinus punika kesed. - a. Sumur punika toyanipun ajeg agung.
b. Sumur punika toyanipun bening.
- Ngalasake negara.
- Mirong kampuh jingga.
- Mbeguguk ngutha waton.
- Omah ing sadhuwuring jaran.
- Malik bumi.
IV. Kasusastran
Kasusastran Jawa Kuna
Tumrap bangsa Indonesia, luwih-luwih ing kalangan Jawa, crita wayang iku wis mbalung sungsum. Saben uwong mesthi ngerti jeneng-jenenge; Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa, Gathutkaca, Abimanyu, Srikandhi, Kresna, Baladewa, Suyudana, Rama, Lesmana, Sinta, Dasamuka, Anoman, Semar, Gareng, lan
Petruk sarta Bagong.
Buku kuna sing dadi babone crita wayang iku ana loro, yaiku: Buku Mahabharata lan Buku Ramayana.
- Buku Mahabharata
Buku Mahabharata kuwi dhapukane gancaran, basane Jawa Kuna. Sing ndhapuk ora kasumurupan, kira-kira dhapukan nalika jaman jumenenge Prabu Darmawangsa. Buku Mahabharata critane dawa lan muyeg, nyritakake lelakone darah Bharata: Pandhawa lan Kurawa. Buku Mahabharata diperang dadi 18 parwa utawa 18 jilid, diarani Astha Dasa Parwa. Perangan kapisan, jenenge Adiparwa, nyritakake lelakone Pandhawa lan Kurawa nalika isih cilik. Perangan kaping lima, nganti perangan kaping limalas, nyritakake perange Pandhawa Kurawa, katelah Perang Barata utawa Bratayuda. Perangan kaping wolulas nyritakake Pandhawa ana ing suwarga. - Buku Ramayana
Buku Ramayana kuwi adhapur Kekawin, basane Jawa Kuna. Sing ndhapuk uga ora kasumurupan.
Mbs-3- 47
IV. Karangan
Gawea karangan cekak abasa krama, miliha irah-irahan iki salah siji!
- Reboisasi
- Transmigrasi Bedhol Desa
V. Maca lan Nulis Aksara Jawa
Tembangna banjur turunen !
꧋ꦱꦠꦿꦶꦪꦲꦤ꧀ꦢꦤꦚ꧀ꦗꦪ꧈
ꦭꦮꦤ꧀ꦱꦁꦔꦮꦺꦴꦁꦒꦥꦠꦶ꧈
ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦁꦒꦶꦃꦲꦪꦸꦤ꧀ꦲꦪꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀
ꦱꦩꦾꦩꦸꦁꦒꦺꦁꦫꦠꦩꦤꦶꦏ꧀
ꦥꦣꦁꦔꦶꦁꦏꦤꦤ꧀ꦏꦺꦫꦶꦁ꧈
ꦏꦢꦶꦧꦱ꧀ꦏꦫꦲꦠꦼꦩ꧀ꦥꦸꦂ꧈
ꦱꦫꦠꦶ꧇ꦏꦽꦱ꧀ꦤꦱꦭꦾ꧈
ꦭꦶꦂꦲꦾꦁꦗꦒꦠ꧀ꦤꦠꦏꦭꦶꦃ꧈
ꦩꦸꦁꦒꦺꦁꦫꦠꦏꦸꦩꦼꦚꦂꦥꦿꦢꦶꦥ꧀ꦠꦤꦶꦫ꧉
1. A. Pacelathon
Tindakna!
Pak Carik | : | ”Pak Lurah, dhusun tlatah ngriki punika kok kathah tiyang ingkang boten gadhah pakaryan”. |
Pak Lurah | : | ”Lha inggih ta, Pak Carik. Tiyang tani sabinipun tadhahan, namung njagekaken toya jawah”. |
Pak Carik | : | ”Punapa boten wonten rancangan ingkang kagalih prayogi kangge mbiyantu tiyang-tiyang ingkang boten gadhah pakaryan gumathok, Pak?” |
Pak Lurah | : | ”Wah, sejatosipun kula saweg badhe matur Pak Carik, kleresan panjenengan usul. Kula rak lurah enggal, Pak Carik, dereng ngertos bab tandangipun sedherek ngriki”. |
Pak Carik | : | ”Manawi bab sregepipun nyambut damel Pak, tiyang-tiyang ing wewengkon kalurahan Balearja ngriki kula pitados lan tanggel jawab tamtu sregepipun”. |
Pak Lurah | : | ”Punapa Pak Carik sampun nate nyipati tandangipun sadherek Balearja ngriki?” |
Pak Carik | : | ”Wah, sampun asring, Pak! Saben-saben wonten gugur gunung boten wonten ingkang iren, tur pethel-pethel saestu. Pak Camat Sukadana ugi asring ngawuningani babagan punika”. |
Pak Lurah | : | ”Lho, manawi gugur gunung punapa dumugi kecamatan barang ?” |
Pak Carik | : | ”Sejatosipun boten, tiyang boten dipun dhawuhi. Nanging, sadherek Balearja punika sami gumrudug piyambak dhateng kecamatan”. |
[ 50 ]
Pak Lurah | : | ”Nek ngono patut diconto. Lha wong sing nuntun Pak Carik, kurangane apa !” |
Pak Carik | : | ”Wah, inggih boten ngaten, Pak Lurah. Kok lajeng dipun indhak-indhakaken. Sedaya wau rak gumantung pribadinipun sadherek-sadherek ngriki piyambak”. |
Pak Lurah | : | ”Leres, Pak Carik. Nanging, manawi ingkang mimpin boten prigel kinten kula inggih mblento. Kula mireng-mirengaken, Pak Carik punika boten namung dhawuh, nanging estu-estu: Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani”. |
Pak Carik | : | ”Borong anggenipun mastani Pak Lurah, wontenipun inggih kados ngaten punika kula. Namung, bab tiyang ngriki pancen sregep lan pethel”. |
Pak Lurah | : | ”Manawi ngaten, punapa prayoginipun sadherek-sadherek ingkang taksih sami nganggur punika dipun ajak dados wiraswasta kemawon ?” |
Pak Carik | : | ”Kersanipun badhe ada-ada bab punapa, Pak Lurah?” |
Pak Lurah | : | ”Anu, damel banon. Sapunika rak usum pembangunan !” |
Pak Carik | : | ”Rumiyin sampun wonten ingkang nyobi, Pak! Nanging sitinipun boten cocog. Wonten siti sae sakedhik aluwung dipun tanemi, sanesipun awujud padhas.
Mila lajeng macet”. |
Pak Lurah | : | ”Lha punika ingkang dereng kula aturaken. Kula mentas tumut penataran bab pemugaran”. |
Pak Carik | : | ”Dospundi, Pak Lurah? Punapa ingkang saged dipun tindakaken sadherek-sadherek ing ngriki ?” |
Pak Lurah | : | ”Wonten ing papan penataran kula srawung kaliyan para lurah saking tlatah pundi-pundi. Wonten kanca lurah ingkang crita ngantos gamblang bab banon pres. Banon pres punika bahanipun pasir lan semen. Dipun carup, lajeng dipun cithak, boten ndadak dipun besmi”. |
[ 51 ]
Pak Carik | : | ”Wah, punika betah ragad kathah, Pak Lurah. Pasir tumbas, semen tumbas tur reginipun awis. Malah repot punika !” |
Pak Lurah | : | ”Ha ha ha ha ha! Pak Carik! Padhas lan gragal punika rak ngemu jasat yiyit kados semen, gadhah daya pliket kados dene gamping”. |
Pak Carik | : | ”O, inggih, inggih, leres, Pak Lurah! Dados, ubarampenipun ingkang baken gragal lan padhas punika ? Rak ngaten ta, Pak Lurah ?” |
Pak Lurah | : | ”Lha, mangke boten betah semen kathah-kathah. Dipun sukani semen manda-manda kemawon sampun saged dipun cithak mawi mesin pres”. |
Pak Carik | : | ”Lajeng, pirantos ingkang nama mesin pres punika kados pundi anggenipun damel, Pak Lurah ?” |
Pak Lurah | : | ”Bab punika mangke kula ingkang badhe mbudidaya. Kulo badhe sowan dhateng kecamatan, kabupaten, malah manawi perlu dhateng gupernuran. Kula badhe nyuwun bantuan mesin pres punika”. |
Pak Carik | : | ”Wah wah wah! Kula mathuk. Kesinggihan, Pak Lurah !" |
Pak Lurah | : | ”Mila punika, Pak Carik! Pak Carik kula suwun ndhawuhaken rembag dhusun. Kejawi ngrembag bab warni-warni, mangke kula badhe rembagan bab banon pres punika. |
Pak Carik | : | Inggih, Pak Lurah, kula estokaken”. |
B. Wacanen kang patitis, lagune sing trep !
- Ah, ngono we kok nesu!
