Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ing wasana mugi para rawuh kepareng lelenggahan ingkang sekeca ngantos saparipurnaning pasamuwan, sinambi ngemataken cariyos Lairipun Abimanyu ingkang badhe kabeber panjenenganipun Ki Dhalang Gunacarita. Wondene punapa ingkang sampun lumados sumangga keparenga dipun unjuk kagem jampi salit sawatawis.
Nuwun!


B. Wangsulana kang patitis abasa krama!

  1. Sing kagungan kersa iku sapa?
  2. Kagungan kersa apa ?
  3. Jenenge jabang bayi sapa? Mengku panyuwunan apa ?
  4. Pahargyan kuwi nganggo nanggap wayang lakon apa ?
  5. Abimanyu iku putrane sapa ?


III. Kawruh basa

A. Ceceg-ceceg iki isenana tembung kang cumawis ing ngisor, pilihen sing cocog !

  1. Ibu .... ana ing daleme Bulik Citra sing lagi nyepasari putrane.
  2. Mbah Karsa tilar donya, ayo padha ....
  3. Mbeneri "Hari Pahlawan" murid-murid padha .... menyang "Taman Makam Pahlawan".
  4. Bubar ujian bocah-bocah padha ....
  5. Sang Prabu namur laku, tindak .... njajah desa milang kori.
  6. Gendhon .... tanpa pamit, gawe bingunge wong saomah.
  7. Prabu Nala lan ingkang rayi Dewi Damayanti .... nilar praja, jalaran kalah anggone kesukan main dhadhu.
  8. Kae lho ana tawon...... pasangana glodhog.
  9. Jam setengah lima esuk aku wis tangi, banjur......
  10. Martana menyang Surabaya.......bulike.
  11. a. lunga
    b. ngumbara
    c. minggat
    d. mlaku-mlaku
    e. tilik

    f. lelana
    g. darmawisata
    h. jiarah
    i. layat
    j. jagong


20