Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Crita (Roman): Crita karangan kang nyritakake lelakon kang bisa uga kelakon ing masarakat. Upamane: Serat Riyanta, Ngulandara, Rangsang Tuban.
  2. Jangka: Isi weca kaanan kang bakal kelakon. Upamane: Jangka Jaka Lodhang.
  3. Rumpakan: a. Isi panyandra, upamane: Rerepen
    b. Isi pitutur, upamane: Wedhatama, Wulangreh, Tripama.

V. Karangan

Gawea layang marang embahmu, isine: bubar EBTA kowe karo kancamu bocah lima arep sowan embah. Kowe lan kanca-kancamu kepengin ngleremake pikiran ana ing pagunungan, ngiras ngematake endahing alam.

Penget

Perangane layang kiriman yaiku: adawiyah, bebuka (satata basa), isi (surasa basa), panutup (wasana basa), papan lan titimangsa, peprenah, tapak asta, asma terang.

VI. Maca lan nulis aksara Jawa

Wacanen banjur turunen !

꧋ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ꧉

꧋ꦝꦸꦃꦢꦺꦮꦝꦸꦃꦗꦮꦠꦒꦸꦁ꧈

ꦠꦶꦔꦭ꧀ꦭꦤꦱꦺꦴꦭꦃꦩꦩꦶ꧈

ꦱꦺꦮꦸꦭꦫꦱꦺꦮꦸꦧꦿꦺꦴꦁꦠ꧈

ꦠꦤ꧀ꦲꦤꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁꦔꦶꦁꦩꦩꦶ꧈

Mbs-3-63