- Ah, karo kanca kok ndadak etungan temen !
- Ah, kok kaya wong liya lho!
- Ah, kaya bocah cilik bae!
- Ah, kok lali-lali bae lho! [ 52 ]II. Maca titi
A. Wacanen kang titi!
1. Yen rinasa enake wong urip,
ora kaya aneng Balearja,
desa kang jembar tlatahe.
Wong-wonge guyup rukun,
ora ana kang watak jail.
Padha paseduluran,
lan tulung-tinulung.
Padha pethel nyambut karya,
warna-warna pandom panduming dumadi,
tan ana cecengilan.
2. Ana ingkang dadi juru tani,
ana uga ingkang nara praja,
wiraswasta lan liyane.
Kabeh sami tumungkul,
mring karyanta sawiji-wiji.
Samana ana lurah,
ngajak mbangun dhusun.
Ada-ada wiraswasta,
ingkang mungguh menggahing laladan ngriki.
Ing dhusun Balearja.
3. Kathah tiyang dereng nambut kardi,
mangka sabin sinebut tadhahan,
setaun sepisan panen.
Pak Lurah paring dhawuh,
murih rakyat anambut kardi,
nindakken wiraswasta,
kang cundhuk ing ngriku,
damel bata cara anyar,
boten mawi bahan mrambut tuwin siti,
cekap padhas lan gragal.
- Padhas gragal ingkang campur wedhi,
kang katelah winastanan teras,
nyata sampun ngandhut semen.
Yiyit pliket satuhu,
cinampuran semen sakedhik,
tumunten dipun cithak,
dipun pres saestu,
dados bata kados sela,
atos entheng boten sisah dipun besmi,
ngungkuli bata limrah.
B. Wangsulana kang patitis !
- Sawah tadhahan kuwi apa ?
- Wacan ing dhuwur kuwi nyritakake kaanan ngendi?
- Kepriye uripe wong-wonge ?
- Kok ada-ada wiraswasta apa sababe ?
- Critakna bab panggawene bata cara anyar !
III. Kawruh basa
A. Ceceg-ceceg ngisor iki isenana tembung-tembung sing cumawis ing ngisor !
- Yen kowe kabeh wis padha sarembug, aku..............
- Aku ngrumangsani luput, mula kari...................
- Gedhang lirangan............... iki caosna budhemu !
- Iki lho Le dakoleh-olehi bakal sasuwek kenaa kanggo
- Omah kuwi payone....................................
- Bence kuwi bocahe cilik, nanging jebul..............
- Rofik kae pagaweane abot, mula ............... akeh.
- Senjata nenggala kuwi ampuh banget nganti ora ana titah kang kuwat .......................................
a. tadhah kringet
|
e. kenadhahen
|
|
6. guyub rukun |
C. Tembung njeron kurung pilihen sing cocog karo ukarane !
- Pak Gathot punika tiyang (sregep, ndregil, gemi), gisiking lepen dipun tanemi saged medal telanipun.
- Taneman punika (nglayung, nglentrih, alum) jalaran kirang siraman.
- Pakdhe mantu, kula kejibah dados among (karsa, tamu, dagang).
- Wudunipun dereng mateng sampun dipun plothot, mila malah lajeng kami (sosolen, tenggengen, kakon).
- Jarot punika lare (kodo, judhas, trocoh) menawi kecenthok rembag gampil muntab.
- Polatanipun (semanak, sumeh, crawak), nanging boten mirah gujengipun.
- Ing pareden kathah sesawangan ingkang (asri, peni, sae).
- Tiyang seneng tetulung punika pratandha (inggil, luhur, misuwur) budinipun.
- Kula (nggega, manut, pitados) bilih Gusti Allah punika Maha Mirah lan Maha Asih.
- Kala wingi kula (nyipati, nekseni, ningali) ringgit tiyang, lampahanipun Babat Wanamerta.
D. Ceceg-ceceg iki isenana tembung panggandheng kang cumawis ing ngisor !
- Kaluhuran ............... kaluwihan iku gampang sirnane.
- Purwana saiki wis sida pindhah menyang Sumatra, .............. barang darbeke wis dilelangake.
- Aku wis ngerti surasane layangmu, ............. bab panjalukmu dak rembuge dhisik karo ibumu.
- ............. maneh wekasku marang kowe, aja pisan-pisan kowe wani karo wong tuwamu.
- Bapak, Ibu,...........kowe saadhi-adhimu ditimbali sowan Embah menyang Banyuwangi.
- Ngerti jenenge bae durung,................tepung.
- Tangiku wis dakesuki,................ meksa kalah dhisik karo wungune ibu.
- Yen mung kogenteni sepuluh ewu aku isih rugi,........rehning kaselak butuh dakwenehake.
- Anggonku meling dakbolan-baleni,.........meksa lali.
- Jupri sida teka tenan,.........wis dakwanti-wanti kudu teka.
a. mangka
|
f. apa dene
|
E. Paribasan iki terangna tegese !
- Desa mawa cara negara mawa tata.
- Sabuk galeng.
- Kakehan gludhug kurang udan.
- Njagakake endhoge si blorok.
- Ngenteni timbule watu item, kereming prau gabus.
IV. Kasusastran
Mekare kasusastran Jawa modern (1910), para pujangga wis padha nengenake kasusastran gancaran, lan malah banjur thukul puisi anyar, yaiku soneta. Soneta abasa Jawa kang tuwa dhewe yaiku "Gelenging Tekad", anggitane Subagyo IN.
Puisi kuwi kapacak ing kalawarti basa Jawa Panyebar Semangat, tanggal 12 - 7 - 1949.
Ada-ada anyar kuwi banjur disusul jumedhule puisi-puisi anyar liyane kang dhapukane luwih mardika, lire ora winengku ing paugeran-paugeran kaya dene dhapukane tembang macapat lan soneta.
Para pujangga kang padha ndhapuk puisi-puisi anyar kuwi, kayata: S. Iesmaniasita, Joko Mulyadi, Purwadi Atmadiharja, lan Waluyo AS. [ 56 ]Puisi anyar (soneta) iki wacanen kang patitis !
Pedhut nggameng aneng pucuking arga
Nutup soroting surya ing wanci enjinging
Mbudidaya kanthi sakehing tenaga
Sang Baskara ywa nganti aweh pepadhang
nyala teknik
Ning Sang Hyang E weruh ing kuwajiban
Sigra nempuh barising pedhut gunung
Pepalanging laku ginempur lawaran
Matemah ebun kandel tapis tinundhung
Tan prabeda lawan tekading bangsaku
Kang ngugemi marang kamardikan
Tan mreduli cacah pepalanging laku
Kabeh dinuwa kanthi kawicaksanan
Golonging tekad gineleng dadi sawiji
Mbangun nagara kang mandhireng pribadi
(Subagyo IN - Medan Bahasa
Basa Jawi, nomer 5 - 6 taun II)
