Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Tembung ing ngisor iki gawenen ukara kang luwes !

  1. sepasar
  2. nyepasari
  3. sepasaran
  4. pasaran
  5. pasar

  1. taun
  2. setaun
  3. nyetauni
  4. naun
  5. mataun-taun

C. Tembung sing cap-capane dhoyeng ing ukara-ukara ngisor iki ora mapan anggone. Mara salinana sing trep !

  1. Entenana, aku dak ganti klambi !
  2. Regane beras wuluh karo beras putih iku akeh bedane.
  3. Lemarine ora bisa dikunci.
  4. Lawange tutupen!
  5. Aku lagi diutus Ibu nata lemari.
  6. Koran iki paringna Pakdhe !
  7. Ditunggu nganti rong jam kok ora teka-teka.
  8. Olehku tuku Rp 100,00, mula uga gentinen Rp 100, 00.
  9. Bab sangu uga wis dakpikirake

D. Mengko dak ka teks, saiki dakblabari dhisik sithik-sithik. Tembung sithik-sithik iku asale saka tembung sithik. Dadine sithik-sithik sarana dirangkep. Mula, rimbage diarani rimbag rangkepan.
Manut wujude rimbag jaban iku ana werna telu. Yaiku :
a. dwipurwa (rangkep wandane kang ngarep), upamane: tetuku, pepeteng.
b. dwilingga (rangkep linggane), upamane: ala-ala, bola-bali, pringas-pringis.
c. dwiwasana (rangkep iwaatlane pungkasan), upamane: celuluk, cekikik.
Tembung-tembung dwipurwa, dwilingga, lan dwiwasana iki gawenen ukara kang luwes !

  1. tetenger
  2. leluhur
  3. sesorah

  1. gedhe-gedhe
  2. tokan-takon
  3. takon-takon

  1. jelalat
  2. jedhodhot
  3. cekakak

Mbs-3-21