Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

a. sarakit
b. sacandhik
c. sapangadeg
d. salirang
e. sajodho
f. sekaliyan

g. satangkep
h. saprangkat
i. sawuwungan
j. sajanjang
k. sapetarangan
l. sabrayat

C. Tembung njeron kurung rimbagen murih cocog karo ukarane !

  1. Anake kang (gulu) sekolah ana ing Bandhung.
  2. Yen sinau sing mugen, aja disambi (guyu).
  3. Suguhane (banyu mili).
  4. Tangi gregah nyandhak sapu (sapu) latare.
  5. Pak Guru nembang sagatra-sagatra, bocah-bocah didhawuhi (tiru).
  6. Sesuk, yen durung (ampir) aja mangkat dhisik ya, Tar !
  7. Petruk dadi abdi (kasih), amarga bisa-ngepek penggalihe bendarane.
  8. Ranta kae watake pancen (gedhe).
  9. Yen sela, sesuk sore (dolan) rene ya, Bas !
  10. Adhimu (tari),arep melu apa ora!
  11. Olehe gawe luwangan (jero), nganti metu banyune.
  12. Mungsuhe durung nganti (kringet), Pedro wis tiba glangsaran.
  13. Aku (mangkat) dhisik, mengko kowe nusula !
  14. Ki Cremacarita kae biyen (kendhang), saiki dadi dhalang misuwur.
  15. Yen tlaten anggonmu (tamba), laramu mesthi mari.
  16. Kowe mau rak wis pamit ta, Sri, geneya kok ora (mangkat).

D. Ukara-ukara iki udalen !

  1. Griyanipun sae.
  2. Rasukanipun adhi kula suwek.
  3. Bapakipun kancanipun adhi kula tilar donya.
  4. Pak Kabul nyariyosaken lelampahanipun.
  5. Lampahipun Ariya Salaka nglangkungi wana gung liwang-liwung.

Mbs-3- 61