I. Pacelathon
A. Tindakna!
Nining | : | ”Mbak Nung, Bapak kae kok sok ngendika, ”Aja ngrokok endhak”, piye ta Mbak kersane ?” |
Nunung | : | ”Kowe rak sok matur sing dudu butuhmu ta ?” |
Nining | : | ”Iya. Bapak ngendika, ”Aja ngrokok cendhak, neges-neges ora apik!” |
Nunung | : | ”O, kuwi ngene. Rokok cendhak ki tegesan. Tembung ’tegesan’ kuwi swarane nyrempet karo tembung ’neges-neges’ kuwi”. |
Nining | : | ”Ngendikan ngono kuwi jenenge ngendikan cara apa ta, Mbak ?” |
Nunung | : | ”Kuwi jenenge wangsalan”. |
Nining | : | ”O, kuwi wangsalan ta, Mbak ! Kok kaya cangkriman ya !” |
Nunung | : | ”Hee, ning ana bedane. Bedane: Wangsalan kuwi cangkriman sing wis ana batangane pisan. Sanajan, batangan kuwi mung nyrempet pakecapane bae”. |
Nining | : | ”Yen ngono wong krungu wangsalan kuwi kudu terus mikir-mikir batangane. Sing dikarepake tenan apa, terus nyrempet tembung apa”. |
Nunung | : | ”Lha ya genah, ngono! Mula wong rembugan nganggo wangsalan kuwi ora bisa ngantuk, wong pikirane urip”. |
Nining | : | ”Coba Mbak, aku dak gawe wangsalan bener apa ora iki”. |
Nunung | : | ”Iya, ning aku ya dak mikir ya !” |
Nining | : | ”Iya. Kembang gedhang Mbak Nung, patut lho kowe nganggo klambi kuwi”. |
Nunung | : | ”Wah pinter Dhik, kowe ! Kembang gedhang ki rak tuntut ta ! Terus kowe muni: patut !” |
Nining | : | ”Seneng aku. Coba kowe Mbak, gawea genti !” |
Nunung | : | ”Mesin tulis, Dhik, witikna klambiku ya mung iki !” |
Nining | : | ”Sik sik ! Mesin tulis ki rak mesin ’tik’ ya. O,iya, Mbak Nung mau rak terus muni: witikna .... ! Saiki tak gawe wangsalan, ning ora dak teruske. Terusna ya Mbak !” |
Nunung | : | ”Traktir lho, nek bener !” |
Nining | : | ”Gampang ! Nek salah ?” |
Nunung | : | ”Nek salah ya ....... gampang ! Wis, gawea !” |
Nining | : | ”Nempe legi, Mbak, kok .......” |
Nunung | : | ”Kok macem-macem !” |
Nining | : | ”Weh, bener. Tempe legi ki pancen bacem kok !” |
Nunung | : | ”Genti, Dhik ! Wah, jadah pohung ...... !” |
Nining | : | ”Ya, mathuk aku, Mbak ! Jadah pohung ki rak gethuk ta! Mula dak srempet nganggo tembung: mathuk.” |
Nunung | : | ”Aja mutra bebek, Dhik, Bapak lagi sare !” |
Nining | : | ”Wira-wiri, Mbak ! Putra ki rak anak ta, Mbak. Apa benere ora nganak bebek, Mbak. Wong bebek we kok ndadak dikrama inggilke !” |
Nunung | : | ”O iya, bener kowe, Dhik !”
Dhik, tembang ya ana sing wujud wangsalan. Mengko dakcathetke !” |
Nining | : | ”Heeh, Mbak, aku seneng. Mengko tak karo ajar dhewe.” |
B. Wacanen kang patitis, lagune sing trep !
- O, kuwi gampang, ngono we kok bingung !
- O, kuwi gampang, mengko rak beres !
- O, kuwi gampang, percayaa ta wis !
- O, kuwi gampang, ayo taktuduhi carane !
- O, kuwi gampang, menenga we !
A. Wacanen batin anjur tembangna !
- Tawon kang awisma kisma,
araning kang dhahar warih,
Pinayungan ing Hyang Widhi basukyarja.
Punika atur kawula,
Konjuk mring Raka sarimbit,
Araning barang sami,
Basa Jawa kinanipun,
Kabar kawilujengan,
Payon kertas barang remit,
- Raos manis yen jinarwa,
Kadang sepuh yen pawestri,
Mugi-mugi, kagem Kangmas,
Manggiha rahayu sami,
Balung janur upami,
Srikaya tanpa rinipun,
Widada panjang yuswa,
Roning sayur pusakastri,
Ayem tentrem sumanggem amomong warga.
B. Wangsulana kang patitis abasa krama !
- Tawon kang awisma kisma, kang diencokake tembung atur, iku tawon apa?
- Araning barang sami, kok nyrempet tembung kabar, iku apa karepe?
- Payon kertas iku karepe apa?
- Raos manis yen jinarwa iku apa karepe ?
- Srikaya tanpa eri iku apa ?
- Lha pusakastri iku apa jenenge ?
- Tembang rong pada adhapur wangsalan kuwi layang. Layange sapa marang sapa?
Mbs-3- 59
- Ngertimu saka ngendi manawa layang kuwi layange adhi marang kakang ?
III. Kawruh basa
A. Kisma tegese lemah. Dasanamane kisma yaiku: bantala, pratala, basundara, basundari, pratiwi, siti.
Mara golekana dasanamane tembung-tembung ing ngisor iki !
|
|
B. Tuladha:
a. Konjuk mring raka sarimbit.
b. Konjuk mring raka sekaliyan.
Ceceg-ceceg. iki isenana tembung sing cocog, pilihen tembung-tembung sing cumawis ing ngisor !
- Pakdhe ............ tindak Surabaya, aku didhawuhi tunggu omah karo Mas Bima.
- Wisnu tuku puter............
- Tobat, gedhang ............ entek saendhegan.
- Ngarepake riyaya aku dipundhutake ibu sandhangan............
- Embah mundhut suruh ............
- Lik Landhung tuku jaran............ arep kanggo ngandhong.
- Yen arep nglotis tukua gula jawa ............ karo lombok sacukupe.
- Bapak kagungan gamelan slendro............
- Entek omah ............ genine wis sirep.
- Krambil ............ nean durung mesthi padha tuwane.
- O Allah, endhog............kok kopyor kabeh !
- Sasi ngarep Pak Rohlan ............ sida boyong menyang Sumatra.
a. sarakit |
g. satangkep |
C. Tembung njeron kurung rimbagen murih cocog karo ukarane !
- Anake kang (gulu) sekolah ana ing Bandhung.
- Yen sinau sing mugen, aja disambi (guyu).
- Suguhane (banyu mili).
- Tangi gregah nyandhak sapu (sapu) latare.
- Pak Guru nembang sagatra-sagatra, bocah-bocah didhawuhi (tiru).
- Sesuk, yen durung (ampir) aja mangkat dhisik ya, Tar !
- Petruk dadi abdi (kasih), amarga bisa-ngepek penggalihe bendarane.
- Ranta kae watake pancen (gedhe).
- Yen sela, sesuk sore (dolan) rene ya, Bas !
- Adhimu (tari),arep melu apa ora!
- Olehe gawe luwangan (jero), nganti metu banyune.
- Mungsuhe durung nganti (kringet), Pedro wis tiba glangsaran.
- Aku (mangkat) dhisik, mengko kowe nusula !
- Ki Cremacarita kae biyen (kendhang), saiki dadi dhalang misuwur.
- Yen tlaten anggonmu (tamba), laramu mesthi mari.
- Kowe mau rak wis pamit ta, Sri, geneya kok ora (mangkat).
D. Ukara-ukara iki udalen !
- Griyanipun sae.
- Rasukanipun adhi kula suwek.
- Bapakipun kancanipun adhi kula tilar donya.
- Pak Kabul nyariyosaken lelampahanipun.
- Lampahipun Ariya Salaka nglangkungi wana gung liwang-liwung.
Mbs-3- 61
- Buku kula dipun krikiti tikus.
- Anakipun ingkang pambajeng sekolah wonten ing Amerika.
- Ngajengaken serap surya kula sakanca sampun dumugi ing Plawangan.
- Benjing malem Minggu kula badhe ningali ringgit tiyang dhateng Sriwedari.
- Dhateng kula kasep amargi tangi kula kerinan.
E. Ukara-ukara iki owahana dadi ngoko alus !
- Suyud dereng mudheng, nanging, boten purun matur.
- Ngendikanipun Pak Guru, bibar THB sekolahan badhe nampi tamu saking Blitar.
- Martini dipun timbali bu guru, dipun dangu punapa sakitipun sampun mantun.
- Ibu mundhut setrup badhe dipun caosaken Pak Mantri.
- Mursid dipun dukani Pak Guru amargi kesupen boten nggarap PR.
- Tamu-tamu sampun sami rawuh, ibu dareng siram.
- Kula dipun utus Bu Sam tumbas obat dhateng apotik.
- Titihanipun Bapak enggal, malah dereng wonten nomeripun.
- Bapak badhe sowan Embah, kula dipun dhawuhi ndherek.
- Ngendikanipun Bapak, wulan ngajeng mangke Embah badhe tindak mriki.
IV. Kasusastran
Manut isine, buku-buku kasusastran iku bisa kaperang dadi limang werna. Yaiku: dongeng, babad, crita (roman), jangka, rumpakan.
