Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 4


I. A. Pacelathon

Tindakna !

Serat Kabar


Dibya : "Pak, punika Kompasipun !"
Bapak : "Lho, apa kowe tuku kompas ?"
Dibya: "Rak sampun dangu ta, Pak !"
Bapak : "Bapak durung priksa ki, gek arep nyang ngendi ta

Dib, thik nggawa kompas kuwi?"

Dibya : "Saweg dhateng kok, Pak, lajeng kula waos pang-

genan crita".

Bapak : "Kompas, Kompas,. . .. . . . . . Kompas apa ta

kuwi, kok diwaca ki ?"

Dibya : "Punika lho, Pak. Tiyang sampun dangu anggenipun

lengganan saben wulan dipun trgih ngaten kok !"

Bapak : "Apa tumon! Bapak ki rak lagi mudheng, Dib!"
Dibya : "Dospundi ta, Pak ?"
Bapak : "Dakarani ki rak kompas sing kanggo nuduhake lor

kidul kae. Tibake ki layang kabar Kompas ngono, ta ?"

Dibya: "Inggih, Pak, hari warti Kompas".
Bapak: "Panyebar Semangate durung teka ta, Dib?"
Dibya: "Benjing Sabtu ngaten. Bapak ki ngetes aku sajake!"
Bapak : "O, Bapak lali kok, Dib. Dakkira iki mau rak wis

wayahe teka Panyebar Semangat".

Dibya: "Panyebar Semangat punika rak minggon, Pak. E,

kala warti kok !"

Bapak : "Wah, pinter kowe, Dib! Klas telu rak diwulang Basa

Jawa ta, Le ?"

Dibya: "Inggih, Pak. Mila punika, kula badhe tes semesteran,

ngiras ngapilaken, kok, Pak".


Mbs-3- 33