Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Samana lampahe wadya bala wus prapteng tepis wiringing tegal Kuru.
  2. Gya kendel yasa tendha kinarya makuwon, nulya ngleremaken sarira.


B. Bengingehing kuda pangempreting dwipangga .......
”Kuda” lan “dwipangga” kuwi tembung kawi. Tembunge saiki: jaran lan gajah.
Mara tembung-tembung kawi iki golekana tembunge saiki !

  1. kukila
  2. rewanda
  3. turangga
  4. sardula
  5. sarpa

  1. mina
  2. sona
  3. kisma
  4. wisma
  5. maruta

  1. narmada
  2. jaladri
  3. kartika
  4. sasangka
  5. diwangkara


C. "Wadya bala” kuwi jenenge tembung saroja.
Tembung-tembung iki dadekna tembung saroja, banjur gawenen ukara !

  1. was..............
  2. owah..............
  3. sayuk..............
  4. bagas..............
  5. lara..............

  1. ayem..............
  2. karta..............
  3. tukar..............
  4. papa..............
  5. sapa..............


D.Tuladha.
a.Ukara lamba: 1. Raden Wekudara mbudhalake wadya.
       2. Astane kumlawe ngabani.
b. Ukara rowa: Raden Werkudara mbudhalake wadya, astane kumlawe ngabani.
Ukara-ukara iki endi sing ukara lamba lan endi sing ukara rowa?

  1. Sawahku amba, lemahe eloh,
  2. Martini angkuh.
  3. Martini digething kanca-kancane.
  4. Awakku prindang-prinding, kringetku gemrobyos.
  5. Srini nangis, atine ngondhok-ondhok.


Mbs-3- 29