- Dongeng: a. Paragane kéwan (fabel).
b. Bab dumadine papan (legende).
c. Gegayutan karo kapercayan (mythe).
d. Kepahlawanan (sage). - Babad: Crita kang adhedhasar lelakon sejarah. Upamane:
Babad Demak, Babad Prayud, Babad Pakepung, Babad Giyanti.
62 [ 63 ]
- Crita (Roman): Crita karangan kang nyritakake lelakon kang bisa uga kelakon ing masarakat. Upamane: Serat Riyanta, Ngulandara, Rangsang Tuban.
- Jangka: Isi weca kaanan kang bakal kelakon. Upamane: Jangka Jaka Lodhang.
- Rumpakan: a. Isi panyandra, upamane: Rerepen
b. Isi pitutur, upamane: Wedhatama, Wulangreh, Tripama.
V. Karangan
Gawea layang marang embahmu, isine: bubar EBTA kowe karo kancamu bocah lima arep sowan embah. Kowe lan kanca-kancamu kepengin ngleremake pikiran ana ing pagunungan, ngiras ngematake endahing alam.
Penget
Perangane layang kiriman yaiku: adawiyah, bebuka (satata basa), isi (surasa basa), panutup (wasana basa), papan lan titimangsa, peprenah, tapak asta, asma terang.
VI. Maca lan nulis aksara Jawa
Wacanen banjur turunen !
꧋ꦝꦸꦃꦢꦺꦮꦝꦸꦃꦗꦮꦠꦒꦸꦁ꧈
ꦠꦶꦔꦭ꧀ꦭꦤꦱꦺꦴꦭꦃꦩꦩꦶ꧈
ꦱꦺꦮꦸꦭꦫꦱꦺꦮꦸꦧꦿꦺꦴꦁꦠ꧈
ꦠꦤ꧀ꦲꦤꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁꦔꦶꦁꦩꦩꦶ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦁꦒꦶꦃꦲ꧈
ꦏꦭꦮꦤ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦩꦩꦶ꧉
꧋ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦠ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦮꦏ꧀ꦏꦶꦁꦱꦸꦤ꧀
ꦲꦪ꧀ꦮꦲꦤ꧀ꦢꦢꦮꦮꦶꦔꦶꦠ꧀
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦸꦱꦠꦿꦶꦪꦫꦩ꧈
ꦮꦶꦗꦪꦠꦺꦴꦭꦶꦃꦲꦼꦤ꧀ꦩꦩꦶ꧈
ꦢꦱꦶꦃꦠꦠꦤ꧀ꦥꦱꦫꦶꦫ꧈
ꦏꦼꦤꦲꦶꦁꦮꦶꦪꦺꦴꦒꦱꦼꦝꦶꦃ꧉
꧋ꦲꦤꦺꦴꦩꦤ꧀ꦩꦭꦸꦩ꧀ꦥꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧈
ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁꦤꦒꦱꦫꦶ꧈
ꦩꦸꦭꦠ꧀ꦩꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀
ꦮꦤꦺꦴꦢꦾꦪꦸꦏꦸꦫꦸꦲꦏꦶꦁ꧈
ꦒꦼꦭꦸꦁꦫꦸꦱꦏ꧀ꦮꦺꦴꦂꦭꦤ꧀ꦏꦶꦱ꧀ꦩ꧈
ꦏꦁꦲꦶꦒꦲꦶꦒꦏꦲꦺꦏ꧀ꦱꦶ꧉
(ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦫꦩ - ꦪꦱꦢꦶꦥꦸꦫꦤ꧀ ꧇ꦒ꧇)
[ 67 ]
I. Tembung saroja
Tembung loro padha tegese, dicampur dadi siji.
Tuladha:
|
|
2. Yogyaswara
Ateges lanang karo wadon, swarane meh padha.
Tuladha:
|
|
3. Tembung garba utawa sandi
Tembung loro utawa luwih digandheng dadi siji, cacahe wandane suda.
Tuladha:
- prapta + ing : prapteng
- nuju + ari : nujwari
- tumuju + ing : tumujweng
- dadya + ewuh : dadyewuh
Mbs-3- 67
5. siti | + inggil | : sitinggil |
6. maha | + ambek | : mahambek |
7. sarwi | + anjoged | : sarwyanjoged |
8. ratu | + ambek | : ratwambek |
9. maha | + raja | : mahraja |
4. Rura basa
Tembung salah kaprah.
Tuladha:
1. nguleg sambel | 5. mbunteli tempe | |
2. mbathik sarung | 6. netel jadah | |
3. adang sega | 7. menek krambil | |
4. ndondomi clana | 8. mikul dhawet |
5. Kerata basa (Jarwa dhosok)
Negesi tembung manut wanda-wandane utawa manut pakecapane.
Tuladha:
1. kupluk | = kaku tur nyempluk |
2. kuping | = kaku tur njepiping |
3. gethuk | = digeget karo manthuk-manthuk |
4. gedhang | = digeget sabubare madhang |
5. kodhok | = teka-teka ndhodhok |
6. tandur | = nata karo mundur |
7. garwa | = sigarane nyawa |
8. krikil | = keri neng sikil |
9. wanita | = wani mranata |
10. siti | = isi bulu bekti |
6. Tembung entar
Tembung sing tegese dudu teges salugune.
Tuladha:
1. lobok atine | = sabar |
2. jembar segarane | = sugih pangapura |
3. dawa tangane | = clemer |
- gedhe endhase = sumangkeyan
- entheng tangane = cengkiling
- ngabangake kuping = agawe nesu
- lunyu ilate = mencla-mencle
- tipis lambene = seneng nyatur
- ngatonake siyunge = nuduhake panguwasane
- nggedhekake puluk = nengenake marang pangan
7. Paribasan
Unen-unen kang ajeg panganggone, ateges wantah ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha:
- Undhaking pawarta sudaning kiriman = Pawarta iku lumrahe mundhak saka nyatane.
- Adigang, adigung, adiguna = Ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapinterane.
- Nyolong pethek = Ora memper karo petheke.
- Kepara kepere = Ora padha pangedume.
- Ciri wanci lelai ginawa mati = Cacad utawa pakulinan ala ora bisa ilang nganti sing duwe pakulinan kuwi mati.
- Criwis cawis = Kakehan rembug nanging bisa mrantasi gawe.
- Jalukan ora wewehan = Gelem njaluk ora tau gelem weweh.
- Keplok ora tombok = Melu seneng-seneng ora melu cucur ragad.
- Yitna yuwana lena kena = Sing ngati-ati slamet, sing pepeka adhakane nemu cilaka.
- Busuk ketekuk pinter keblinger = Sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilaka.
9. Bebasan
Unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhan. Sing dipindhakake kaanane uwong utawa tindak-tanduke.
Tuladha:
- Nabok nyilih tangan = Namakake panggawe ala sarana kongkonan wong liya.
2. Suduk gunting tatu loro. |
= |
Nindakake sawijining bab, wu sanane nandhang kapitunan lu wih saka sawerna |
3. Ora ganja ora unus. |
= |
Wong kang rupane kuciwa, atine uga ala. |
4. Nututi layangan pedhot. |
= |
Ngupaya ilange barang remeh, upama ketemu ora sumbut karo rekasane. |
5. Idu didilat maneh. | = | Nyeled kasaguhane dhewe. |
6. Madu balung tanpa isi. | = | Regejegan prakara sepele. |
7. Ngubak-ubak banyu bening |
= |
Gawe rusuh ing papan kang tata tentrem. |
8. Emban cindhe emban siladan. |
= |
Pangrengkuhe marang siji lan sijine ora padha. |
9. Dudu berase ditempurake. |
= |
Urun rembug, ora gathuk karo bab sing lagi dirembug. |
10. Adol lenga kari busik. |
= |
Dundum, awake dhewe ora ka panduman. |
10. Saloka
Unen-unen gumathok, ngemu surasa pepindhan. Sing dipindhakake uwong lan tindak-tanduke utawa kaanane.
Tuladha:
1. Gajah ngidak rapah. | = | Wong kang nerak wewalere dhewe. |
2. Kebo nusu gudel. | = | Wong tuwa njaluk wuruk wong enom. |
3. Kemladheyan ngajak sempal. | = | Mitra kang ngajak marang karusakan. |
4. Tekek mati ulone. | = | Wong nemu cilaka marga saka guneme dhewe. |
5. Bathok bolu isi madu. | = | Wong asor nanging sugih kaluwihan. |
6. Kethek saranggon. | = | Wong sasanak sadulur padha dadi wong ala. |
7. Pecruk tunggu bara. | = | Wong ala pinracaya nunggu barang kang dadi pakaremane. |
- Belo melu seton= Anut grubyuk, ora ngerti dununge prakara.
- Iwak klebu ing wuwu= Wong kena ing apus kanthi gampang.
- Cengkir ketindhihan kiring= Wong kalah prabawa amarga kalah tuwa.
11. Sanepa
Ukara pepindhan ngemu surasa mbangetake, nanging nganggo tembung sing tegese kosok balen karo sing dikarepake.
Tuladha:
- Tatune arang kranjang = kerep banget
- Utange arang wulu kucing = akeh banget
- Kulite wuled godhong lumbu = mbedhel banget
- Rasane legi bratawali = pait nyetheg
- Rembuge peret beton = lunyu utawa mencla-mencle
- Kawruhe jero tapak meri = cethek banget
- Awake kuru semangka = lemu banget
- Cayane abang dluwang = pucet banget
- Gandane arum jamban = banger banget
- Dedege dhuwur kencur = endhek banget
12. Cangkriman
Unen-unen kang kudu dibatang.
Tuladha:
a. Kang awujud tembung wancahan:
- Pakboletus = tepak kebo lelene satus.
- Burnas kopen = bubur panas kokopen
- Pakbomba pak lawa pak peyut = tepak kebo amba, tepak ula dawa, tepak cempe ciyut.
- Pethel gowang pelot = sepete cemanthel, jagone ana lawang, cempene mencolot.
- Wiwa wite lesba dhonge = uwi dawa wite, tales amba godhonge. [ 72 ]
b. Kang awujud irib-iribing barang:
- Sega sakepel dirubung tinggi. = salak
- Pitik walik saba kebon. = nanas
- Emboke wuda, anake tapihan. = pring karo ebung
- Emboke dielus-elus, anake diidak-idak = andha
- Dicakot pucuke sing kalong bongkote. = rokok
c. Kang ngemu surasa sembranan
- Wong wudunen kuwi sugih pari. (paringisan)
- Wong adol tempe dibunteli. (sing dibunteli tempene)
- Wong adol krambil dikepruki. (sing dikepruki krambile)
- Disuguh anggur cap timba. (banyu sumur)
- Kepethuk sedulur banjur ngguyu tuwa. (nangis)
13. Wangsalan
Unen-unen kaya cangkriman, nanging lumrahe dikantheni batangane sisan. Sanajan anggone nyebutake batangan kuwi mung kanthi sinandi, ora melok.
Tuladha:
a. Kang tinemu ana ing ukara pacelathon lumrah:
- Nyaron bumbung, ngantos cengklungen anggen kula ngantu-antu rawuh panjenengan.
- Balung jagung, manawi badhe paring pitulungan sampun ketanggelan.
- Sakesuk kok mentil kacang, mbesengut bae ki, geneya ?
- Sarung jagung, bobot timbang ana sliramu sing arep nglakoni.
- Balung geni, mbokmanawa liya dina aku mrene maneh.
b. Wangsalan edi peni:
- Kapi jarwa, dakpethek mangsa wurunga.
- Kukus gantung, daksawang sajake bingung.
- Reca kayu, goleka sabda rahayu.
- Wohing tanjung, becik njunjung bapa biyung.
- Roning mlinjo, sampun kesel nyuwun ngaso.
- Kolik priya, priyagung Ajian putra.
Tuhu eman, wong anom wegah kangelan. - Ngreka puspa, puspa kang nedheng weh ganda.
Nggubah basa, mrih mekar landheping rasa. - Yaksa dewa, dewa dewi lir danawa.
Kala mudha, bangkit ambengkas durgama. - Ancur kaca, kaca. kocak munggwing netra.
Wong wruh rasa, tan mamak ing tata krama.
c. Kang tinemu ing sajroning tembang:
Carang wreksa ingkang jamang tambir,
nora gampang wong mengku nagara,
baligo amba godhonge,
kudu santoseng kalbu,
tengareng prang andheging riris,
den teteg trang ing cipta,
sendhang niring ranu,
sasat ana ing palagan,
kasang toya-menyan pita munggwing ardi,
yen apes kawirangan.
14. Dasanama
Tembung sawatara kang padha tegese, dadi araning barang utawa kaanan.
Tuladha:
1. suta, sunu, siwi, atmaja, tanaya, weka | = anak |
2. yayah, sudarma, rama | = rama |
3. rena, umi, wibi | = biyung |
4. agni, brama, dahana, pawaka | = geni |
5. kapi, wanara, wre, palwaga, rewanda | = kethek |
6. lalis, layon, antaka, palastra, pralaya | = mati |
7. nata, narendra, nareswara, katong, pamase | = ratu |
8. jaladri, jalanidhi, udaya, tasik, samodra |
= segara |
9. samirana, pawana, maruta, bayu, bajra | = angin |
10. lir, pendah, kadi, kadya, yayah, pindha | = kaya |
15. Purwakanthi
Runtuting swara utawa sastra ing sajroning tembung loro utawa luwih. Yen sing runtut swarane jenenge purwakanthi guru swara, yen sing runtut sastrane jenenge purwakanthi guru sastra.
Tuladha:
a. Purwakanthi kang tinemu ana ing ukara pacelathon:
- Aja dupeh menang banjur sawenang-wenang.
- Jare kepengin maju, lha kok wegah sinau.
- Kekarepane wis kenceng, ora bisa mendha saka pangrerepa, ora bisa luntur dening pitutur, ora bisa luluh dening pituduh.
- Tembungmu sing sareh, kareben pakoleh.
- Yen wis makmur aja pisan-pisan lali karo sedulur.
b. Purwakanthi kang tinemu ana ing paribasan, bebasan, utawa saloka:
- Criwis cawis.
- Kebat kliwat, gancang pincang.
- Emban cindhe emban siladan.
- Kebo ilang tombok kandhang.
- Gajah ngidak rapah.
- Bathok bolu isi madu.
- Tulung menthung.
- Opor bebek mentas awake dhewek.
c. Purwakanthi kang tinemu ana ing sajroning lelagon dolanan lan tembang macapat.
- Srengenge nyunar kanthi mulya
angine midid klawan rena
manuke ngoceh ana ing wit-witan
kewane nyenggut ana ing pasuketan
kabeh pada muji Allah Kang Mulya
kabeh pada muji Allah Kang Mulya. - Endhonge sinandhang sampun,
aneng nggendhongan mathinthing,
gandhewa neng asta kiwa,
pantes pacaking prajurit,
raja putri ing Cempala,
acancut nyamping tarincing.
(Purwakanthi sastra dh lan sastra e).
16. Parikan
Unen-unen rong ukara mawa purwakanthi. Ukara kapisan minangka bebuka, dene ukara kapindho isining unen-unen.
Tuladha:
a. Kang mawa etungan: (4 wanda + 4 wanda) × 2
- Wajik klethik, gula Jawa
Luwih becik, wong prasaja. - Tawon madu, ngisep sekar
Dadi guru, kudu sabar. - Ngasah arit, nganti landhep
Dadi murid, kudu sregep.
b. Kang mawa etungan: (4 wanda + 8 wanda) × 2
- Kembang mlathi, ganda arum warna peni
Watak putri, kudu gemi lan nastiti. - Kembang mawar, ganda arum ngambar-ambar
Ati bingar, aja mung yen nampa bayar. - Tawon madu ngisep sari kembang jambu
Aja nesu, lamun tinuding luputmu.
c. Kang mawa etungan: (8 wanda + 8 wanda) × 2
- Biyang Surip tuku klobot,
pethuk encik tawa roti.
Uwong urip pancen abot,
mula kudu ngati-ati. - Yen kembang kembang cepaka,
dudu kembang arum dalu.
Mumpung sira isih mudha,
den asregep ngudi ngelmu.
Mbs-3- 75
Guritan iku golongane tembang utawa lelagon kang mawa purwakanthi guru swara, Sing akeh awujud lelagon dolanan.
Tuladha:
- Sun nggegurit:
kaanan jaman saiki,
srawung sarwa ngati-ati.
sipat pemudha pemudhi,
srawunge saya andadi,
raket wewekani sepi,
tan kadi duk jaman nguni,
- Te kate dipanah
dipanah ngisor gelagah
ana manuk ondhe-ondhe
mbok sri bombok mbok sri kate
mbok sri bombok mbok sri kate
18. Prenesan utawa blenderan
Wong pawe prenesan iku karepe mung kanggo geguyon, kanggo nggrecok kanca, kala mangsa banjur ngemu surasa sembrana parikena.
Tuladha:
- Puluh-puluh-kowe, Yu, sing luput !
Dadine prenesan: Puluh-puluh dadi rong puluh, Yu, selikur kowe ! - Wah, bocah kuwi nyolong pethek, Iho !
Dadine prenesan: Wah bocah kuwi nyolong pethel sasangkal-sangkale!
3. Jamune legi. Ning isih kalah karo Pasar Legi.
19. Pepindhan
Ukara utawa unen-unen kang nyebutake samubarang mawa dipindhakake. Dhapukaning ukara lumrahe nganggo tembung: kadya, kaya, lir, pendah, pindha, lan tembung-tembung liyane sing tegese kaya. [ 77 ]Tuladha:
a. Kang kanggo ing paguneman lumrah:
1. Anggepe kaya priyayi.
2. Kecute kaya asem.
3. Paite kaya bratawali.
4. Ambune kaya bathang.
5. Ambane kaya segara.
b. Kanggo ing paribasan:
1. Car-cor kaya wong kurang janganan.
2. Kaya klinthing disampar kucing
3. Kaya kethek ditulup.
4. Kaya mimi lan mintuna.
5. Dikempit kaya wade.
c. Kang kanggo ana ing padhalangan utawa ing layang-layang wacan:
1. Untabing wadha bala kadya samodra kinebur.
2. Busanane maneka warna kadya sekar ing udyana.
3. Suraking wadya bala kaya ampuhan.
4. Anyles raosing manah kados siniram ing toya sawindu.
5. Endahe sang pinanganten kekalih kaya Kamajaya lan Ratih.
6. Dhasar satriya bagus rinengga ing busana, sasat Sang Hyang Asmara angejawantah.
7. Wanodya nedheng diwasa ayu ing warni, rinengga ing busana amimbuhi raras aruming netya, kadi murca lamun kinedhepna.
20. Candra
Candra iku gegambarane kaanan, lumrahe kaanan kang endah.
Lumrahe nganggo dhapukane ukara pepindhan.
Tuladha:
a. Candra perangane awak, rinumpaka ing tembang Asmaradana:
1. Dhasare putri linuwih,
susila tyase ngumala,
yen cinandra suwarnane,
slira srenteg ngawak dara,
pamulu lir sasangka,
rema memak ngembang bakung,
sesinome micis wutah.
- Larapan nyela cendhani,
imba ananggal sapisan,
kekincange nggiwangake,
ibing tumenga ing tawang,
netra ndamar kanginan,
liringe weh wayang wuyung,
mblalak kocak lir mutyara. - Grana ngrungih ngudhup mlathi,
pindha kencana pinatar,
ngudhup turi kekeninge,
nyangkal putung uwangira,
lathi manggis karengat,
eseme apait madu,
waja sinisig nglar kombang. - Pamekak anawon kemit,
pamidhangan anrajumas,
anglunging gadhung janggane,
pepoconge manjang ilang,
wentis angembang pudhak,
racikan merit angrayung,
asta nggendhewa pinenthang.
b. Candraning solah bawa utawa tindak tanduk:
- Lembeyane mblarak sempal.
- Paguting tingal gapyuk lir kupu atarung.
- Tandange lir sima antuk bayangan.
- Sowane Raden Arjuna repepeh-repepeh kadi sata manggih krama.
- Pangamuke kaya bantheng ketaton.
c. Candraning alam
Sakathahing lelangen sauruting margi ingkang kelangkungan tindakipun Prabu Kresna, semunipun sami prihatos. Ebahipun
78 [ 79 ]godhonging wit waringin semunipun kados janma anandhang sungkawa. Pucaking gapura emperipun kados angajeng-ajeng enggala rawuhipun Prabu Kresna. Bahuning gapura esthinipun kados badhe anyembah ingkang nembe rawuh.
d. Candraning mangsa
1. Sotya murca ing embanan: mangsa kapisan, wit-witan padha brindhil.
2. Bantala rengka: mangsa kapindho, lemah-lemah padha nela.
3. Suta manut ing bapa: mangsa katelu, wit gembili padha wiwit mrambat.
4. Waspa kumembeng jroning kalbu: mangsa kapat, pepet sumber.
5. Pancuran emas sumawur ing jagat: mangsa kalima, wiwit ana udan deres.
6. Rasa mulya kasucian: mangsa kanem, akeh woh-wohan enak.
7. Wisa kentar ing maruta: mangsa kapitu, akeh lelara.
8. Anjrah jroning kayun: mangsa kawolu, kucing pada gandhik.
9. Wedharing wacana mulya: mangsa kasanga, garengpung padha muni.
10. Gedhong minep jroning kalbu: mangsa kasepuluh, akeh manuk padha ngendhog.
11. Sotya sinarawedi: mangsa kasewelas, akeh manuk padha ngloloh.
12. Tirta sah saking sasana: mangsa karolas, wong-wong padha kringeten marga bedhidhing.
21. Lambang
Bab iki wis kapacak ana ing Wulangan 2.
22. Candra sangkala utawa Sengkalan
Bab iki wis kapacak ana ing Wulangan 3.
23. Sandi asma
Jeneng kang pamacake ora melok, sinamar ana ing sajroning rumpakan. [ 80 ]Tuladha:
Lir brantaning reksiwira,
micara reh sadubudi,
marsudi mrih dipaning tyas,
memenget mring pra taruni,
wit jroning jaman mangkin,
keh rubeda sumarawung,
yen limut rasikeng tyas.
korup ing reh karya sisip,
temah sirna talering titah utama.
24. Tembang Macapat
Tembang Macapat kawengku ing guru gatra, guru wilangan, lan
dhong-dhing utawa guru lagu.
Guru gatra = cacahing gatra saben sapada tembang.
Guru wilangan = cacahing tembung ing saben sagatra.
Dhong-dhing = tibaning swara ing saben pungkasaning gatra.
Tuladha:
Mijil: Guru gatra: 6
Guru wilangan lan dhong-dhing: 10i, 60, 10e, 10i, 6i, 6u.
Ngibarate lir duryan neng uwit,
nanging maksih anom,
yen pinenek angel pangundhuhe,
dupi kena tan enak binukti,
tiwas anderpati,
wekasan tan urup.
Tembang Macapat ana 11 iji, yaiku:
1. Maskumambang : 121, 6a, 8i, 8a.
2. Pocung : 12u, 6a, 8i, 12a.
3. Gambuh : 7u, 10u, 12i, 8u, 80.
4. Megatruh : 12u, 8i, 8u, 8i, 80.
5. Mijil : 10i, 60, 10e, 10i, 6i, 6u.
6. Kinanthi : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.
7. Durma : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i.
8. Pangkur : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.
9. Asmaradana : 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a.
10. Sinom : 8a, 8i, 8a, 8a, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a.
11. Dhandhanggula : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.
25. Isbat
Ukara pepindhan ngemot piwulang (ngelmu) tuwa, ngelmu bab
kasampurnaning pati.
Tuladha:
1. Kodhok ngemuli lenge.
Tegese, manungsa iku jiwane kudu bisa ngereh utawa rumeksa
marang ragane. Sukma kudu bisa rumeksa marang badan-
wadhage, supaya ing tembe samangsa mati bisaa mati kang sam-
purna.
2. Golekana tapake kuntul nglayang.
Tegese, ngertia marang keplasing nyawa. Wong mati iku me-
nyang ngendi keplasing nyawane ?
26. Suluk
Tegese suluk ana rong werna, yaiku:
a. Layang tembang kang ngemot piwulang (ngelmu) gaib.
b. Kekidungane dhalang nalika arep nyritakake (ngucapake)
wayang.
Tuladha:
a. Layang tembang kang ngemot ngelmu gaib:
1. Maskumambang:
Batur tukon lamun nrima masthi dadi,
ing kamardikannya,
nadyan wong mardika yekti,
yen loba dadi kawula.
2. Gambuh:
Dene praptane lampus,
wewarahe pra wiku kang putus,
pawartane watara kurang tri sasi,
Mbs-3- 81
aber berawaning batos.
b. Kekidungane dhalang nalika arep nyritakake wayang:
1. Suluk ada-ada Hastakuswala laras cilik. Kartamarma nyembah banjur metu dhawuh marang para prajurit.Mundur Sang Kartamarma, ondhang ing pra wadya samya sanega,umyung ramya swarane bendhe beri, gubar gurnang kalawan, puksur tambur myang suling pepandhen daludag, bandhera muwah kakandha warna-warna, pindha jaladhiyan, O-, asri kawuryan.
2. Suluk pathet sangat wantah:
Sansaya dalu araras abyor kang lintang kumedhap, titi sonya tengah wengi lumrang gandaning puspita, O karengyaning pudyanira, O Sang dwijawara mbrengengeng, lir swaraning madubranta, O-
3. Sulukan sendhon tlutur:
O, Surem-surem diwangkara kingkin, lir manguswa kang layon, O, denya ilang ingkang memanise, wadananira layu, kumel kucem rahnya maratani, O, E, marang sariranipun, meles dening ludira kawangwang, gegana bang sumirat, O--
82 [ 83 ]
Mbs-3- 83
Sing diarani Kapustakan Jawa iku sakabehing buku-buku crita lan dongeng kang abasa Jawa. Manut nom tuwane, Kapustakan Jawakaperang dadi telung perangan, yaiku: Kapustakan Jawa Kuna, Kapustakan Jawa Tengahan, lan Kapustakan Jawa Anyar.
I. Kapustakan Jawa Kuna: ...... — taun 1400
Basane | : | Jawa Kuna |
Pusere | : | Tanah Jawa Wetan |
Moncer-moncere | : | Jaman Kediri |
Tembange | : | Kekawin |
Tuladha:
1. Ramayana
Basane Jawa Kuna, dhapukane kekawin. Sing ngarang ora kasumurupan. Dikarang nalika jumenenge Prabu Dyah Balitung, ratu agung kang nguwasani Jawa Tengah lan Jawa Wetan kira-kira ing taun 880 — 892 Masehi.
Buku Ramayana nyritakake lêlakone Prabu Rama lan ingkang garwa Dewi Sinta.
2. Mahabarata
Sing ngarang ora kasumurupan. Dikarang kira-kira ing jaman sugenge Prabu Darmawangsa. Dhapukane gancar. Critane dawa banget, nyritakake lelakone Pandhawa lan Kurawa.
Buku iki ana 18 parwa, utawa 18 jilid. Mula, buku Mahabarata uga diarani buku Astha Dasa Parwa.
3. Arjunawiwaha
Dhapukane kekawin. Sing nggubah Empu Kanwa, nalika jaman jumenenge Prabu Erlangga (taun 1019 — 1042 Masehi).
Buku iki nyritakake lelakone Sang Arjuna nalika tapa ana ing Gunung Indrakila, lan banjur disraya dewa mateni ratu buta jenenge Sang Niwatakawaca.
[ 86 ]4. Kresnayana
Dhapukane kekawin. Sing yasa Empu Triguna, nalika jume- nenge Prabu Warsajaya ing Kediri (taun 1104 Masehi). Buku iki nyritakake lelakone Prabu Kresna nalika mlayokake Dewi Rukmini.. Dadine crita saiki, dadi lakon Kresna Kembang utawa Narayana Maling.
5. Bharatayudha
Dhapukane kekawin. Sing nggubah Empu Sedah karo Empu Panuluh (taun 1157 Masehi), nalika jaman jumenenge Prabu Jayabaya ing Kediri (taun 1135 - 1157 Masehi). Buku iki nyritakake perange Pandhawa lan Kurawa.
6. Wrettasancaya
Dhapukane kekawin, sing ngarang Empu Tan-akung. Isine piwu- lang bab tembang gedhe (kekawin), jenenge lan sarat-sarate.
7. Negarakertagama.
Sing ngarang Empu Prapanca dhek taun 1365 Masehi. Dhapuk- ane kèkawin. Isine nyritakake kaanane Kraton Majapahit, nalika jumenenge Prabu Hayam Wuruk, ratu agung ing tanah Jawa kang jumeneng ing tahun 1350 - 1389 Masehi. Buku iki uga nyritakake tindake Prabu Hayam Wuruk menyang tanah Blambangan. Lan, uga nyritakake bab sejarah, slametan, sarta pranatan negara liya-liyane.
8. Sutasoma
Dhapukane kekawin. Sing ndhapuk Empu Tan Tular, nalika jaman jumenenge Prabu Hayam Wuruk. Nyritakake lelakone Raden Sutasoma, titising Sang Hyang Bud- dha.
II. Kapustakan Jawa Tengahan: taun 1400 - taun 1750
Basane | : | Jawa Tengahan |
Pusere | : | Tanah Jawa Wetan lan Bali, sarta tanah Jawa Tengah |
Tembange | : | Kidung |
86 [ 87 ]Tuladha:
1. Tantu Panggelaran
Sing ngarang ora kasumurupan. Dhapukane gancar. Isine dongeng warna-warna. Upamane dongenge nalika Bathara Guru utusan para dewa ngusung Gunung Semeru saka tanah In- dhu menyang tanah Jawa..
2. Calon-arang
Dhapukane gancar. Sing ngarang ora kasumurupan. Nyritakake rekadayane Empu Baradah, nyirep pageblug sing tuwuh saka pokal gawene Calon-arang randha ing desa Girah. Kelakone crita nalika jaman jumenenge Prabu Erlangga.
3. Tantri Kamandaka
Dhapukane gancar, sing ngarang ora kasumurupan. Buku iki nyritakake dongeng kewan. Babone crita iki buku Pancatantra, buku abasa Sansekerta crita tanah Indhu. Buku Tantri Kamandaka dadi babone crita-crita Jawa Anyar, upamane crita Anglingdarma.
4. Pararaton
Sing ngarang ora kasumurupan. Dhapukane uga gancar. Perangan ngarep nyritakake Ken Arok, wiwit lair nganti mati. Perangan buri nyritakake Raden Wijaya wiwit lolose saka Singa- sari nganti tekan anggone yasa lan banjur jumeneng nata ana ing Kraton Majapahit.
5. Sri Tanjung
Sing ngarang ora kasumurupan. Dhapukane kidung. Isine nyri- takake riwayate Raden Sidapaksa suwita marang Prabu Sulakra- ma ratu ing negara Sindureja. Raden Sidapaksa krama entuk Sri Tanjung, wayahe Bagawan Tambapetra, ing desa Prangalas.
III. Kapustakan Jawa Anyar: taun 1750- taun . . . .
Basane | : | Basa Jawa Anyar |
Pusere | : | Tanah Jawa Tengah |
Mbs-3- 87
Tembange : tembang gedhe, tembang tengahan, tembang macapat, lan wiwit thukul puisi gagrak anyar.
Tuladha:
1. Suluk Wujil
Dhapukane tembang: tembang gedhe lan macapat. Sing ngarang ora kasumurupan.Isine piwulange Sunan Bonang marang Wujil, wong bajang tilas abdine ratu Majapahit.
2. Serat Niti Sruti
Awujud tembang Dhandhanggula 92 pada. Sing yasa Pangeran Karanggayam ing Pajang marga dhawuhe Pangeran Seda Krapyak ing Kuthagedhe. Isine piwulang warna-warna, kayata bab laku-lakune wong ngawula, tuntunan marang sing padha nyekel paprentahan lan sapanunggalane.
3. Serat Menak
Nyritakake lelakone Wong Agung Menak, putra bupati ing Mekah, wiwit nyuwita menyang Madayin nganti neluk-nelukake ing ngendi-endi.
Sing ngarang Carik Narawita, marga dhawuhe Sinuwun Paku Buwana I ing Kartasura.
4. Serat Pranacitra
Dhapukane awujud tembang macapat. Sing yasa Raden Atmadikara ing Surakarta (taun 1866), atas dhawuhe Sinuwun Paku Buwana V.
Isine critane Pranacitra karo Rara Mendut, putri boyongan saka Pathi sing digarwa Tumenggung Wiraguna ing Mataram.
5. Serat Rama
Dhapukane awujud tembang macapat. Jarwan saka buku kuna abasa Jawa Kuna. Sing njarwakake R. Ng. Yasadipura I, pujangga Surakarta jaman jumenenge ingkang Sinuwun Paku Buwana III lan IV.
Isine nyritakake lelakone Prabu Rama lan garwane Dewi Sinta. [ 89 ]6. Serat Bratayuda
Jarwan saka buku kuna abasa Jawa Kuna. Sing njarwakake R.Ng. Yasadipura I. Dhapukane awujud tembang macapat. Isine nyritakake perange Pandhawa karo Kurawa.
7. Babad Giyanti
Dhapukane tembang macapat. Sing yasa R.Ng. Yasadipura I. Isine pecahe Kraton Surakarta dadi Surakarta lan Ngayogyakarta.
8. Arjunasasrabau
Uga diarani Lokapala. Sing ndhapuk R. Ng. Yasadipura II. Dhapukane awujud tembang macapat. Isine crita bab Prabu Harjunasasra ing Maespati.
9. Wicara Keras
Isine dukane Ki Yasadipura II priksa kaanane Kraton Surakarta nalika samana kang sarwa usreg ora tumata. Dhapukane awujud tembang macapat.
10. Wulangreh
Sing ngarang Ingkang Sinuwun Paku Buwana IV. Dhapukane awujud tembang macapat. Isine dadi panuntune wong Jawa anggone padha ngabdi marang Kraton Surakarta.
11. Wulang Sunu
Sing ngarang uga Ingkang Sinuwun Paku Buwana IV. Dhapukane uga tembang macapat. Isine meh padha karo buku Wulangreh.
12. Arjuna Sasra
Crita-asline saka buku Kanda. Sing njarwakake Kyai Sindusastra. Isine crita bab Prabu Harjuna Sasra, lan uga ngemot critane Sugriwa lan Subali. Dhapukane awujud tembang macapat. Buku-buku wayang anggitane Kyai Sindusastra liyane, yaiku: Sumbadra Larung, Parta Krama, Srikandhi Maguru Manah, lan Cekel Waneng Pati.
Mbs-3- 89
Anggitane Kanjeng Pangeran Arya Kusumadilaga. Isine: Sawise kalah main dhadhu, Pandhawa nglakoni ukum sumingkir saka negara sajrone rolas taun. Singidan ana ing Wiratha, si Werkudara dadi jagal, ngenger jagal jenenge Jagal Walakas. Buku-buku anggitane K.P.A. Kusumadilaga liyane yaiku: Linggapura, Semar Mbarang Jantur, lan buku wulangan pedhalangan jenenge Sastra Mirudha.
14. Centhini
Sing ngarang Sinuwun Paku Buwana V. Isine warna-warna. Yaiku: kawruh bab agama, gendhing, beksa, petungan dina becik lan dina ala, bab masakan cara Jawa lan sapanunggalane.
15. Paramayoga
Sing ngarang R. Ng. Ranggawarsita, pujangga dalem Kraton Surakarta. Isine crita bab Nabi Adam sarta turun-turune lan crita wiwitane tanah Jawa dienggoni uwong. Karangane R.Ng. Ranggawarsita liyane, yaiku: Kitab Jitabsara, Kitab Pustaka Raja, Layang Cemporet, Kalatidha, Jaka Lo- dhang lan liya-liyane.
16. Tatacara
Sing ngarang Ki Padmasusastra, dhapukane gancar. Isine kawruh bab tatacara adat bebrayan Jawa. Karangane Ki Padmasusastra liyane, yaiku: Paramabasa, Warnabasa, Pathi basa, Subasita, Rangsang Tuban, Kancil tanpa sekar, Urap Sari, lan liya-linyane.
17. Wedhatama
Sing ngarang K.G.P.A.A Mangkunegara IV. Dhapukane tembang macapat. Isine piwulang karohanen lan kaprajan. Anggitane K.G.P.A.A. Mangkunegara IV liyane, yaiku: Warayagnya, Wirawiyata, Paliatma, Darmalaksita, Tripama.
18. Babad Mangir.
Gancar. Sing nganggit R.Ng. Suradipura. Isine: Pambalelane Ki Ageng Mangir marang Panembahan Senapati, bisa kapikut. Buku anggitan Suradipura liyane: Tembung Andupara, Do-
90 [ 91 ]ngeng Warna-warni, Slisir Mareng Tenggereng, Jaka Lodhang, Bedhahipun Kraton ing Nagari Surakarta.
19. Pathi Centhini
Sing nganggit Ki Mangunwijaya. Isine piwulang warna-warna. Anggitane Ki Mangunwijaya liyane, yaiku: Tri Laksita, Gita Gati, Purwakanthi, Kridhatmaka, Asmara Laya, Prasida Jati.
20. Sakuntala
Gancar. Sing nganggit R.M. Sasrasuganda. Isine critane Sakuntala dhaup karo Prabu Dusyanta ratu ing nagara Astina, banjur nurunake Prabu Barata kang banjur nurunake Pandhawa lan Kurawa.
Buku-buku anggitane R.M. Sasrasuganda liyane, yaiku: Yudagama lan Bausastra Jawi.
21. Jarot
Layang Jarot ana rong jilid, jilid 1 lan jilid 2. Dhapukane gancar. Sing ngarang K.R.T. Yasawidagda. Isine nyritakake lelakone Jarot, bocah Sala ditinggal mati embokne, nusul bapakne menyang Jakarta (Betawi), sadalan-dalan suka tetulung marangwong kang karibetan, wusana nemu kamulyan. Buku-buku anggitane K.R.T. Yasawidagda liyane, yaiku: Peksi Glathik, Kraton Pohan, Mitra Darma, Purasani, Kirti Njunjung Drajad, Ni Wungkuk ing Bendhagrowong, Bocah Mangkunegaran, Pethi Wasiyat.
22. Riyanta
Sing ngarang R.B. Sulardi. Gancar. Isine nyritakake lelakone R.B. Riyanta putrane Pangeran Natasewaya ing Surakarta, dhaup karo Raden Ajeng Srini. Buku-buku karangane R.B. Sulardi liyane, yaiku: Sarwanta lan Pradangga.
23. Dongeng Jaman Kuna.
Gancar. Sing ngarang M. Pujaharja. Isine dongeng jaman kuna. Buku-buku liyane karangane M. Pujaharja yaiku: Empol Empil, Tilarsa.
Mbs-3-91
24. Ngulandara
Gancar. Sing ngarang R.M. Margana Jayaatmaja. Isine critane Rapingun (jeneng samaran), ninggal rama ibune ing Kutha Sala perlu ngulandara golek undhaking sesurupan. Rapingun krama entuk Raden Ajeng Supartinah.
25. Abimanyu
Tembang. Sing ngarang Sukir. Isine crita bab kereme Abimanyu, putrane Raden Janaka.
26. Pathokan Nyekaraken
Gancar. Kawruh bab tembang macapat. Sing ngarang Harjawiraga. Buku-buku liyane karangan Harjawiraga yaiku: Sri Kuning, Ketliweng Bareng, Negara Mirasa, Dhendhaning Angkara.
— Mbs (Mardi Basa lan Sastra) Jilid 1, 2, 3.
— Kunci Mbs Jilid 1, 2, 3.
— MAJ (Memetri Aksara Jawi)
— Triwi (Memetri Basa Jawi)
— Sinura (Sinau Nulis lan Maca Aksara Jawa) Jilid 1, 2, 3.
— Siwi (Sinau Basa Jawi) Jilid 1, 2, 3.
— Saswi (Sinau Kasusastran Jawi) Jilid 1, 2, 3.
— Trasaswi (Piwulang Paramasastra lan Kasusastran Jawi).
— Sanloka (Kumpulan Paribasan lan Saloka).
— Pasutran (Paramasastra lan Kasusastran/Pitakon Sarta Wangsulan).
— Saring (Sarwo Ringkes/Piwulang Paramasastra Jawi).
— Cekak Aos (Paugeran Trapsilaning Basa Ing Pasrawungan).
— Bhinneka (Aneka Bacaan Bahasa Daerah /Bahasa Jawa).
— Mustikawi (Mustika Basa lan Sastra Jawi) Jilid 1, 2, 3.
— Tranwi (Kasusastran Jawi).
— Evada (Evaluasi Bahasa Daerah).
— Keswi (Reringkesaning Paramasastra Jawi).
— Kumwa (Kumpulan Kawruh Basa Jawa).
— Dan lain-lain